Khutbah Pertama
الْحَمْدُ لِلّٰهِ الَّذِيْ جَعَلَ فِي السَّمَاءِ قَمَرًا مُّنِيْرًا وَجَعَلَ بِهَا الْاَرْضَ فِى اللَّيْلِ مُنَوَّرًا، وَالصَّلَاةُ وَالسَّلَامُ عَلَى الْبَدْرِ الْكَمَالِ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ الَّذِيْ أُرْسِلَ لِلْعَالَمِيْنَ بَشِيْرًا وَّنَذِيْرًا وَعَلَى اٰلِهِ وَاَصْحَابِهِ اَجْمَعِيْنَ اَنْوَارًا، أَشْهَدُ اَنْ لَا اِلٰهَ اِلَّا اللهُ الْمَلِكُ الْقُدُّوْسُ السَّلَامُ وَأَشْهَدُ اَنَّ سَيِّدَنَا وَحَبِيْبَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ صَاحِبُ الشَّرَفِ وَالْإِحْتِرَامِ
أَمَّا بَعْدُ. فَيَاأَيُّهَا النَّاسُ أُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِيْ بِتَقْوَى اللهِ فَقَدْ فَازَ الْمُتَّقُوْنَ. فَقَالَ اللهُ تَعَالَى فِيْ كِتَابِهِ الْكَرِيْمِ أَعُوْذُ بِاللّٰهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيْمِ بسم الله الرحمن الرحيم.
وَمِنْ آيَاتِهِ اَّليْلُ وَالنَّهَارُ وَالشَّمْسُ وَاْلقَمَرُ لَا تَسْجُدُوْا لِلشَّمْسِ وَلَا لِلْقَمَرِ وَاسْجُدُوْا لِلَّهِ الَّذِى خَلَقَهُنَّ اِنْ كُنْتُمْ اِيَّاهُ تَعْبُدُوْنَ
Ma’asyiral muslimin rahimakumullah,
Syukur Alhamdulillah, Wonten ing kesempatan ingkang sae meniko, Monggo sami ningkataken taqwa lan taat dumateng Gusti Allah, wonten ing pundi kemawon kawontenan kito, rame utawi sepi, kanthi tansah nindakaken sedoyo perintah lan nebihi sedoyo awisanipun,
monggo kitha sesarengan sami ningali dateng awakipun piyambak-piyambak, sampun ngantos pundi anggenipun kitha ngumawula dateng ngarsanipun Gusti Allah Ta’ala, sampun ngantos pundi ibadah puasa romadhon kito. Menawi amal-amal kito sampun sae sumangga kitha pertahanaken, menawi kirang sae sumangga kitha dandosi lan kito tambah kanti giat supados kita tansah pikantuk rahmat lan kanugrahan saking Gusti Allah. Amin.
Ma’asyiral muslimin rahimakumullah,
Menawi kita sami ningali kedadosan ing jagad punika, srengéngé ingkang saben enjing medal maringi sinar ingkang saget manfaat dhateng manungsa lan mahkluk lintunipun, lajeng ing wayah sonten surup lan dipun gentosi déning rembulan ingkang ugi madhangi bumi serta maringi manfaat. Lintang-lintang ing langit dados tetenger lan pituduh tumrap kabutuhan gesangipun manungsa.
Saking kados makaten punika, kita saged mangertos bilih sedaya kedadosan wau mesthi wonten Dzat ingkang yiptaaken lan ngatur kanthi sampurna. Kita ugi saged mengertosi bilih Dzat ingkang nyiptaaken saha ngatur jagad raya punika temtu kagungan kuwasa ingkang tanpa wates dhateng sedaya makhluk, inggih punika Allah Subhanahu wa Ta’ala.
