Khutbah Idul Fitri Bahasa Jawa: “Silaturahmi Nyoto minongko Jembatan Fitrah”

Ditulis oleh: M. Nuhin (Ketua LDNU Peterongan)

KHUTBAH PERTAMA

اللهُ أَكْبَرُ اللهُ أَكْبَرُ  اللهُ أَكْبَرُ  اللهُ أَكْبَرُ  اللهُ أَكْبَرُ  اللهُ أَكْبَرُ  اللهُ أَكْبَرُ  اللهُ أَكْبَرُ  اللهُ أَكْبَرُ   َ كَبِيْرًا ، وَالْحَمْدُ لِلّٰهِ كَثِيْرًا، وَسُبْحَانَ اللهِ بُكْرَةً وَأَصِيْلً لَا إِلٰهَ إِلَّا اللهُ وَاللهُ أَكْبَرُ، اللهُ أَكْبَرُ وَلِلّٰهِ الْحَمْدُ.

اَلْحَمْدُ لِلّٰهِ الَّذِي بَلَّغَنَا يَوْمَ الْعِيْدِ بَعْدَ تَمَامِ شَهْرِ رَمَضَانَ. أَشْهَدُ أَنْ لَا إِلٰهَ إِلَّا اللهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ، وَأَشْهَدُ أَنْ مُّحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ. اَللّٰهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ أَجْمَعِيْنَ. أَمَّا بَعْدُ، فَيَا أَيُّهَا الْحَاضِرُوْنَ، أُوْصِيْكُمْ وَإِيَّايَ بِتَقْوَى اللهِ، فَقَدْ فَازَ الْمُتَّقُوْنَ.

معاشرالحاضرين رحمكم الله

Dinten meniko swanten takbir kumandhang ngebaki langit, pratondo kitho sampun lulus saking madrasah Romadhon. Nanging, kesucian kitho mboten badhe sampurna bilih kitho namung ngeresi’i duso dhumateng Alloh (hablum minallosh), nanging taksih nggadhahi ganjelan duso dhumateng sesami menungso (hablum minannas). Alloh SWT sampun paring dhawuh ingkang cetho wonten ing Al-Qur’an:

وَٱتَّقُوا ٱللَّهَ ٱلَّذِى تَسَاءَلُونَ بِهِۦ وَٱلْأَرْحَامَ ۚ إِنَّ ٱللَّهَ كَانَ عَلَيْكُمْ رَقِيبًا

“Lan wediyo siro kabeh marang Alloh kang kelawan (nyebut asmo)-Ne siro kabeh podo njaluk siji marang liyane, lan (jaganen) paseduluran . Saktemene Alloh iku tansah njogo lan ngawasi siro  kabeh.” (QS. An-Nisa: 1).

Idul Fitri meniko wekdalipun kitho bali dhumateng fitrah kanthi silaturahmi nyoto. Sampun ngantos kitho rumaos sampun cekap silaturahmi namung lewat layar HP utawi kiriman stiker WhatsApp. Teknologi pancen nggampilaken, nanging jempol ingkang ngetik pesen mboten badhe saged nggantèni angetipun jabat tangan lan tulusipun penyawang mripat naliko kitho panggih langsung. 

Silaturahmi nyoto meniko mbeto “ruh” ingkang saged nglebur duso kanthi sampurno. Naliko kalih telapak asta meniko panggih, wonten ing mriku duso-duso kitho rontok kados dene godong garing ingkang kenging angin, kados dhawuh Rasulullah SAW:

مَا مِنْ مُسْلِمَيْنِ يَلْتَقِيَانِ فَيَتَصَافَحَانِ إِلَّا غُفِرَ لَهُمَا قَبْلَ أَنْ يَفْتَرِقَا

“Ora ana wong muslim loro kang ketemu banjur salaman (jabat tangan), kajaba Alloh bakal ngapura duso-dusane sakdurunge wong loro mau pisah.” (HR. Abu Dawud).

معاشرالحاضرين رحمكم الله

Panggih langsung meniko mbetahaken pengurbanan wekdal lan tenaga, nanging ing mriku letak barokahipun. Sowan langsung ugi dados sarana kagem nglebur gengsi. Kadhangkolo kitho rumaos isin badhe nyuwun ngapuro rumiyin, nanging kanthi sowan, kitho nuduhaken asoripun manah (tawadhu’). 

