Khutbah I
الحمدُ للهِ الَّذِي خَلَقَ الإِنسَانَ فِي كَبَدٍ، وَجَعَلَ الحَيَاةَ دَارَ ابْتِلَاءٍ وَامْتِحَانٍ، وَعَدَ الصَّابِرِينَ بِجَنَّاتٍ وَعِيُونٍ، وَجَعَلَ التَّوَكُّلَ مِفْتَاحَ السَّكِينَةِ وَالرِّضَاءِنَحْمَدُهُ سُبْحَانَهُ عَلَى نِعْمَائِهِ الَّتِي لَا تُعَدُّ وَلَا تُحْصَى، وَنَسْتَغْفِرُهُ مِنْ ذُنُوبِنَا الَّتِي ظَهَرَتْ وَمَا بَطَنَتْ، وَنَعُوذُ بِهِ مِنْ شُرُوْرِ أَنْفُسِنَا وَمِنْ سَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا مَنْ يَهْدِهِ اللهُ فَلَا مُضِلَّ لَهُ، وَمَنْ يُضْلِلْ فَلَا هَادِيَ لَهُ
أَشْهَدَ أَنَّ لاَ إِلهَ إِلاَّ اللهُ وَ أَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا رَسُوْلُ الله لاَ إِلهَ إِلاَّ اللهُ، اَلْمُتَوَحِّدُ فِيْ الْجَلاَلِ بَكَمَالِ الْجَلاَلِ تَعْظِيْمًا وَ تَقْدِيْرًا, وَالصَّلاَةُ وَالسَّلاَمُ عَلَى سَيِّدِ الْمُرْسَلِيْنَ، وَإِمَامِ الْمُتَّقِيْنَ وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ الطَّيِّبِيْنَ الطَّاهِرِيْنَ
يَآأَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوْا اِتَّقُوْا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَ مَنْ يَتَّقِ اللهَ يَجْعَلْ لَهُ مَخْرَجًا وَ يَرْزُقْهُ مِنْ حَيْثُ لاَ يَحْتَسِبُ، أَمَّا بَعْدُ، فَيَا أَيُّهَا النَّاسُ، أُوصِيْكُمْ وَنَفْسِيَ الْخَاطِئَةَ بِتَقْوَى اللهِ، فَإِنَّهَا خَيْرُ زَادٍ لِلدُّنْيَا وَالْآخِرَةِ وَ قَالَ اللهُ تَعَالَى: يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اسْتَعِينُوا بِالصَّبْرِ وَالصَّلَاةِ ۚ إِنَّ اللهَ مَعَ الصَّابِرِينَ
Ma’asyiral Muslimin Rahimakumullah
Monggo wonten kesempatan ingkang minulyo meniko, kito sami ngunjukaken raos syukur dhateng Allah ﷻ engkang sampun paring pinten-pinten kanikmatan dhateng kito sedoyo, Wonten ing panggenan ingkang minulyo meniko. Masjid baiturrahman, lan wonten ing wekdal dinten jumat mubarokah meniko, kito saged ngelampahi ibadah jumat kanti sehat, aman lan tentrem.
Pramilo, monggo kita sami ningkataken iman lan taqwa kito dumateng ngersanipun Allah Swt. Takwo tegese ninda’aké sedoyo perintahipun lan nebihi sedoyo laranganipun, lan ugi tansah ngelanggengaken kesaenan-kesaenan wonten ing sedoyo wekdal, papan soho panggénan. Selajengipun, sumangga kita sedhela ngrenungaken salah satunggaling sifat ingkang paling mulya wonten ing ajaran Islam, inggih punika sabar lan tawakkal.
Ma’asyiral Muslimin Rahimakumullah
Saben tiyang gadah ujian piyambak2. Ana sing dipun uji rezekiné seret, enten sing diuji kalean sakit, keluarganipun tilar dunya, enten ingkang diuji kale anakipun, keluarga, utawa atiné sing ora tentrem. Khususipun kangge masyarakat Lumajang ingkang diuji kalean Gunung Semeru ingkang meletus.
Sedanten meniko sanes tanda Gusti mboten remen kale kulo, nanging justru ujian meniko Gusti Allah sayang dating kulo, keranten meniko kesempatan berharga kangge kulo malah kedah taqarrub dumateng ngersanipun Allah.
Gusti Allah sampun ngendika wonten Al Qur’an Surah Az-Zumar: 10 :
إِنَّمَا يُوَفَّى الصَّابِرُونَ أَجْرَهُمْ بِغَيْرِ حِسَابٍ
Artosipun : “Satemene tiyang ingkang sabar bakal angsal ganjaran tanpa batas.”
Ayat meniko nuduhaken menawi tiyang ingkang sabar, sabar ingkang dipun dasari kalean Rahman Rahim, Allah Swt bakal paring piwales arupi ganjaran ingkang ageng.