Allah Subhanahu wa Ta’ala sampun dhawuh wonten Alquran Surat Yunus 5-6:
هُوَ الَّذِيْ جَعَلَ الشَّمْسَ ضِيَاۤءً وَّالْقَمَرَ نُوْرًا وَّقَدَّرَهٗ مَنَازِلَ لِتَعْلَمُوْا عَدَدَ السِّنِيْنَ وَالْحِسَابَۗ مَا خَلَقَ اللّٰهُ ذٰلِكَ اِلَّا بِالْحَقِّۗ يُفَصِّلُ الْاٰيٰتِ لِقَوْمٍ يَّعْلَمُوْنَ٥ اِنَّ فِى اخْتِلَافِ الَّيْلِ وَالنَّهَارِ وَمَا خَلَقَ اللّٰهُ فِى السَّمٰوٰتِ وَالْاَرْضِ لَاٰيٰتٍ لِّقَوْمٍ يَّتَّقُوْنَ ٦
Artosipun “Allah Ta’ala ingkang andadosaken srengenge ingkang saget madhangi lan rembulan ingkang dados cahaya lan anetepaken panggenan-panggenanipun, supados panjenengan sedaya sami mangertosi wilangan tahun lan itungan (wektu). Allah mboten andadosaken ingkang kados mekaten kejawi kanti haq. Allah paring rincian tanda-tanda keagunganipun kagem tiyang-tiyang ingkang sami mangertosi.
Sak temenipun wonten gonta-gantinipun wengi lan rino lan perkawis ingkang dipun dadosaken Allah wonten langit lan bumi punika yekti dados tanda kuasanipun Allah kagem tiyang-tiyang ingkang sami takwa”.
Kanjeng nabi Muhammad Saw geh sampun dawuh :
إِنَّ الشَّمْسَ وَالْقَمَرَ لَا يَكْسِفَانِ لِمَوْتِ اَحَدٍ وَلَا لِحَيَاتِهِ وَلَكِنَّهُمَا آيَتَانِ مِنْ آيَاتِ اللهِ تَعَالَى فَإِذَا رَأَيْتُمُوهُمَا فَقُومُوا وَصَلُّوا
Artosipun : “Sungguh, gerhana Matahari lan Bulan meniko mboten terjadi dipun sebabaken kalean kematian atau kehidupan seseorang, nanging meniko salah setunggalipun tanda kebesaranipun Gusti Allah Ta’ala. Keranten meniko, menawi kito sami ningali lan semerap gerhana Matahari lan gerhana Bulan, monggo sami bangkit dan shalatlah.” (HR Bukhari-Muslim).
Ma’asyiral muslimin rahimakumullah
Gerhana punika ngélingaken kita bilih gesang punika mboten langgeng. Kados padhanging rembulan ingkang saged sirna sakedhap, mekaten ugi gesang manungsa. Dina menika kita sehat, sesuk dereng mesthi. Dina menika kita gadhah Kesempatan ibadah, sesuk dereng mesthi. Dinten meniko kita saged ngelampahi ibadah siyamu romadhan, benjang geh dereng mesti.
Mila, gerhana punika kedah dados wasilah muhasabah. Ampun ngantos ati kita peteng langkung peteng tinimbang petenging rembulan. Menawi rembulan namung peteng sawetawis wekdal, nanging menawi ati peteng amargi dosa lan maksiat, saged dangu tanpa kita rumaosi.
Ma’asyiral muslimin rahimakumullah
mblenjani orbitipun. Nanging manungsa ingkang sering mboten taat kale aturanipun Allah. Pramilo Wonten siyamu romadhon meniko syarul maghfiroh, monggo kito sami ngatah-ngatahaken waosan istigfar. Allahumma innaka afuwwun karim tuhibbul afwa fa’fuanna. Monggo kita sami nyuwun pangapunten dhumateng Allah kanthi istighfar ingkang temen saking njeronipun manah. Berusaha untuk sami ngresiki manah kito saking penyakit riya’, dengki, sombong, lan seneng kalean donya ingkang sampun ngluwihi wates. Ayo kita sami nyuwun.
Wonten wulan romadhon meniko geh monggo sami ngatah-ngatahaken dzikir, waosan al-Quran, seneng sedekah dan sregep dungo kangge keluarga, masyarakat lan bangsa kito khususipun kangge umat islam yang hari-hari ini katah sanget ujianipun. Mugi-mugi konflik di timur tengah dan eropa meniko saged mantun kanti sae. Ingkang salah mugi dipun sanksi lan paringi piwales atas kesalahanipun. Ingkang mboten salah mugi dipun paring kemenangan. Khusus kangge para syuhada dipun terami amalipun dan dipun ampuni segala dos-dosanipun.
