Khutbah Jumat Bahasa Jawa: “Cobaan, Peringatan, Lan Rahmat Gusti”

Ditulis oleh: M. Nuhin (ketua LDNU Peterongan)

KHUTBAH PERTAMA

اَلْحَمْدُ لِلّٰهِ الَّذِيْ يَبْتَلِي عِبَادَهُ لِيُقَرِّبَهُمْ، وَيُنَبِّهُهُمْ لِأَخْطَائِهِمْ، وَيَفْتَحُ لَهُمْ أَبْوَابَ التَّوْبَةِ وَالرَّحْمَةِ. نَحْمَدُهُ حَمْدًا يَلِيْقُ بِجَلَالِهِ، وَنَسْتَهْدِيْهِ وَنَسْتَغْفِرُهُ، وَنَعُوذُ بِاللّٰهِ مِنْ شُرُوْرِ أَنْفُسِنَا وَسَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا ، أَشْهَدُ أَنْ لَا إِلٰهَ إِلَّا الله وَحْدَهُ لَاشَرِيْكَ لَهُ الْمَلِكُ الْحَقُّ اْلمُبِيْن. وَأَشْهَدُ أَنَّ سَيِّدَنَا مُحَـمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ صادِقُ الْوَعْدِ اْلأَمِيْن

أَمَّا بَعْدُ، فَيَا أَيُّهَا الْحَاضِرُوْنَ اِتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوْتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ. فَقَالَ اللهُ تَعَالَى : وَمَا أَصَابَكُمْ مِنْ مُصِيبَةٍ فَبِمَا كَسَبَتْ أَيْدِيكُمْ وَيَعْفُو عَنْ كَثِيرٍ اَمَّا بَعْدُ

معاشرالحاضرين رحمكم الله

Monggo kulo lan panjenengan sami, tansah ngaturaken syukur dumateng Gusti Alloh SWT. Alhamdulillah, dinten niki kito saget kumpul malih kanti sehat lan iman.

Salajengipun, kulo ngajak dhumateng Kito sedoyo, manggo sami kito tingkataken taqwa kito dhumateng Alloh. Estu-estu kito taati sedoyo dhawuh-dhawuhipun lan kito tebihi sedoyo awisan-awisanipun. Kanthi taqwa, gesang kito bakal wilujeng lan berkah donya ngantos akhirat.

معاشرالحاضرين رحمكم الله

Kesempatan meniko kulo ngajak panjenengan sami merenung. Kadhangkala cobaan mboten namung minangka ujian kesabaran. Wonten cobaan ingkang wujudipun “peringatan alus” saking Gusti Alloh, supados kita mboten tebih saking dalan kebenaran

Cobi Kito  amati, akhir-akhir meniko, sampun kathah sanget musibah ingkang menimpa sederek-sederek Kito. Wonten tanah longsor, angin lesus, lan ingkang paling ageng, inggih meniko Banjir ingkang kathah menimpa wilayah ing pundi-pundi.

Banjir meniko ngrisak griya , ndadosaken kelangan bandha, lan ngirangi katentreman gesang. Meniko sanes namung cariyos, ananging kanyatan ingkang kedah Kito tampi lan Kito maknani.

Menawi musibah ageng meniko tumibo, Kito kedah memahami lan mangertosi bilih musibah meniko ujian kesabaran lan ganjaran. 

Kangge sederek-sederek Kito ingkang dados korban musibah, meniko estu-estu ujian kesabaran ingkang abot. Nanging, Gusti Alloh sampun dhawuh bilih panjenenganipun boten bakal paring ujian ingkang nglangkungi saking kekiyatan kawulanipun.

لَا يُكَلِّفُ اللَّهُ نَفْسًا إِلَّا وُسْعَهَا 

Gusti Alloh mboten bakal paring ujian ingkang nglangkungi saking kekiyatan kawulanipun

Menawi panjenenganipun purun sabar, ikhlas, lan tetep eling dhumateng Alloh, Musibah meniko bakal dados pangresik duso lan mengangkat derajat ing Ngarsanipun Gusti Alloh. Kito kedah Husnudzon , sedoyo meniko sampun katamtokaken kanti takdir ingkang paling sae.