Sabar Iku Tanda Kuatipun Ati, kiyate saged nahan manah, keranten sabar mboten naming nahan nesu utawa pasrah meneng mawon. Justru, Sabar iku sikap sadar, saged ngatur manah supados tetep tenang nalikanipun kahanan mboten sekeco. tiyang sabar meniko mboten seneng nggrundel, nanging ngolah rasa supados ora kalah karo ujian.
Ma’asyiral Muslimin Rahimakumullah
Kito sampun semerap menawi poro nabi, poro auliya, wali songo, pejuang, poro alim ingkang katah sanget ujianipun. Nabi Nuh diuji kalean Umatipun bahkan anakipun, Nabi Musa diuji kalean Firaun, Nabi Ayyub bahkan diuji kehilangan keluarganipun, hartanipun, beliau geh diuji kengeng sakit ingkang lami. Nanging beliau tetep dungo marang Gusti Allah :
رَبِّ إِنِّي مَسَّنِيَ الضُّرُّ وَأَنتَ أَرْحَمُ الرَّاحِمِينَ
Artosipun “ Duh Gusti, kulo meniko panjenegan paring cobaan, nanging Panjenengan kulo yakin panjenengan Moho Welas Asih.” (QS. Al-Anbiya’: 83)
Termasuk Nabi Ibrahim, ngantos Nabi Muhammad geh dipun uji kalean umatipun ingkang dholim, nanging beliau tetep sabar. Justru malah nyuwunaken pangapura lan pitedah kangge umatipun.
Ma’asyiral Muslimin Rahimakumullah
Allah Swt menguji hambanipun mboten namung masalah ingkang elek2 mawon, nanging geh kekayaan, kemapanan meniko geh termasuk ujian. Allah Swt Sampun dawuh wonten surat al Araf 168 :
وَبَلَوْنٰهُمْ بِالْحَسَنٰتِ وَالسَّيِّاٰتِ لَعَلَّهُمْ يَرْجِعُوْنَ
Artosipun : Kami menguji piyambakipun menungso kanti ujian kebaikan lan keburukan supados piyambakipun gelem bali marang ngersanipun Allah Swt.
Kito menungso seringkali mboten kiat ketika diuji kalean sesuatu ingkang mboten sae lan mboten sesuai kalean karepipun, nanging kiat ketika diuji kalean kesaenan, kemapanan, lan kekayaan ingkang berlimpah. Padahal terkadang justru menikolah ingkang sering dadosaken tiyang meniko dados tiyang sombong supeh kalean nikmatipun Allah Swt.
Pramilo kito kedah terus muhasabah diri, ampun ngantos kekayaan, kesehatan, kemapanan meniko dadosaken kito tambah tebih saking Pengeran. Kito kedah imut menawi sedanten meniko namung kangge ibadah lan nyuwun ridhanipun Allah Swt.
Jamaah Jumat Rahimakumullah
Biasanipun, dandenganipun Sabar inggih meniko tawakkal, niki perkara ingkang mboten saged dipisah. Sabar iku nguatké ati nalika enten ujian, tawakkal iku nyenengaké ati sawisé usaha.
Allah Swt sampun ngendika:
وَمَنْ يَتَوَكَّلْ عَلَى اللَّهِ فَهُوَ حَسْبُهُ
Artosipun : “sinten ingkang gelem tawakkal marang Gusti Allah Swt, Allah Swt Bakan nolong piyambakipun.” (QS. At-Talaq: 3)
Tawakkal meniko geh sanes nyerah kalean keadaan, nanging tetep berjuang nganggo akal lan tenaga, lajeng pasrah hasilé marang Gusti Alloh. Kito sami ikhtiar, Allah Swt ingkang nentuaken. Tiyang ingkang purun tawakkal, piyambakipun mboten gampang stres, mboten gampang nyalahké nasib, amarga ngerti sing ngatur kabeh urip iku Gusti Alloh.
Jamaah Jumat Rahimakumullah
Tiyang ingkang gadahi kesabaran lan tawakkal meniko, menawi angsal nikmat, selalu syukur. Menawi kengeng musibah, piyambakipu sabar. Termasuk sabar saking musibah ingkang melanda masyarakat Lumajang.
Pramilo, Sumangga kita sami dungo dhumateng Alloh SWT mugi-mugi dipun tansah kaparingan kakiyatan supados tansah sabar ngadhepi sedaya musibah, cobaan lan ujian gesang meniko. Lan mugi kito geh saged tawakkal marang saben keputusanipun lan takdiripun Allah Swt. AKhiripun mugi saged dados hamba ingkang istiqomah ngelampahi ibadah lan kesaenanipun.
