Khutbah Jumat Bahasa Jawa: “Isra Mi’raj: Mukjizat Iman lan Isyarat Kawicaksanan Ilmu”

Ditulis oleh: M. Nuhin (Ketua LDNU Peterongan)

KHUTBAH PERTAMA

اَلْحَمْدُ لِلَّهِ الَّذِي خَلَقَ السَّمَاوَاتِ وَالْأَرْضَ، وَجَعَلَ النُّورَ وَالظُّلُمَاتِ. أَشْهَدُ أَنْ لَا إِلَهَ إِلَّا اللهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيكَ لَهُ، اَلَّذِي لَا يُعْجِزُهُ شَيْءٌ فِي الْأَرْضِ وَلَا فِي السَّمَاءِ. وَأَشْهَدُ أَنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ، اَلَّذِي أُسْرِيَ بِهِ لَيْلًا مِنَ الْمَسْجِدِ الْحَرَامِ إِلَى الْمَسْجِدِ الْأَقْصَى. اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ أَجْمَعِيْنَ

أَمَّا بَعْدُ، فَيَا عِبَادَ اللهِ، أُوْصِيْكُمْ وَإِيَّايَ بِتَقْوَى اللهِ، فَقَدْ فَازَ الْمُتَّقُونَ. قَالَ اللهُ تَعَالَى فِي الْقُرْآنِ الْكَرِيمِ سُبْحَانَ الَّذِي أَسْرَىٰ بِعَبْدِهِ لَيْلًا مِّنَ الْمَسْجِدِ الْحَرَامِ إِلَى الْمَسْجِدِ الْأَقْصَى الَّذِي بَارَكْنَا حَوْلَهُ لِنُرِيَهُ مِنْ آيَاتِنَا ۚ إِنَّهُ هُوَ السَّمِيعُ الْبَصِيرُ

معاشرالحاضرين رحمكم الله 

Puji syukur kito haturaken dhumateng Gusti Alloh SWT, ingkang sampun maringi nikmat iman, nikmat Islam, lan nikmat sehat wal ‘afiat, sehinggo kito sedanten saget ngumpul ing masjid ingkang suci niki kanggo ngamalkan ibadah Jum’ah ing wulan Rajab kang penuh berkah. Shalawat lan salam mugi tansah ngalir dhumateng junjungan kito Nabi Muhammad SAW, nabi ingkang sampurna akhlake, kang dadi rahmat kanggo alam semesta.

Ing dinten ingkang mulya puniko sumonggo  sami ningkataken taqwa kito dhumateng Alloh Subhanahu wa Ta’ala kanthi nindakaken dhawuhipun soho nebihi sedoyo laranganipun. Mugo-mugo Alloh tansah nuntun kita ing dalan kang lurus.

Wonten ing wulan Rajab Meniko, kito memperingati peristiwa Isra’ Mi’raj. Kathah tiyang ingkang nganggep bilih perjalanan Meniko mboten logis. Nalika peristiwa Meniko dipun cerita aké, kathah tiyang Quraisy ingkang mboten pitados. Miturut akal wekdal semanten, perjalanan adoh lan cepet punika boten masuk nalar.

معاشرالحاضرين رحمكم الله 

Iman mboten tansah manut logika manungso. Nanging, menawi kito ningali kanthi kacamata Sains Modern, Alloh SWT sampun paring isyarat bilih sedaya Meniko saged dipun nalar kanthi kawicaksanan Ilmu Alloh. 

Ilmu pengetahuan modern sakmeniko wiwit mangertos bilih wektu lan ruang puniko relatif. Teori relativitas nerangaké bilih wektu saged mlaku beda gumantung kecepatan lan dimensi. Meniko dudu bukti Isra Mi’raj, nanging isyarat bilih apa sing biyen dirasa mokal, sakmeniko saged dipahami logika. ,

Al-Qur’an sampun paring pitedah bilih dintenipun Alloh Meniko benten kaliyan dintenipun manungso:

وَإِنَّ يَوْمًا عِندَ رَبِّكَ كَأَلْفِ سَنَةٍ مِّمَّا تَعُدُّونَ

Tegesipun: Satemene sedina ing ngarsane Pangeranmu iku kaya sewu taun manut pitunganmu. (QS. Al-Hajj: 47)

Ayat Meniko mujudaken dhasar ilmiah bilih Wektu Meniko Relatif. Menawi manungso obah kanthi kacepetan ingkang dhuwur sanget, wektu kagem tiyang wau badhe mandheg utawi lumampah lambat. Meniko sebabe Kanjeng Nabi saged tindak dhumateng langit sapitu nanging nalika kondur, papan sarenipun taksih benter, amargi wektu wonten ing dunya “mandheg” nalika Kanjeng Nabi nembus dimensi langit.

