Ditulis oleh: M. Nuhin (Ketua LDNU Peterongan)
KHUTBAH PERTAMA
الْحَمْدُ لِلَّهِ الَّذِي جَعَلَ شَهْرَ شَعْبَانَ مُقَدِّمَةً لِشَهْرِ رَمَضَانَ. أَشْهَدُ أَنْ لَا إِلَهَ إِلَّا اللهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيكَ لَهُ، وَأَشْهَدُ أَنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ. اللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ أَجْمَعِيْنَ
أَمَّا بَعْدُ، فَيَا عِبَادَ اللهِ، اِتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ وَ قَالَ اللهُ تَعَالَى: إِنَّ اللّٰهَ يَأْمُرُ بِالْعَدْلِ وَالْإِحْسَانِ وَإِيتَاءِ ذِي الْقُرْبَى، وَيَنْهَى عَنِ الْفَحْشَاءِ وَالْمُنْكَرِ وَالْبَغْيِۗ يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُونَ
معاشرالحاضرين رحمكم الله
Alhamdulillahi rabbil ‘alamin. Puji syukur kito aturaken dhumateng Alloh SWT ingkang sampun paring nikmat iman lan Islam. Sholawat lan salam mugi tansah kaparingaken dhumateng Nabi Muhammad SAW, keluarga, para sohabat, lan umatipun ingkang istiqomah dumugi akhir zaman.
Ing dinten ingkang mulyo puniko sumonggo sami ningkataken taqwa kito dhumateng Alloh Subhanahu wa Ta’ala kanthi nindakaken dhawuhipun soho nebihi sedoyo laranganipun. Mugo-Mugo Alloh tansah nuntun kito ing dalan kang lurus.
معاشرالحاضرين رحمكم الله
Sakmeniko kito sampon mlebet wulan Sya’ban, wulan ingkang dipun siapaken Alloh minongko jembatan tumuju Romadhon. Rasululloh SAW paring perhatian khusus dhumateng wulan puniko.
Ing salah satunggaling hadis, Nabi Muhammad SAW ngendika bilih Sya’ban puniko wulan naliko amal-amalipun manungso dipun angkat dhumateng Alloh SWT, lan beliau remen menawi amalipun dipun angkat naliko beliau wonten ing kahanan ibadah.
ذَلِكَ شَهْرٌ يَغْفُلُ النَّاسُ عَنْهُ بَيْنَ رَجَبٍ وَرَمَضَانَ، وَهُوَ شَهْرٌ تُرْفَعُ فِيهِ الْأَعْمَالُ إِلَى رَبِّ الْعَالَمِينَ، فَأُحِبُّ أَنْ يُرْفَعَ عَمَلِي وَأَنَا صَائِمٌ
“Iku wulan kang akeh menungso ngelalaikake, yoiku antarane Rajab lan Romadhon. Ing wulan iku amal-amal diunggahake marang Pangerane Alam Semesta. Mulo aku seneng yen amalku diunggahake naliko aku lagi kahanan poso.” (HR. An-Nasa’i)
Saking hadis meniko, cetho bilih Sya’ban meniko wulan “laporan tahunan” amal kito dhumateng Alloh. Pramila, ampun ngantos kito ngliwati wulan niki kanthi leha-leha.Ugi wulan meniko paring piwulang bilih Sya’ban puniko wekdal muhasabah lan evaluasi diri.
Naliko amal dipun angkat, mboten namung sholat lan poso ingkang dipun nilai, nanging ugi ati lan perilaku kito. Alquran paring tuntunan kanthi cetho, Alloh SWT ngendiko bilih ing dinten kiamat mboten migunani bondho lan anak, kejawi tiyang ingkang sowan dhumateng Alloh kanthi ati ingkang resik.
Ayat puniko maringi pangertosan bilih resikipun ati dados pondasi utama ibadah.
Noto ati tegesipun ngresiki rasa dengki, sengit, lan prasangka ala. Amargi Alquran sampun wanti-wanti supados umat Islam mmboten padha su’udzon, mboten remen nggoleki aib liyan, lan mboten ghibah. Menawi ati kebak rasa ala, sanajan ibadah kathah, nilaine saged entek tanpa kito sadar.
معاشرالحاضرين رحمكم الله
Noto ati mboten saged dipun pisahaken saking noto sesrawungan sosial. Rasulullah SAW nate ngendiko bilih tiyang Muslim sejati puniko tiyang ingkang umat Islam sanesipun slamet saking gangguan lisan lan tangane. Tegesipun, ukuran iman mboten namung katon naliko sujud, nanging ugi naliko kito sesrawungan kaliyan tonggo, sederek, lan masyarakat.