بَارَكَ اللهُ لِي وَلَكُمْ فِي الْقُرْآنِ الْعَظِيْمِ. وَنَفَعَنِي وَاِيِّاكُمْ بما فيه مِنَ الآيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ. وَتَقَبَّلْ مِنِّيْ وَمِنْكُمْ تِلاوَتَهُ اِنّهُ هُوَ السَّمِيْعُ اْلعَلِيْمُ. فَاسْتَغْفِرُوْا اِنَّهُ هُوَاْلغَفُوْرُ الرَّحِيْم
Khutbah II
اَلْحَمْدُ للهِ عَلىَ إِحْسَانِهِ وَالشُّكْرُ لَهُ عَلىَ تَوْفِيْقِهِ وَاِمْتِنَانِهِ. وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ اِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَاللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ الدَّاعِى اِلىَ رِضْوَانِهِ. اللهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وِعَلَى اَلِهِ وَاَصْحَابِهِ وَسَلِّمْ تَسْلِيْمًا كِثيْرًا. اَمَّا بَعْدُ.
فَياَ اَيُّهَا النَّاسُ اِتَّقُوااللهَ فِيْمَا اَمَرَ وَانْتَهُوْا عَمَّا نَهَى وَاعْلَمُوْا اَنَّ اللهّ اَمَرَكُمْ بِاَمْرٍ بَدَأَ فِيْهِ بِنَفْسِهِ وَثَـنَى بِمَلآ ئِكَتِهِ بِقُدْسِهِ وَقَالَ تَعاَلَى اِنَّ اللهَ وَمَلآ ئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلىَ النَّبِى يآ اَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا.
اللهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ سَيِّدِناَ مُحَمَّدٍ وَعَلَى اَنْبِيآئِكَ وَرُسُلِكَ وَمَلآئِكَةِ اْلمُقَرَّبِيْنَ وَارْضَ اللّهُمَّ عَنِ اْلخُلَفَاءِ الرَّاشِدِيْنَ اَبِى بَكْرٍوَعُمَروَعُثْمَان وَعَلِى وَعَنْ بَقِيَّةِ الصَّحَابَةِ وَالتَّابِعِيْنَ وَتَابِعِي التَّابِعِيْنَ لَهُمْ بِاِحْسَانٍ اِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ وَارْضَ عَنَّا مَعَهُمْ بِرَحْمَتِكَ يَا اَرْحَمَ الرَّاحِمِيْنَ.
اَللهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُؤْمِنِيْنَ وَاْلمُؤْمِنَاتِ وَاْلمُسْلِمِيْنَ وَاْلمُسْلِمَاتِ اَلاَحْيآءُ مِنْهُمْ وَاْلاَمْوَاتِ اللهُمَّ اَعِزَّ اْلاِسْلاَمَ وَاْلمُسْلِمِيْنَ وَأَذِلَّ الشِّرْكَ وَاْلمُشْرِكِيْنَ وَانْصُرْ عِبَادَكَ اْلمُوَحِّدِيَّةَ وَانْصُرْ مَنْ نَصَرَ الدِّيْنَ وَاخْذُلْ مَنْ خَذَلَ اْلمُسْلِمِيْنَ وَ دَمِّرْ اَعْدَاءَالدِّيْنِ وَاعْلِ كَلِمَاتِكَ اِلَى يَوْمَ الدِّيْنِ.
اللهُمَّ ادْفَعْ عَنَّا اْلبَلاَءَ وَاْلوَبَاءَ وَالزَّلاَزِلَ وَاْلمِحَنَ وَسُوْءَ اْلفِتْنَةِ وَاْلمِحَنَ مَا ظَهَرَ مِنْهَا وَمَا بَطَنَ عَنْ بَلَدِنَا اِنْدُونِيْسِيَّا خآصَّةً وَسَائِرِ اْلبُلْدَانِ اْلمُسْلِمِيْنَ عآمَّةً يَا رَبَّ اْلعَالَمِيْنَ. رَبَّنَا ظَلَمْنَا اَنْفُسَنَاوَاِنْ لَمْ تَغْفِرْ لَنَا وَتَرْحَمْنَا لَنَكُوْنَنَّ مِنَ اْلخَاسِرِيْنَ. رَبَّنَا آتِناَ فِى الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِى اْلآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ
عِبَادَاللهِ ! اِنَّ اللهَ يَأْمُرُنَا بِاْلعَدْلِ وَاْلاِحْسَانِ وَإِيْتآءِ ذِى اْلقُرْبىَ وَيَنْهَى عَنِ اْلفَحْشآءِ وَاْلمُنْكَرِ وَاْلبَغْي يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ وَاذْكُرُوااللهَ اْلعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ وَاشْكُرُوْهُ عَلىَ نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ وَلَذِكْرُ اللهِ اَكْبَرْ
