KHUTBAH JUM’AT “Siyam Romadhon Meniko Amanah, Sampun Ngantos Dipun tilar Tanpa Udzur”

KHUTBAH JUM’AT

27 Pebruari 2026 M / 09 Romadhon 1447 H

Kang Nuhin_LDNU Peterongan

“Siyam Romadhon Meniko Amanah, Sampun Ngantos Dipun tilar Tanpa Udzur”

KHUTBAH PERTAMA

اَلْحَمْدُ لِلّٰهِ الَّذِيْ جَعَلَ الصِّيَامَ جُنَّةً مِنَ النَّارِ، وَسَبِيْلًا إِلَى مَرْضَاتِ الْعَزِيْزِ الْغَفَّارِ. وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللَّهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيكَ لَهُ، وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ، الَّذِي بَلَّغَ الرِّسَالَةَ وَأَدَّى الأَمَانَةَ وَنَصَحَ الأُمَّةَ وَجَاهَدَ فِي سَبِيلِ رَبِّهِ حَتَّى أَتَاهُ الْيَقِينُ. اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدِّينِ.

أَمَّا بَعْدُ، فَيَا عِبَادَ اللهِ، أُوْصِيْكُمْ وَإِيَّايَ بِتَقْوَى اللهِ، فَقَدْ فَازَ الْمُتَّقُوْنَ

قَالَ اللَّهُ تَعَالَى يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ

معاشرالحاضرين رحمكم الله 

                Wonten ing kesempatan ingkang mulyo puniko Kulo ajak dhumateng panjenengan sedoyo lan dhumateng kulo pribadi, monggo sami berusaha nambah ketakwaan dhateng Alloh Swt. kanthi nindakaken sedoyo dawuhipun lan Nebihi larangan-laranganipun Gusti alloh.

معاشرالحاضرين رحمكم الله

Wonten ing siang ingkang kebak berkah Meniko, monggo kitho tansah nggadhahi raos syukur amargi taksih dipun paringi kekiyatan kagem nindakaken siyam Romadhon. Siyam Meniko sanes namung perkawis nahan luwe lan ngelak, nanging siyam Meniko rukun Islam ingkang kedah kitho ugemi kanthi saestu. Kitho kedah sadar bilih nilaraken siyam Romadhon tanpa wonten alesan syar’i; kados dene sakit utawi lelungan tebih.Meniko kalebet duso ingkang sanget agung. Rasulullah SAW sampun paring pepeling dhumateng kitho sedoyo bilih siyam Romadhon Meniko mboten saged dipun ijoli kanthi sembarangan, senajan kitho nyobi nggantos ing dinten sanes setaun muput, fadhilahipun mboten badhe saged madhani siyam ing wulan Romadhon. Dhawuh Nabi wonten ing haditsipun:

مَنْ أَفْطَرَ يَوْمًا مِنْ رَمَضَانَ مِنْ غَيْرِ رُخْصَةٍ وَلَا مَرَضٍ، لَمْ يَقْضِ عَنْهُ صِيَامُ الدَّهْرِ كُلِّهِ وَإِنْ صَامَهُ

“Sinten kemawon ingkang mbatalaken siyam dinten Romadhon tanpa wonten keringanan saking Alloh lan tanpa sakit, milo siyam setaun muput mboten badhe saged nggantos (fadilahipun).

Meniko nggambaraken bilih wekdal Romadhon Meniko mboten saged dipun gampangaken amargi mulyanipun wekdal kasebat.

معاشرالحاضرين رحمكم الله

Monggo kitho pirsani kados pundi kitho sering nggampangaken kewajiban Meniko namung amargi madosi kepénak ing awak. Wonten tiyang ingkang nilaraken siyam namung amargi rumaos bosen, males, utawi rumaos abot amargi kedah nyambut damel pados arto. Padahal, rejeki ingkang kitho padosi Meniko saking Alloh, nanging menopo kitho tego nilaraken dhawuhipun Dzat ingkang paring rejeki? Menopo kitho mboten nyontoh dhumateng poro sesepuh kitho, poro buru tani, utawi poro kuli ingkang taksih kiyat siyam ing ngandhapipun benteripun srengenge, sawetoro kitho ingkang makaryo wonten papan ingkang adem malah gampil mbatalaken siyam.

Siyam Meniko nggadhahi rahasia antawisipun hamba kaliyan Gusti Alloh ingkang mboten saged dipun mangertosi dening manungso sanes. Tiyang saged kemawon pura pura siyam wonten ing ngajengipun konco utawi kulowargo, nanging wonten ing wingking piyambakipun dhahar lan ngunjuk kanthi dhelik-dhelik. Nanging elinga poro jamaah, mboten wonten papan ingkang saged kagem dhelik saking pirsanipun Alloh SWT. Sifat Muroqobatulloh utawi ngrasa dipunbawasi Alloh Meniko ingkang kedah kitho tanemaken wonten ing manah. Bilih kitho nilaraken siyam kanthi sengaja, kitho sampun ngrusak amanah iman ingkang paling dhasar.

Langkung medeni malih, nilaraken siyam kanthi sengojo Meniko saged ndadosaken kitho pikantuk siksa ingkang abot wonten ing akhirat. Rasululloh SAW nate dipun-tuduhaken dening Alloh wonten ing setunggal riwayat bilih wonten tiyang-tiyang ingkang dipun gantung sukunipun wonten ing nginggil, tutuk ipun suwek lan medal rohipun. Nalika nabi nyuwun pirso sinten tiyang-tiyang Meniko, malaikat mangsuli bilih piyambakipun inggih Meniko tiyang-tiyang ingkang mbatalaken siyam saderengipun wekdalipun buka utawi nilaraken siyam kanthi sengojo.

Milo saking Meniko, monggo kitho jagi amanah iman Meniko. Alloh piyambak ingkang badhe paring piwales, kados dhawuhipun wonten ing Hadits Qudsi:

كُلُّ عَمَلِ ابْنِ آدَمَ لَهُ إِلَّا الصِّيَامَ، فَإِنَّهُ لِي وَأَنَا أَجْزِي بِهِ

Sedoyo amalanipun anak Adam Meniko kagem piyambakipun, kajobo siyam, amargi siyam Meniko kagem Ingsun (Alloh) lan Ingsun piyambak ingkang badhe paring piwales.

معاشرالحاضرين رحمكم الله

Minongko penutup, monggo kitho kiyataken tekad kitho. Romadhon Meniko kesempatan kagem pados swargo, sanes wekdal kagem pados alasan nilaraken kewajiban. Sampun ngantos kitho klebet golongan tiyang ingkang rugi amargi nilaraken siyam tanpa alesan syar’i. Monggo kitho donga dhumateng Alloh supados tansah dipun paringi istiqomah.

                بَارَكَ اللهُ لِيْ وَلَكُمْ فِي الْقُرْآنِ الْعَظِيْمِ، وَنَفَعَنِيْ وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ اْلآيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ، وَتَقَبَلَّ اللهُ مِنِّيْ وَمِنْكُمْ تِلاَوَتَهُ، إِنَّهُ هُوَ السَّمِيْعُ الْعَلِيْمُ، اَعُوْذُ بِاللهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيْمِالرَّجِيْم  يٰـاَيُّهَا ٱلَّذِينَ ءَامَنُوا كُتِبَ عَلَيْكُمُ ٱلصِّيَامُ كَمَا كُتِبَ عَلَى ٱلَّذِينَ مِن قَبْلِكُمْ لَعَلَّكُمْ تَتَّقُونَ, وَاَقُوْلُ قَوْلِى هَذَا وَاسْتَغْفِرُ لِى وَلَكُمْ وَلِوَالِدَيَّ وَلِسَائِرِ اْلمُسْلِمِيْنَ وَاْلمُسْلِمَاتِ فَاسْتَغْفِرْهُ اِنَّهُ هُوَاْلغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ

KHUTBAH KEDUA

اَلْـحَمْدُ لِلّٰهِ، اَلْـحَمْدُ لِلّٰهِ رَبِّ الْعَالَمِيْنَ، أَمَرَنَا بِالْأَخْلَاقِ الْحَسَنَةِ، وَنَهَانَا عَنِ الْفَحْشَاءِ وَالْمُنْكَرِ وَالْبَغْيِ.

، اَشْهَدُ اَنْ لَا اِلٰهَ اِلَّا اللّٰهُ وَحْدَهُ لَاشَرِيْكَ لَهُ اِرْغَامًا لِمَنْ جَحَدَ بِهِ وَ كَفَرَ، وَاَشْهَدُ اَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَ رَسُوْلُهُ سَيِّدُ الْخَلَاِئِقِ وَالْبَشَرِ. اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَ عَلَى اَلِهِ وَ اَصْحَابِهِ وَسَلِّمْ تَسْلِيْمًا كَثِيْراً. اَمَّا بَعْدُ، فَيَا عِبَادَ ﷲ، اتَّقُوا اللّٰهَ حَقَّ تُقٰتِهِ وَلَا تَمُوْتُنَّ اِلَّا وَاَنْتُمْ مُّسْلِمُوْنَ. وَاتَّقُوْا النَّارَ وَلَوْ بِشِقِّ تَمْرٍ   إِنَّ اللهَ أَمَرَكُمْ بِأَمْرٍ بَدَأَ فِيْهِ بِنَفْسِهِ وَثَنَّى بِمَلَائِكَتِهِ الْمُسَبِّحَةِ بِقُدْسِهِ، وَأَيُّهَا الْمُؤْمِنُوْنَ مِنْ جِنِّهِ وَإِنْسِهِ، فَقَالَ قَوْلًا كَرِيْمًا: اِنَّ اللّٰهَ وَمَلٰئِكَتَهُ يُصَلُّونَ عَلَى النَّبِىِّ، يٰۤـاَيُّهَا الَّذِينَ اٰمَنُوا صَلُّوا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيمًا   اَللّٰهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُؤْمِنِيْنَ وَاْلمُؤْمِنَاتِ وَاْلمُسْلِمِيْنَ وَاْلمُسْلِمَاتِ، اَلْأَحْياءِ مِنْهُمْ وَاْلاَمْوَاتِ. اَللَّهُمَّ أَصْلِحْنَا وَأَصْلِحْ أَحْوَالَنَا، وَأَصْلِحْ مَنْ فِي صَلَاحِهِمْ صَلَاحُنَا وَصَلَاحُ الْمُسْلِمِيْنَ، وَأْهْلِكْ مَنْ فِي هَلَاكِهِمْ صَلاحُنَا وَصَلَاحُ الْمُسْلِمِيْنَ، اَللّٰهُمَّ وَحِّدْ صُفُوْفَ الْمُسْلِمِيْنَ، وَارْزُقْنَا وَإِيَّاهُمْ زِيَادَةَ التَّقْوَى وَالْإِيْمَانِ، اَللّٰهُمَّ ادْفَعْ عَنَّا اْلبَلاَءَ وَاْلوَبَاءَ وَالزَّلاَزِلَ وَاْلمِحَنَ وَسُوْءَ اْلفِتَنِ مَا ظَهَرَ مِنْهَا وَمَا بَطَنَ عَنْ بَلَدِنَا إِنْدُونِيْسِيَّا خآصَّةً وَسَائِرِ بُلْدَانِ اْلمُسْلِمِيْنَ عامَّةً يَا رَبَّ اْلعَالَمِيْنَ، اَللّٰهُمَّ أَرِنَا الْحَقَّ حَقًّا وَارْزُقْنَا اتِّبَاعَهُ وَأَرِنَا الْبَاطِلَ بَاطِلًا وَارْزُقْنَا اجْتِنَابَهُ. رَبَّنَا آتِناَ فِى الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِى اْلآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ. وَاَلْحَمْدُ لِلّٰهِ رَبِّ الْعٰلَمِيْنَ   عٍبَادَ اللهِ، إِنَّ اللهَ يَأْمُرُ بِاْلعَدْلِ وَاْلإِحْسَانِ وَإِيْتاءِ ذِي اْلقُرْبىَ وَيَنْهَى عَنِ اْلفَحْشاءِ وَاْلمُنْكَرِ وَاْلبَغْيِ يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ، وَاذْكُرُوا اللهَ اْلعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ، وَاشْكُرُوْهُ عَلىَ نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ، وَلَذِكْرُ اللهِ أَكْبَر

Exit mobile version