Ma’asyiral muslimin rahimakumullah
Akhiripun Mugi kejadian gerhana bulan menika dados pangeling-eling supados kita langkung taqwa lan iman, langkung andhap asor, lan langkung siyap ngadhepi dinten pungkasan inggeh meniko dinten kematian.
Lan monggo wonten kesempatan meniko kita sami dungo mugi negara Indonesia meniko dipun paring ketenangan dan ketentraman sehinggo kito tasek saged ngelampai ibadah lan aktifitas sehari-hari meniko.
Monggo kita sami dungo :
رَبَّنَا فَاغْفِرْ لَنَا ذُنُوبَنَا وَكَفِّرْ عَنَّا سَيِّئَاتِنَا، وَتَوَفَّنَا مَعَ الأبْرَارِ
Ya Allah, mugi Paduka ngapunten dosa-dosa kawula, nutupi kalepatan kawula, lan ngempalaken kawula kaliyan tiyang-tiyang ingkang saleh.
Mugi Allah Swt paring Rahmat lan Hidayah dhumateng kita sedaya. Amin Ya Rabbal Alamin
بَارَكَ اللهُ لِيْ وَلَكُمْ في الْقُرْآنِ الْعَظِيْمِ، وَنَفَعَنِيْ وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ الْآيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ، أَقُوْلُ قَوْلِيْ هَذَا وَأَسْتَغْفِرُ اللهَ الْعَظِيْمَ لِيْ وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ الْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ فَاسْتَغْفِرُوْهُ إِنّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرّحِيْمِ
Khutbah kedua
اَلْحَمْدُ لِلَّهِ الَّذِيْ أَمَرَنَا بِاْلاِتِّحَادِ وَاْلاِعْتِصَامِ بِحَبْلِ اللهِ الْمَتِيْنِ. أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَشَرِيْكَ لَهُ، إِيَّاهُ نَعْبُدُ وَإِيَّاُه نَسْتَعِيْنُ. وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ، اَلْمَبْعُوْثُ رَحْمَةً لِلْعَالَمِيْنَ. اَللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِناَ مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ أَجْمَعِيْنَ.
عِبَادَ الله، اِتَّقُوا اللهَ مَا اسْتَطَعْتُمْ وَسَارِعُوْا إِلَى مَغْفِرَةِ رَبِّ الْعَالَمِيْنَ. إِنَّ اللهَ وَمَلاَئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلَى النَّبِيِّ، يَاأَيُّهاَ الَّذِيْنَ ءَامَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا. اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَقَرَابَتِهِ وَأَزْوَاجِهِ وَذُرِّيَّاتِهِ أَجْمَعِيْنَ.
اَللَّهُمَّ أَصْلِحْ جَمِيْعَ وُلاَةَ الْمُسْلِمِيْنَ، وَانْصُرِ اْلإِسْلاَمَ وَالْمُسْلِمِيْنَ، وَأَهْلِكِ الْكَفَرَةَ وَالْمُشْرِكِيْنَ وَأَعْلِ كَلِمَتَكَ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ.
اَللَّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ وَالْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ اْلأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَاْلأَمْوَاتِ، إِنَّكَ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدَّعَوَاتِ وَيَا قَاضِيَ الْحَاجَاتِ. رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ.
عِبَادَ اللهِ، إِنَّ اللهَ يَأْمُرُكُمْ بِالْعَدْلِ وَاْلإِحْسَانِ وَإِيتَآئِ ذِي الْقُرْبَى وَيَنْهَى عَنِ الْفَحْشَآءِ وَالْمُنكَرِ وَالْبَغْيِ يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ. وَاذْكُرُوا اللهَ اْلعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ وَاشْكُرُوْهُ عَلىَ نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ وَلَذِكْرُ اللهِ أَكْبَر