Kanjeng Nabi Muhammad SAW dipun lampahaken ngginakaken Buraq (saking tembung Barqun ingkang tegesipun Kilat/Cahaya). Wonten ing dunya sains, cahyaa Meniko barang ingkang paling cepet. Alloh paring dalil bilih makhluk-makhluk langit (Malaikat lan Ruh) nggadhahi kacepetan ingkang nglangkungi nalar manungso:

تَعْرُجُ الْمَلَائِكَةُ وَالرُّوحُ إِلَيْهِ فِي يَوْمٍ كَانَ مِقْدَارُهُ خَمْسِينَ أَلْفَ سَنَةٍ

“Malaikat-malaikat lan Jibril munggah (sowan) marang Gusti Alloh ing dalem sedino sing kadare (suwene) padha karo seket ewu taun.” (QS. Al-Ma’arij: 4)

Ayat Meniko negesaken bilih perjalanan ingkang kagem manungso mbetahaken wektu 50.000 taun, saged dipun tempuh namung wonten ing sedino dening makhluk cahaya. Meniko bukti ilmiah bilih perjalanan Isra’ Mi’raj ngginakaken kacepetan ingkang luar biasa meniko saged kedadosan kanthi ijin Alloh.

Tiyang modern saged nembus langit ngginakaken roket. Nanging 1.400 taun kepengkur, Al-Qur’an sampun paring tantangan dhumateng manungso bilih langit Meniko saged dipun tembus angger nggadhahi “Sultan”:

يَا مَعْشَرَ الْجِنِّ وَالْإِنسِ إِنِ اسْتَطَعْتُمْ أَن تَنفُذُوا مِنْ أَقْطَارِ السَّمَاوَاتِ وَالْأَرْضِ فَانفُذُوا ۚ لَا تَنفُذُونَ إِلَّا بِسُلْطَانٍ

Tegesipun: “He golongan jin lan manungso, yen siro sanggup nembus penjuru langit lan bumi, mangka tembuso! Siro kabeh ora bakal bisa nembus kejobo kanthi Sultan.” (QS. Ar-Rahman: 33)

Kanjeng Nabi Muhammad SAW saged nembus langit sapitu amargi dipun paringi “Sultan” langsung saking Alloh SWT. Meniko bukti bilih perjalanan ruang angkasa sampun dipun “contohaken” dening Rosulullah lumantar mukjizat Isra’ Mi’raj.

معاشرالحاضرين رحمكم الله

Tembung Sultan wonten ayat meniko paring piwulang bilih Islam agami ingkang nekanaken Ilmu lan Kekiyatan. Gusti Alloh mboten nglarang manungso nembus langit, nanging manungso kedah nggadhahi ‘Sultan’.

Menawi jaman sakmeniko ‘Sultan’ Meniko rupa Teknologi lan Riset, nanging kagem Kanjeng Nabi Muhammad SAW, ‘Sultan’ Meniko rupa Mukjizat saking Alloh kagem mbukte aken bilih Iman meniko dhasar saking sedaya Ilmu Pengetahuan.”

Saking panjelasan Meniko, kito saged mundhut kesimpulan bilih Islam mboten benten kaliyan Sains. Ilmu pengetahuan justru nambahi keyakinan kito bilih peristiwa Isra’ Mi’raj Meniko nyata. Menawi akal manungso taksih mboten saged nampi, Meniko amargi ilmu manungso ingkang taksih winates, kados dene dhawuhipun Alloh:

وَمَا أُوتِيتُم مِّنَ الْعِلْمِ إِلَّا قَلِيلاً

“Siro kabeh ora diparingi ilmu kejobo mung sethithik”. (QS. Al-Isra’: 85)

Mugi kito dipun dadosaken kito sedoyo tiyang ingkang tambah imanipun dhumateng ayat-ayate Gusti Alloh, lan nindakaken sunnah Rosululloh.

بَارَكَ اللهُ لِيْ وَلَكُمْ فِي الْقُرْآنِ الْعَظِيْمِ، وَنَفَعَنِيْ وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ اْلآيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ، وَتَقَبَلَّ اللهُ مِنِّيْ وَمِنْكُمْ تِلاَوَتَهُ، إِنَّهُ هُوَ السَّمِيْعُ الْعَلِيْمُ، اَعُوْذُ بِاللهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيْمِ. لَقَدْ كَانَ لَكُمْ فِي رَسُولِ اللَّهِ أُسْوَةٌ حَسَنَةٌ لِمَنْ كَانَ يَرْجُو اللَّهَ وَالْيَوْمَ الْآخِرَ وَذَكَرَ اللَّهَ كَثِيرًا, وَاَقُوْلُ قَوْلِى هَذَا وَاسْتَغْفِرُ لِى وَلَكُمْ وَلِوَالِدَيَّ وَلِسَائِرِ اْلمُسْلِمِيْنَ وَاْلمُسْلِمَاتِ فَاسْتَغْفِرْهُ اِنَّهُ هُوَاْلغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ

 KHUTBAH KEDUA

الْحَمْدُ لِلَّهِ حَمْدًا كَثِيرًا طَيِّبًا مُبَارَكًا فِيهِ كَمَا يُحِبُّ رَبُّنَا وَيَرْضَاهُ ، اَشْهَدُ اَنْ لَا اِلٰهَ اِلَّا اللّٰهُ وَحْدَهُ لَاشَرِيْكَ لَهُ اِرْغَامًا لِمَنْ جَحَدَ بِهِ وَ كَفَرَ، وَاَشْهَدُ اَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَ رَسُوْلُهُ سَيِّدُ الْخَلَاِئِقِ وَالْبَشَرِ. اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَ عَلَى اَلِهِ وَ اَصْحَابِهِ وَسَلِّمْ تَسْلِيْمًا كَثِيْراً

اَمَّا بَعْدُ، فَيَا عِبَادَ ﷲ، اتَّقُوا اللّٰهَ حَقَّ تُقٰتِهِ وَلَا تَمُوْتُنَّ اِلَّا وَاَنْتُمْ مُّسْلِمُوْنَ. وَاتَّقُوْا النَّارَ وَلَوْ بِشِقِّ تَمْرٍ   إِنَّ اللهَ أَمَرَكُمْ بِأَمْرٍ بَدَأَ فِيْهِ بِنَفْسِهِ وَثَنَّى بِمَلَائِكَتِهِ الْمُسَبِّحَةِ بِقُدْسِهِ، وَأَيُّهَا الْمُؤْمِنُوْنَ مِنْ جِنِّهِ وَإِنْسِهِ، فَقَالَ قَوْلًا كَرِيْمًا: اِنَّ اللّٰهَ وَمَلٰئِكَتَهُ يُصَلُّونَ عَلَى النَّبِىِّ، يٰۤـاَيُّهَا الَّذِينَ اٰمَنُوا صَلُّوا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيمًا   

اَللّٰهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُؤْمِنِيْنَ وَاْلمُؤْمِنَاتِ وَاْلمُسْلِمِيْنَ وَاْلمُسْلِمَاتِ، اَلْأَحْياءِ مِنْهُمْ وَاْلاَمْوَاتِ. اَللَّهُمَّ أَصْلِحْنَا وَأَصْلِحْ أَحْوَالَنَا، وَأَصْلِحْ مَنْ فِي صَلَاحِهِمْ صَلَاحُنَا وَصَلَاحُ الْمُسْلِمِيْنَ، وَأْهْلِكْ مَنْ فِي هَلَاكِهِمْ صَلاحُنَا وَصَلَاحُ الْمُسْلِمِيْنَ، اَللّٰهُمَّ وَحِّدْ صُفُوْفَ الْمُسْلِمِيْنَ، وَارْزُقْنَا وَإِيَّاهُمْ زِيَادَةَ التَّقْوَى وَالْإِيْمَانِ

اَللّٰهُمَّ ادْفَعْ عَنَّا اْلبَلاَءَ وَاْلوَبَاءَ وَالزَّلاَزِلَ وَاْلمِحَنَ وَسُوْءَ اْلفِتَنِ مَا ظَهَرَ مِنْهَا وَمَا بَطَنَ عَنْ بَلَدِنَا إِنْدُونِيْسِيَّا خآصَّةً وَسَائِرِ بُلْدَانِ اْلمُسْلِمِيْنَ عامَّةً يَا رَبَّ اْلعَالَمِيْنَ، اَللّٰهُمَّ أَرِنَا الْحَقَّ حَقًّا وَارْزُقْنَا اتِّبَاعَهُ وَأَرِنَا الْبَاطِلَ بَاطِلًا وَارْزُقْنَا اجْتِنَابَهُ. رَبَّنَا آتِناَ فِى الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِى اْلآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ. وَاَلْحَمْدُ لِلّٰهِ رَبِّ الْعٰلَمِيْنَ

عٍبَادَ اللهِ، إِنَّ اللهَ يَأْمُرُ بِاْلعَدْلِ وَاْلإِحْسَانِ وَإِيْتاءِ ذِي اْلقُرْبىَ وَيَنْهَى عَنِ اْلفَحْشاءِ وَاْلمُنْكَرِ وَاْلبَغْيِ يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ، وَاذْكُرُوا اللهَ اْلعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ، وَاشْكُرُوْهُ عَلىَ نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ، وَلَذِكْرُ اللهِ أَكْبَرُ

Exit mobile version