Alloh SWT negesaken bilih kito sedayo meniko setunggal kulawarga ageng:
إِنَّمَا الْمُؤْمِنُونَ إِخْوَةٌ فَأَصْلِحُوا بَيْنَ أَخَوَيْكُمْ ۚ وَاتَّقُوا اللَّهَ لَعَلَّكُمْ تُرْحَمُونَ
“Saktemene tiyang-tiyang mukmin menika sedherek. Pramila saking menika, panjenengan rukunaken antawisipun sedherek panjenengan (ingkang saweg cecongkrahan), lan taqwao panjenengan dhumateng Alloh, supados panjenengan sedoyo dipun paringi rahmat.”QS. Al-Hujurat: 10
Jamaah ingkang dipun muliakaken Alloh,
Muhasabah sejati bakal nglairake empati. Naliko kito sadar kathah dosa lan kekirangan, kito mboten gampil ngadili liyan. Naliko kito paham bilih gesang puniko titipan, kito dados langkung gelem nuduhake lan nulungi.
Rasulullah SAW paring piwulang bilih mboten kalebet golongan mukmin sejati tiyang ingkang wareg piyambak, dene tonggane keluwen. tegesipun iman lan kepedulian sosial puniko siji paket.
Milo, mumpung taksih wulan Sya’ban, monggo sami ndandani ati sadurunge Romadhon rawuh. Sami ndandani hubungan sosial sadurunge kito ngarep-arep ampunan Alloh. Supados Romadhon mboten namung ritual tahunan, nanging dados perubahan nyata ing pribadi lan masyarakat.
Sya’ban niki wekdal ingkang pas kangge nglatih loman (dermawan). Ampun nenggo Romadhon nembe sedekah. Menawi kito kepingin panen ganjaran ingkang kathah ing wulan Romadhon, kito kedah wiwit nandur winih kabecikan ing wulan Sya’ban.
Alloh SWT paring dhawuh wonten ing Al-Qur’an babagan ciri-ciri tiyang ingkang bertaqwa:
وَسَارِعُوا إِلَى مَغْفِرَةٍ مِنْ رَبِّكُمْ وَجَنَّةٍ عَرْضُهَا السَّمَاوَاتُ وَالْأَرْضُ أُعِدَّتْ لِلْمُتَّقِينَ الَّذِينَ يُنْفِقُونَ فِي السَّرَّاءِ وَالضَّرَّاءِ وَالْكَاظِمِينَ الْغَيْظَ وَالْعَافِينَ عَنِ النَّاسِ وَاللَّهُ يُحِبُّ الْمُحْسِنِينَ
“Lan pada gage-gagea siro kabeh marang pangapuro saking Pangeran siro lan suwargo kang ambane selangit lan bumi, kang dicawisake kanggo wong-wong kang taqwa. (Yoiku) wong-wong kang nginfakake (hartane) ing wektu bungah lan ing wektu susah, lan wong-wong kang ngempet hawa nepsu, sarto paring pangapura marang (kesalahan) wong liyo. Lan Alloh iku remen marang wong-wong kang gawe becik.” (QS. Ali Imran: 133-134)
Akhiripun Mugi Alloh SWT paring kekiyatan dhumateng kito sedoyo, saged nglampahi wulan Sya’ban kanthi muhasabah, resikipun ati, lan tambahipun kepedulian sosial. Mugi kito dipun temo aken Romadhon kanthi iman ingkang langkung dewasa lan akhlak ingkang langkung sae.