معاشرالحاضرين رحمكم الله

Salajengipun, kangge Kito ingkang mboten langsung kena musibah, kedah Kito mangertosi bilih musibah meniko peringatan dhumateng Kito sedoyo sakking Gusti Alloh.

Peringatan dhumateng Lingkungan, Banjir meniko estu-estu paring peringatan bilih alam meniko sampun boten imbang.

Mungkin Kito kekatahen nebang wit, bucal sampah ing lèpen, utawi ngrusak alam ingkang sejatosipun titipan Gusti Alloh.

Musibah ugho dados Peringatan dhumateng Ati, Musibah meniko ndadosaken Kito Introspeksi. Punopo ibadah Kito sampun leres? Punopo silaturahmi Kito tasih kenceng? Punopo Kito sampun siap menawi sewaktu-waktu dipun timbali dening Gusti Alloh?

Gusti Alloh dawuh:

ظَهَرَ ٱلْفَسَادُ فِى ٱلْبَرِّ وَٱلْبَحْرِ بِمَا كَسَبَتْ أَيْدِى ٱلنَّاسِ لِيُذِيقَهُمْ بَعْضَ ٱلَّذِى عَمِلُوا لَعَلَّهُمْ يَرْجِعُونَ 

“Wis ketingal kerisakan ing dharatan lan seganten, sebab saking penggaweanipun tangan manungso. Kagem ndadosaken Panjenenganipun (Alloh) ngicipi sithik saking punopo ingkang sampun Panjenenganipun tindakaken, supados Panjenenganipun sedoyo purun Wangsul (Tobat).” (QS. Ar-Ruum: 41)

Meniko dhawuh ingkang bloko suto sanget. Musibah meniko jalaran saking penggawean Kito. Mangga dipun dadosaken kesempatan kagem wangsul  dhumateng Dalanipun Alloh.

Akhiripun, monggo kito sami sadar lan nggadahi tekad  kanggo luwih nduwé keberanian ngoreksi dhiri, nambani dosa-dosa sing diulang-ulang, ngelingi yèn ketentraman ati ora bakal teka tanpa taubat, nyadari yèn cobaan iku ora tansah hukuman, nanging papan kita sinau dadi luwih bening

Mugi-mugi Alloh SWT paring kekiyatan lan kasembadan dhumateng sedherek sedherek Kito sedoyo kagem ngadhepi ujian meniko.

بَارَكَ اللهُ لِيْ وَلَكُمْ فِي الْقُرْآنِ الْعَظِيْمِ، وَنَفَعَنِيْ وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ اْلآيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ، وَتَقَبَلَّ اللهُ مِنِّيْ وَمِنْكُمْ تِلاَوَتَهُ، إِنَّهُ هُوَ السَّمِيْعُ الْعَلِيْمُ

اَعُوْذُ بِاللهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيْمِالرَّجِيْم ِيَاأَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا قُوا أَنفُسَكُمْ وَأَهْلِيكُمْ نَاراً وَقُودُهَا النَّاسُ وَالْحِجَارَةُ عَلَيْهَا مَلَائِكَةٌ غِلَاظٌ شِدَادٌ لَا يَعْصُونَ اللَّهَ مَا أَمَرَهُمْ وَيَفْعَلُونَ مَا يُؤْمَرُونَ, وَاَقُوْلُ قَوْلِى هَذَا وَاسْتَغْفِرُ لِى وَلَكُمْ وَلِوَالِدَيَّ وَلِسَائِرِ اْلمُسْلِمِيْنَ وَاْلمُسْلِمَاتِ فَاسْتَغْفِرْهُ اِنَّهُ هُوَاْلغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ

KHUTBAH KEDUA

الْحَمْدُ لِلَّهِ حَمْدًا كَثِيرًا طَيِّبًا مُبَارَكًا فِيهِ كَمَا يُحِبُّ رَبُّنَا وَيَرْضَاهُ ، اَشْهَدُ اَنْ لَا اِلٰهَ اِلَّا اللّٰهُ وَحْدَهُ لَاشَرِيْكَ لَهُ اِرْغَامًا لِمَنْ جَحَدَ بِهِ وَ كَفَرَ، وَاَشْهَدُ اَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَ رَسُوْلُهُ سَيِّدُ الْخَلَاِئِقِ وَالْبَشَرِ. اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَ عَلَى اَلِهِ وَ اَصْحَابِهِ وَسَلِّمْ تَسْلِيْمًا كَثِيْراً

اَمَّا بَعْدُ، فَيَا عِبَادَ ﷲ، اتَّقُوا اللّٰهَ حَقَّ تُقٰتِهِ وَلَا تَمُوْتُنَّ اِلَّا وَاَنْتُمْ مُّسْلِمُوْنَ. وَاتَّقُوْا النَّارَ وَلَوْ بِشِقِّ تَمْرٍ   إِنَّ اللهَ أَمَرَكُمْ بِأَمْرٍ بَدَأَ فِيْهِ بِنَفْسِهِ وَثَنَّى بِمَلَائِكَتِهِ الْمُسَبِّحَةِ بِقُدْسِهِ، وَأَيُّهَا الْمُؤْمِنُوْنَ مِنْ جِنِّهِ وَإِنْسِهِ، فَقَالَ قَوْلًا كَرِيْمًا: اِنَّ اللّٰهَ وَمَلٰئِكَتَهُ يُصَلُّونَ عَلَى النَّبِىِّ، يٰۤـاَيُّهَا الَّذِينَ اٰمَنُوا صَلُّوا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيمًا   اَللّٰهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُؤْمِنِيْنَ وَاْلمُؤْمِنَاتِ وَاْلمُسْلِمِيْنَ وَاْلمُسْلِمَاتِ، اَلْأَحْياءِ مِنْهُمْ وَاْلاَمْوَاتِ

اَللَّهُمَّ أَصْلِحْنَا وَأَصْلِحْ أَحْوَالَنَا، وَأَصْلِحْ مَنْ فِي صَلَاحِهِمْ صَلَاحُنَا وَصَلَاحُ الْمُسْلِمِيْنَ، وَأْهْلِكْ مَنْ فِي هَلَاكِهِمْ صَلاحُنَا وَصَلَاحُ الْمُسْلِمِيْنَ، اَللّٰهُمَّ وَحِّدْ صُفُوْفَ الْمُسْلِمِيْنَ، وَارْزُقْنَا وَإِيَّاهُمْ زِيَادَةَ التَّقْوَى وَالْإِيْمَانِ، اَللّٰهُمَّ ادْفَعْ عَنَّا اْلبَلاَءَ وَاْلوَبَاءَ وَالزَّلاَزِلَ وَاْلمِحَنَ وَسُوْءَ اْلفِتَنِ مَا ظَهَرَ مِنْهَا وَمَا بَطَنَ عَنْ بَلَدِنَا إِنْدُونِيْسِيَّا خآصَّةً وَسَائِرِ بُلْدَانِ اْلمُسْلِمِيْنَ عامَّةً يَا رَبَّ اْلعَالَمِيْنَ، اَللّٰهُمَّ أَرِنَا الْحَقَّ حَقًّا وَارْزُقْنَا اتِّبَاعَهُ وَأَرِنَا الْبَاطِلَ بَاطِلًا وَارْزُقْنَا اجْتِنَابَهُ. رَبَّنَا آتِناَ فِى الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِى اْلآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ. وَاَلْحَمْدُ لِلّٰهِ رَبِّ الْعٰلَمِيْنَ

عٍبَادَ اللهِ، إِنَّ اللهَ يَأْمُرُ بِاْلعَدْلِ وَاْلإِحْسَانِ وَإِيْتاءِ ذِي اْلقُرْبىَ وَيَنْهَى عَنِ اْلفَحْشاءِ وَاْلمُنْكَرِ وَاْلبَغْيِ يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ، وَاذْكُرُوا اللهَ اْلعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ، وَاشْكُرُوْهُ عَلىَ نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ، وَلَذِكْرُ اللهِ أَكْبَرُ

Exit mobile version