Baca Juga  Makna Filosofi "Ketupat" dan "lepet" dalam Tradisi dan Keislaman

Panggih langsung ndadosaken kitho saged mirsani kawontenan sedherek kanthi nyoto, mboten namung “topeng” kabingahan ingkang sering dipun tampilaken wonten media sosial. Rasululloh SAW paring janji dhumateng tiyang ingkang remen silaturahmi fisik:

مَنْ أَحَبَّ أَنْ يُبْسَطَ لَهُ فِي رِزْقِهِ، وَيُنْسَأَ لَهُ فِي أَثَرِهِ، فَلْيَصِلْ رَحِمَهُ

“Sapa wonge kang pengen dijembarke rejekine lan didawakake umure, mula becike dheweke nyambung tali silaturahmi.” (HR. Bukhari lan Muslim).

Coba kitho bayangaken, nopo kitho tego nggantèni angetipun sungkem wonten ngarsanipun Bapak lan Ibu namung kanthi video call? Nopo kitho rela paseduluran kitho dados semu namung amargi wegah mlampah? Mbokmanawi wonten sedherek ingkang nembe kangelan nanging mboten nate critoo wonten ing HP, nanging kanthi panggih langsung, kitho saged ngraosaken kahananipun lan paring bantuan ingkang nyotos. Meniko hakekatipun ihsan dhumateng kerabat kados dhawuh Allah:

 وَبِٱلْوٰلِدَيْنِ إِحْسٰنًا وَبِذِى ٱلْقُرْبَى

“Lan beciko sirokabeh marang wong tuwo loro lan marang sanak kerabat.” (QS. An-Nisa: 36)

Monggo kitho ginaaken dinten riyaden meniko kagem “tatap muka”, sanes namung “tatap layar”. Sampun wegah mbikak lawang griya kagem tamu, lan sampun wegah mlampah kagem sowan. Saben jangkah suku kitho tumuju dalemipun sedherek meniko dipun itung pahala dening Alloh SWT. Mugi-mugi kanthi silaturahmi nyoto meniko, paseduluran kitho mboten bersifat semu, nanging saestu nggadhahi berkah wonten ing dunyo ngantos akhirat.

Minangka penutup, monggo kitho mantebaken niyat kagem terus njaga tali silaturahmi nyoto meniko senadyan dinten riyaden sampun telas mangke. Sampun ngantos paseduluran kitho namung “anget-anget tahi ayam” naliko Idul Fitri mawon. Njogo paseduluran meniko kanthi sae, amargi tiyang ingkang medhot silaturahmi meniko mboten badhe mlebet swargo, kados dhawuh Nabi:

 لَا يَدْخُلُ الْجَنَّةَ قَاطِعُ رَحِم

“Ora bakal mlebu swarga wong kang medhot paseduluran”

بَارَكَ اللهُ لِي وَلَكُمْ فِي الْقُرْآنِ الْعَظِيْمِ، وَنَفَعَنِي وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ الآيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ. أَقُوْلُ قَوْلِي هَذَا وَأَسْتَغْفِرُ اللهَ لِي وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ الْمُسْلِمِيْنَ، فَاسْتَغْفِرُوْهُ إِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ.

Baca Juga  Khutbah Jumat Bahasa Jawa: METODE PENDIDIKAN ING JAMAN NABI

KHUTBAH KEDUA

اللهُ أَكْبَرُ اللهُ أَكْبَرُ اللهُ أَكْبَرُ اللهُ أَكْبَرُ اللهُ أَكْبَرُ اللهُ أَكْبَرُ اللهُ أَكْبَرُ كَبِيْرًا، وَالْحَمْدُ لِلّٰهِ كَثِيْرًا، وَسُبْحَانَ اللهِ بُكْرَةً وَأَصِيْلً لَا إِلٰهَ إِلَّا اللهُ وَاللهُ أَكْبَرُ، اللهُ أَكْبَرُ وَلِلّٰهِ الْحَمْدُا