بَارَكَ اللهُ لِيْ وَلَكُمْ فِي الْقُرْآنِ الْعَظِيْمِ، وَنَفَعَنِيْ وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ اْلآيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ، وَتَقَبَلَّ اللهُ مِنِّيْ وَمِنْكُمْ تِلاَوَتَهُ، إِنَّهُ هُوَ السَّمِيْعُ الْعَلِيْمُ، اَعُوْذُ بِاللهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيْمِ. وَسَارِعُوا إِلَى مَغْفِرَةٍ مِنْ رَبِّكُمْ وَجَنَّةٍ عَرْضُهَا السَّمَاوَاتُ وَالْأَرْضُ أُعِدَّتْ لِلْمُتَّقِينَ, وَاَقُوْلُ قَوْلِى هَذَا وَاسْتَغْفِرُ لِى وَلَكُمْ وَلِوَالِدَيَّ وَلِسَائِرِ اْلمُسْلِمِيْنَ وَاْلمُسْلِمَاتِ فَاسْتَغْفِرْهُ اِنَّهُ هُوَاْلغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ
KHUTBAH KEDUA
اَلْحَمْدُ لِلَّهِ الَّذِي بَلَّغَنَا شَهْرَ شَعْبَانَ، وَجَعَلَهُ مَوْسِمًا لِلتَّأَهُّبِ لِرَمَضَانَ. أَشْهَدُ أَنْ لَا إِلَهَ إِلَّا اللهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيكَ لَهُ، اَلرَّؤُوفُ بِالْعِبَادِ. وَأَشْهَدُ أَنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ، نَبِيُّ الرَّحْمَةِ وَخَيْرُ الْأَنَامِ. اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ أَجْمَعِيْنَ
اَمَّا بَعْدُ، فَيَا عِبَادَ ﷲ، اتَّقُوا اللّٰهَ حَقَّ تُقٰتِهِ وَلَا تَمُوْتُنَّ اِلَّا وَاَنْتُمْ مُّسْلِمُوْنَ. وَاتَّقُوْا النَّارَ وَلَوْ بِشِقِّ تَمْرٍ إِنَّ اللهَ أَمَرَكُمْ بِأَمْرٍ بَدَأَ فِيْهِ بِنَفْسِهِ وَثَنَّى بِمَلَائِكَتِهِ الْمُسَبِّحَةِ بِقُدْسِهِ، وَأَيُّهَا الْمُؤْمِنُوْنَ مِنْ جِنِّهِ وَإِنْسِهِ، فَقَالَ قَوْلًا كَرِيْمًا: اِنَّ اللّٰهَ وَمَلٰئِكَتَهُ يُصَلُّونَ عَلَى النَّبِىِّ، يٰۤـاَيُّهَا الَّذِينَ اٰمَنُوا صَلُّوا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيمًا
اَللّٰهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُؤْمِنِيْنَ وَاْلمُؤْمِنَاتِ وَاْلمُسْلِمِيْنَ وَاْلمُسْلِمَاتِ، اَلْأَحْياءِ مِنْهُمْ وَاْلاَمْوَاتِ. اَللَّهُمَّ أَصْلِحْنَا وَأَصْلِحْ أَحْوَالَنَا، وَأَصْلِحْ مَنْ فِي صَلَاحِهِمْ صَلَاحُنَا وَصَلَاحُ الْمُسْلِمِيْنَ، وَأْهْلِكْ مَنْ فِي هَلَاكِهِمْ صَلاحُنَا وَصَلَاحُ الْمُسْلِمِيْنَ، اَللّٰهُمَّ وَحِّدْ صُفُوْفَ الْمُسْلِمِيْنَ، وَارْزُقْنَا وَإِيَّاهُمْ زِيَادَةَ التَّقْوَى وَالْإِيْمَانِ
اَللّٰهُمَّ ادْفَعْ عَنَّا اْلبَلاَءَ وَاْلوَبَاءَ وَالزَّلاَزِلَ وَاْلمِحَنَ وَسُوْءَ اْلفِتَنِ مَا ظَهَرَ مِنْهَا وَمَا بَطَنَ عَنْ بَلَدِنَا إِنْدُونِيْسِيَّا خآصَّةً وَسَائِرِ بُلْدَانِ اْلمُسْلِمِيْنَ عامَّةً يَا رَبَّ اْلعَالَمِيْنَ، اَللّٰهُمَّ أَرِنَا الْحَقَّ حَقًّا وَارْزُقْنَا اتِّبَاعَهُ وَأَرِنَا الْبَاطِلَ بَاطِلًا وَارْزُقْنَا اجْتِنَابَهُ. رَبَّنَا آتِناَ فِى الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِى اْلآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ. وَاَلْحَمْدُ لِلّٰهِ رَبِّ الْعٰلَمِيْنَ
عٍبَادَ اللهِ، إِنَّ اللهَ يَأْمُرُ بِاْلعَدْلِ وَاْلإِحْسَانِ وَإِيْتاءِ ذِي اْلقُرْبىَ وَيَنْهَى عَنِ اْلفَحْشاءِ وَاْلمُنْكَرِ وَاْلبَغْيِ يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ، وَاذْكُرُوا اللهَ اْلعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ، وَاشْكُرُوْهُ عَلىَ نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ، وَلَذِكْرُ اللهِ أَكْبَرُ
