Khutbah Jumat Bahasa Jawa: “Beda Pendapat adalah Rahmat”

Ditulis oleh: M. Nuhin (Ketua LDNU Peterongan)

KHUTBAH PERTAMA

اَلْحَمْدُ لِلّٰهِ الَّذِيْ جَعَلَ الاِخْتِلَافَ سُنَّةً فِي الْحَيَاةِ، وَفَتَحَ لِعِبَادِهِ أَبْوَابَ الْحِكْمَةِ وَالرَّحْمَةِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ، وَ نُؤْمِنُ بِهِ وَ نَتَوَكَّلُ عَلَيْهِ وَ نَشْكُرُهُ وَ لاَ نَكْفُرُهُ وَ نَخْلَعُ وَ نَتْرُكُ مَنْ يَفْجُرُهُ , أَشْهَدَ أَنَّ لاَ إِلهَ إِلاَّ اللهُ وَ أَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا رَسُوْلُ الله لاَ إِلهَ إِلاَّ اللهُ، اَلْمُتَوَحِّدُ فِيْ الْجَلاَلِ بَكَمَالِ الْجَلاَلِ تَعْظِيْمًا وَ تَقْدِيْرًا

وَالصَّلاَةُ وَالسَّلاَمُ عَلَى سَيِّدِ الْمُرْسَلِيْنَ، وَإِمَامِ الْمُتَّقِيْنَ وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ الطَّيِّبِيْنَ الطَّاهِرِيْنَ، يَآأَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوْا اِتَّقُوْا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَ مَنْ يَتَّقِ اللهَ يَجْعَلْ لَهُ مَخْرَجًا وَ يَرْزُقْهُ مِنْ حَيْثُ لاَ يَحْتَسِبُ، فَاتَّقُوْا اللهَ يَا عِبَادَ اللهِ

وَ قَالَ اللهُ تَعَالَى: إِنَّ اللّٰهَ يَأْمُرُ بِالْعَدْلِ وَالْإِحْسَانِ وَإِيتَاءِ ذِي الْقُرْبَى، وَيَنْهَى عَنِ الْفَحْشَاءِ وَالْمُنْكَرِ وَالْبَغْيِۗ يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُونَ ‌ :اَمَّا بَعْدُ

معاشرالحاضرين رحمكم الله 

Langkung rumiyin, sumangga kita sami-sami muji syukur dhumateng Alloh SWT, ingkang sampun paring kesempatan, kesehatan, lan welas asihipun dhumateng kita, saengga kita saged nindakaken shalat Jum’at.

Shalawat lan salam mugi katetepna dhumateng Kanjeng Nabi Muhammad SAW, ingkang sampun paring piwulang agung babagan dakwah kanthi kawicaksanan lan ngajeni perbedaan.

Ing dinten ingkang mulya punika sumangga  sami ningkataken taqwa kita dhumateng Alloh Subhanahu wa Ta’ala kanthi nindakaken dhawuhipun saha nebihi sedaya laranganipun. Muga-muga Alloh tansah nuntun kita ing dalan kang lurus.

معاشرالحاضرين رحمكم الله

Wonten ing gesang bebrayan lan utaminipun ing umat Islam, perbedaan pendapat menika perkawis ingkang alamiah. Kados Kanjeng Nabi dhawuh, beda pendapat umat menika rahmat. 

Perbedaan iku dudu hal kedadeyan sembarangan. Qur’an wis ,nerangake yèn perbedaan iku sunnatullah, bagian saka tatanan alam sing ora bisa dibusek.  Supaya manungsa sinau, mikir, lan dadi luwih bijaksana.

Rasulullah ﷺ ngendika:

اختلاف أمتي رحمة

Beda pendapat ing tengah umatku iku rahmat

Sanajan para ahli hadits padha beda pendapat babagan status hadits iki, nanging makna moralé sarujuk lan jero: perbedaan iku bisa ndadekake umat iki luwih sugih hikmah, asal dikawal nganggo adab lan welas asih.

Perbedaan sampon wonten wiwit jaman para Sahabat. Umar bin Khattab lan Abu Bakar beda pendapat soal tawanan Badar. Rasulullah ora marahi sapa-sapa, nanging njelasake hikmahé. Iki tandha yèn beda pendapat ora dosa, asal tetep dijaga akhlaké.

Tegesipun wong sing matang iku wong sing bisa ngrungokno, ora langsung nyekel pendapate dhewe. Kita kudu éling yèn perbedaan iki dudu hal sing ngancam iman. 

Kadhangkala kita mung ambyar amarga ego luwih dhuwur tinimbang adab. Wong sing beda pendapat karo kita dudu mungsuh. Kadang malah dadi jembatan kanggo sinau luwih akèh.

Rasulullah ﷺ ngendika:

 إِنَّ اَلرِّفْقَ لَا يَكُونُ فِي شَيْءٍ إِلَّا زَانَهُ

“Kelunakan (lembut) yen ana ing sawijining perkara mesthi ndadekaké apik.”

معاشرالحاضرين رحمكم الله

Ing jaman sakniki, masalah dudu perbedaane, nanging carane kita nanggepi perbedaan.menawi responé nganggo ati panas, pecah., nalika responé nganggo ati bening, berkah. Milo Mangga sareng-sareng nata ati, supaya beda pendapat ora nggerus paseduluran. Rasulullah wis ngelingake:

لَا تَحَاسَدُوا وَلَا تَدَابَرُوا وَلَا تَبَاغَضُوا وَكُونُوا عِبَادَ اللّٰهِ إِخْوَانًا

“Aja padha hasut, aja padha munggungi, aja padha sengit-sengitan. Dadiyo kowé sedulur.”
(HR. Muslim)

Perintah iki langsung nyentuh inti bebrayan. Wong sing ati bening mesthi luwih gampang ndeleng hikmah ing perbedaan. Wong sing ati sumpek mesthi gampang golek salahe wong liya.

Mangga kita mulai saka hal sederhana: sabar ngrungokké, ora gampang nesu, Ngurangi ego, ngajeni pendapat sanajan ora setuju, lan ngelingi yèn Gusti Alloh luwih seneng wong sing nduwé sifat sakinah, rahmah, lan tahammul (toleransi dihiasi adab)

Mugi-mugi Alloh paring kekiyatan dhumateng kita sedaya kangge nindakaken kewajiban dakwah menika kanthi istiqamah (ajeg), lan saged dadosaken perbedaan ingkang wonten menika sumber kawruh , sanes jurang perpecahan.

بَارَكَ اللهُ لِيْ وَلَكُمْ فِي الْقُرْآنِ الْعَظِيْمِ، وَنَفَعَنِيْ وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ اْلآيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ، وَتَقَبَلَّ اللهُ مِنِّيْ وَمِنْكُمْ تِلاَوَتَهُ، إِنَّهُ هُوَ السَّمِيْعُ الْعَلِيْمُ، اَعُوْذُ بِاللهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيْمِ. لَقَدْ كَانَ لَكُمْ فِي رَسُولِ اللَّهِ أُسْوَةٌ حَسَنَةٌ لِمَنْ كَانَ يَرْجُو اللَّهَ وَالْيَوْمَ الْآخِرَ وَذَكَرَ اللَّهَ كَثِيرًا, وَاَقُوْلُ قَوْلِى هَذَا وَاسْتَغْفِرُ لِى وَلَكُمْ وَلِوَالِدَيَّ وَلِسَائِرِ اْلمُسْلِمِيْنَ وَاْلمُسْلِمَاتِ فَاسْتَغْفِرْهُ اِنَّهُ هُوَاْلغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ

KHUTBAH KEDUA

الْحَمْدُ لِلَّهِ حَمْدًا كَثِيرًا طَيِّبًا مُبَارَكًا فِيهِ كَمَا يُحِبُّ رَبُّنَا وَيَرْضَاهُ ، اَشْهَدُ اَنْ لَا اِلٰهَ اِلَّا اللّٰهُ وَحْدَهُ لَاشَرِيْكَ لَهُ اِرْغَامًا لِمَنْ جَحَدَ بِهِ وَ كَفَرَ، وَاَشْهَدُ اَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَ رَسُوْلُهُ سَيِّدُ الْخَلَاِئِقِ وَالْبَشَرِ. 

اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَ عَلَى اَلِهِ وَ اَصْحَابِهِ وَسَلِّمْ تَسْلِيْمًا كَثِيْراً. اَمَّا بَعْدُ، فَيَا عِبَادَ ﷲ، اتَّقُوا اللّٰهَ حَقَّ تُقٰتِهِ وَلَا تَمُوْتُنَّ اِلَّا وَاَنْتُمْ مُّسْلِمُوْنَ. وَاتَّقُوْا النَّارَ وَلَوْ بِشِقِّ تَمْرٍ   إِنَّ اللهَ أَمَرَكُمْ بِأَمْرٍ بَدَأَ فِيْهِ بِنَفْسِهِ وَثَنَّى بِمَلَائِكَتِهِ الْمُسَبِّحَةِ بِقُدْسِهِ، وَأَيُّهَا الْمُؤْمِنُوْنَ مِنْ جِنِّهِ وَإِنْسِهِ، فَقَالَ قَوْلًا كَرِيْمًا: اِنَّ اللّٰهَ وَمَلٰئِكَتَهُ يُصَلُّونَ عَلَى النَّبِىِّ، يٰۤـاَيُّهَا الَّذِينَ اٰمَنُوا صَلُّوا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيمًا   

اَللّٰهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُؤْمِنِيْنَ وَاْلمُؤْمِنَاتِ وَاْلمُسْلِمِيْنَ وَاْلمُسْلِمَاتِ، اَلْأَحْياءِ مِنْهُمْ وَاْلاَمْوَاتِ. اَللَّهُمَّ أَصْلِحْنَا وَأَصْلِحْ أَحْوَالَنَا، وَأَصْلِحْ مَنْ فِي صَلَاحِهِمْ صَلَاحُنَا وَصَلَاحُ الْمُسْلِمِيْنَ، وَأْهْلِكْ مَنْ فِي هَلَاكِهِمْ صَلاحُنَا وَصَلَاحُ الْمُسْلِمِيْنَ، اَللّٰهُمَّ وَحِّدْ صُفُوْفَ الْمُسْلِمِيْنَ، وَارْزُقْنَا وَإِيَّاهُمْ زِيَادَةَ التَّقْوَى وَالْإِيْمَانِ، اَللّٰهُمَّ ادْفَعْ عَنَّا اْلبَلاَءَ وَاْلوَبَاءَ وَالزَّلاَزِلَ وَاْلمِحَنَ وَسُوْءَ اْلفِتَنِ مَا ظَهَرَ مِنْهَا وَمَا بَطَنَ عَنْ بَلَدِنَا إِنْدُونِيْسِيَّا خآصَّةً وَسَائِرِ بُلْدَانِ اْلمُسْلِمِيْنَ عامَّةً يَا رَبَّ اْلعَالَمِيْنَ

اَللّٰهُمَّ أَرِنَا الْحَقَّ حَقًّا وَارْزُقْنَا اتِّبَاعَهُ وَأَرِنَا الْبَاطِلَ بَاطِلًا وَارْزُقْنَا اجْتِنَابَهُ. رَبَّنَا آتِناَ فِى الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِى اْلآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ. وَاَلْحَمْدُ لِلّٰهِ رَبِّ الْعٰلَمِيْنَ

عٍبَادَ اللهِ، إِنَّ اللهَ يَأْمُرُ بِاْلعَدْلِ وَاْلإِحْسَانِ وَإِيْتاءِ ذِي اْلقُرْبىَ وَيَنْهَى عَنِ اْلفَحْشاءِ وَاْلمُنْكَرِ وَاْلبَغْيِ يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ، وَاذْكُرُوا اللهَ اْلعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ، وَاشْكُرُوْهُ عَلىَ نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ، وَلَذِكْرُ اللهِ أَكْبَرُ

Exit mobile version