الْحَمْدُ لِلَّهِ حَمْدًا كَثِيرًا طَيِّبًا مُبَارَكًا فِيهِ كَمَا يُحِبُّ رَبُّنَا وَيَرْضَاهُ ، اَشْهَدُ اَنْ لَا اِلٰهَ اِلَّا اللّٰهُ وَحْدَهُ لَاشَرِيْكَ لَهُ اِرْغَامًا لِمَنْ جَحَدَ بِهِ وَ كَفَرَ، وَاَشْهَدُ اَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَ رَسُوْلُهُ سَيِّدُ الْخَلَاِئِقِ وَالْبَشَرِ. اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَ عَلَى اَلِهِ وَ اَصْحَابِهِ وَسَلِّمْ تَسْلِيْمًا كَثِيْراً. اَمَّا بَعْد

فَيَا عِبَادَ ﷲ، اتَّقُوا اللّٰهَ حَقَّ تُقٰتِهِ وَلَا تَمُوْتُنَّ اِلَّا وَاَنْتُمْ مُّسْلِمُوْنَ. وَاتَّقُوْا النَّارَ وَلَوْ بِشِقِّ تَمْرٍ   إِنَّ اللهَ أَمَرَكُمْ بِأَمْرٍ بَدَأَ فِيْهِ بِنَفْسِهِ وَثَنَّى بِمَلَائِكَتِهِ الْمُسَبِّحَةِ بِقُدْسِهِ، وَأَيُّهَا الْمُؤْمِنُوْنَ مِنْ جِنِّهِ وَإِنْسِهِ، فَقَالَ قَوْلًا كَرِيْمًا: اِنَّ اللّٰهَ وَمَلٰئِكَتَهُ يُصَلُّونَ عَلَى النَّبِىِّ، يٰۤـاَيُّهَا الَّذِينَ اٰمَنُوا صَلُّوا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيمًا

اَللّٰهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُؤْمِنِيْنَ وَاْلمُؤْمِنَاتِ وَاْلمُسْلِمِيْنَ وَاْلمُسْلِمَاتِ، اَلْأَحْياءِ مِنْهُمْ وَاْلاَمْوَاتِ. اَللَّهُمَّ أَصْلِحْنَا وَأَصْلِحْ أَحْوَالَنَا، وَأَصْلِحْ مَنْ فِي صَلَاحِهِمْ صَلَاحُنَا وَصَلَاحُ الْمُسْلِمِيْنَ، وَأْهْلِكْ مَنْ فِي هَلَاكِهِمْ صَلاحُنَا وَصَلَاحُ الْمُسْلِمِيْنَ، اَللّٰهُمَّ وَحِّدْ صُفُوْفَ الْمُسْلِمِيْنَ، وَارْزُقْنَا وَإِيَّاهُمْ زِيَادَةَ التَّقْوَى وَالْإِيْمَانِ، اَللّٰهُمَّ ادْفَعْ عَنَّا اْلبَلاَءَ وَاْلوَبَاءَ وَالزَّلاَزِلَ وَاْلمِحَنَ وَسُوْءَ اْلفِتَنِ مَا ظَهَرَ مِنْهَا وَمَا بَطَنَ عَنْ بَلَدِنَا إِنْدُونِيْسِيَّا خآصَّةً وَسَائِرِ بُلْدَانِ اْلمُسْلِمِيْنَ عامَّةً يَا رَبَّ اْلعَالَمِيْنَ، اَللّٰهُمَّ أَرِنَا الْحَقَّ حَقًّا وَارْزُقْنَا اتِّبَاعَهُ وَأَرِنَا الْبَاطِلَ بَاطِلًا وَارْزُقْنَا اجْتِنَابَهُ. رَبَّنَا آتِناَ فِى الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِى اْلآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ. وَاَلْحَمْدُ لِلّٰهِ رَبِّ الْعٰلَمِيْنَ

عٍبَادَ اللهِ، إِنَّ اللهَ يَأْمُرُ بِاْلعَدْلِ وَاْلإِحْسَانِ وَإِيْتاءِ ذِي اْلقُرْبىَ وَيَنْهَى عَنِ اْلفَحْشاءِ وَاْلمُنْكَرِ وَاْلبَغْيِ يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ، وَاذْكُرُوا اللهَ اْلعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ، وَاشْكُرُوْهُ عَلىَ نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ، وَلَذِكْرُ اللهِ أَكْبَرُ

Tinggalkan Balasan

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *