Khutbah Bahasa Jawa: “Ngugemi Karukunan ing Tengahipun Perbedaan sarto Kewajiban Manut dhumateng Ulul Amri”

Ditulis oleh: M. Nuhin (Ketua LDNU Peterongan)

KHUTBAH PERTAMA

اَلْحَمْدُ لِلّٰهِ الَّذِيْ جَعَلَ الْإِسْلَامَ دِيْنَ السَّلَامِ وَالْوِئَامِ، وَأَمَرَنَا بِالْاِعْتِصَامِ بِحَبْلِ اللهِ الْمَتِيْنِ وَتَرْكِ التَّفَرُّقِ وَالْخِصَامِ. أَشْهَدُ أَنْ لَا إِلٰهَ إِلَّا اللهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ، الْمَلِكُ الْعَلَّامُ، وَأَشْهَدُ أَنْ مُّحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ، الدَّاعِيْ إِلَى طَاعَةِ الْمَلِكِ الدَّيَّانِ. اَللّٰهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى اٰلِهِ وَاَصْحَابِهِ اَجْمَعِيْنَ. أَمَّا بَعْدُ، فَيَا عِبَادَ اللهِ، أُوْصِيْكُمْ وَإِيَّايَ بِتَقْوَى اللهِ، فَقَدْ فَازَ الْمُتَّقُوْنَ

وَ قَالَ اللهُ تَعَالَى يَٰأَيُّهَا ٱلَّذِينَ ءَامَنُوا أَطِيعُوا ٱللَّهَ وَأَطِيعُوا ٱلرَّسُولَ وَأُولِى ٱلْأَمْرِ مِنكُمْ

معاشرالحاضرين رحمكم الله

Monggo kitho tansah ningkataken takwa dhumateng Alloh SWT, inggih meniko  kanthi nindakaken sedoyo dhawuhipun lan nebihi sedoyo awisanipun. Wonten ing kahanan masyarakat ingkang manéko warni kados dinten meniko, takwa mboten namung winates wonten ing dhuwur sajadah, nanging ugi wonten ing kacakipun kitho srawung kaliyan sesami, njagi lathi supados mboten damel serik ing manah, lan njagi karukunan supados mboten dadi bubrah.

Wonten ing mripatipun warga Nahdlatul Ulama, perBedoan meniko sanes barang enggal. Kitho sampun kulino kaliyan “Ikhtilaf” utawi Bedoning pamanggih poro ulama. Wiwit saking masalah fiqh dinten-dinten ngantos masalah ijtihad kemasyarakatan. Kitho kedah ngrasuk dhawuhipun para sepuh bilih

 اِخْتِلَافُ أُمَّتِي رَحْمَةٌ 

“Bedo pemanggihipun poro ulama iku dadi rahmat”. Alloh SWT piyambak sampun nggarisaken wonten ing Al-Qur’an:

وَلَوْ شَاءَ رَبُّكَ لَجَعَلَ النَّاسَ أُمَّةً وَاحِدَةً ۖ وَلَا يَزَالُونَ مُخْتَلِفِينَ . إِلَّا مَنْ رَحِمَ رَبُّكَ

“Lan menowo Pangeranmu ngersakake, mesthi Panjenengane ndadekake manungso  dadi umat kang siji, nanging dheweke kabeh tansah podho bedo-bedo pemanggih. Kajobo wong-wong kang diparingi rahmat dening Pangeranmu.” (QS. Hud: 118-119).

Ayat meniko negasaken bilih perBedoan meniko pancen kodratipun menungso. Nanging, bedo meniko saged dados rahmat bilih kitho  nggadhahi manah ingkang jembar. Bedo niku éndah bilih kitho saged silih asah, asih, lan asuh. Ampun ngantos kitho dadi tiyang ingkang “kagétan” lan “gampang nyalahke” namung amargi sedhèrèk kitho nggadhahi pemanggih ingkang mboten sami. 

Perbedaan meniko kados dene warnaning kembang wonten ing taman; bilih kembangipun namung setunggal warna, tamannipun badhe sepo. Nanging bilih warni-warni, tamannipun badhe katingal asri.

Baca Juga  Khutbah Idul Fitri: Bersyukur dan Mempererat Ukhuwah

معاشرالحاضرين رحمكم الله

Nanging kitho ugi kedah waspada. Perbedaan ingkang mboten dipun-bingkai kanthi aturan badhe ndadosaken perpecahan. Wonten ing mriki, kitho mbetahaken setunggal payung ageng ingkang saged ngayomi sedoyo warni perbedaan wau. Payung kasebat inggih meniko Ketaatan dhumateng Ulul Amri (Pemimpin). Kagem warga NU, ketaatan dhumateng pemimpin meniko sanes namung urusan politik, nanging meniko urusan syariat kagem njagi karukunan nagari lan kelancaran ibadah.

Alloh SWT paring dhawuh:

يَٰأَيُّهَا ٱلَّذِينَ ءَامَنُوا أَطِيعُوا ٱللَّهَ وَأَطِيعُوا ٱلرَّسُولَ وَأُولِى ٱلْأَمْرِ مِنكُمْ

“He wong-wong kang iman, podho taato marang Alloh lan podho taato marang Rosul, sarto marang Ulul Amri ing antara siro kabeh.” (QS. An-Nisa: 59).

Manut dhumateng pemimpin meniko kuncinipun katentreman. Wonten ing kaidah fiqh ingkang sanget kondhang dipun-sebataken:

حُكْمُ الْحَاكِمِ يَرْفَعُ الْخِلَافَ 

“Keputusane pemimpin iku bisa ngilangake perBedoan”.

Tegesipun, bilih kitho  bedo pemanggih ingkang saged ndadosaken geger utawi padu, milo keputusan pemimpin ingkang kedah dipun ugemi supados kahanan saged kondusif lan tentrem malih.

Kitho kedah éling, kedaulatan nagari meniko amanah saking Gusti Alloh. Njagi katentreman umum meniko drajatipun langkung inggil tinimbang nggugu karepipun piyambak utawi kelompokipun piyambak. Rasululloh SAW sampun paring piweling: 

“Wajib ing siro kabeh ngrungokake lan manut, senadyan ing kahanan kang siro senengi utowo ing kahanan kang siro sengiti, angger ora didhawuhi tumindak maksiat.”

Milo saking meniko, monggo kitho dadosaken perbedaan meniko minongko rahmat kagem jembaraken wawasan, nanging kitho ugi kedah nyawiji dhumateng aturan pemimpin kagem njagi kemaslahatan umat. Bilih masyarakatipun rukun, negarani pun kiat, milo ibadah dhumateng Gusti Alloh badhe rumaos langkung ayem lan khusyuk.

Minongko penutup, monggo kitho mantebaken niyat kagem dados warga masyarakat ingkang nggadhahi budi pekerti ingkang luhur. Perbedaan pemanggih niku lumrah, nanging perpecahan niku musibah. Jagi manah kitho saking raos sombong, jagi lathi kitho saking raos ngrasani, lan jagi ketaatan kitho dhumateng pemimpin supados kitho saged gesang kanthi barokah..

بَارَكَ اللهُ لِيْ وَلَكُمْ فِي الْقُرْآنِ الْعَظِيْمِ، وَنَفَعَنِيْ وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ اْلآيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ، وَتَقَبَلَّ اللهُ مِنِّيْ وَمِنْكُمْ تِلاَوَتَهُ، إِنَّهُ هُوَ السَّمِيْعُ الْعَلِيْمُ، اَعُوْذُ بِاللهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيْمِ. لَقَدْ كَانَ لَكُمْ فِي رَسُولِ اللَّهِ أُسْوَةٌ حَسَنَةٌ لِمَنْ كَانَ يَرْجُو اللَّهَ وَالْيَوْمَ الْآخِرَ وَذَكَرَ اللَّهَ كَثِيرًا, وَاَقُوْلُ قَوْلِى هَذَا وَاسْتَغْفِرُ لِى وَلَكُمْ وَلِوَالِدَيَّ وَلِسَائِرِ اْلمُسْلِمِيْنَ وَاْلمُسْلِمَاتِ فَاسْتَغْفِرْهُ اِنَّهُ هُوَاْلغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ

Baca Juga  Khutbah Jumat Bahasa Jawa: “Barokah Wulan Rajab lan Muhasabah Pergantian taun”

KHUTBAH KEDUA

الْحَمْدُ لِلَّهِ حَمْدًا كَثِيرًا طَيِّبًا مُبَارَكًا فِيهِ كَمَا يُحِبُّ رَبُّنَا وَيَرْضَاهُ ، اَشْهَدُ اَنْ لَا اِلٰهَ اِلَّا اللّٰهُ وَحْدَهُ لَاشَرِيْكَ لَهُ اِرْغَامًا لِمَنْ جَحَدَ بِهِ وَ كَفَرَ، وَاَشْهَدُ اَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَ رَسُوْلُهُ سَيِّدُ الْخَلَاِئِقِ وَالْبَشَرِ. اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَ عَلَى اَلِهِ وَ اَصْحَابِهِ وَسَلِّمْ تَسْلِيْمًا كَثِيْراً. اَمَّا بَعْدُ

فَيَا عِبَادَ ﷲ، اتَّقُوا اللّٰهَ حَقَّ تُقٰتِهِ وَلَا تَمُوْتُنَّ اِلَّا وَاَنْتُمْ مُّسْلِمُوْنَ. وَاتَّقُوْا النَّارَ وَلَوْ بِشِقِّ تَمْرٍ   إِنَّ اللهَ أَمَرَكُمْ بِأَمْرٍ بَدَأَ فِيْهِ بِنَفْسِهِ وَثَنَّى بِمَلَائِكَتِهِ الْمُسَبِّحَةِ بِقُدْسِهِ، وَأَيُّهَا الْمُؤْمِنُوْنَ مِنْ جِنِّهِ وَإِنْسِهِ، فَقَالَ قَوْلًا كَرِيْمًا: اِنَّ اللّٰهَ وَمَلٰئِكَتَهُ يُصَلُّونَ عَلَى النَّبِىِّ، يٰۤـاَيُّهَا الَّذِينَ اٰمَنُوا صَلُّوا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيمًا

اَللّٰهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُؤْمِنِيْنَ وَاْلمُؤْمِنَاتِ وَاْلمُسْلِمِيْنَ وَاْلمُسْلِمَاتِ، اَلْأَحْياءِ مِنْهُمْ وَاْلاَمْوَاتِ. اَللَّهُمَّ أَصْلِحْنَا وَأَصْلِحْ أَحْوَالَنَا، وَأَصْلِحْ مَنْ فِي صَلَاحِهِمْ صَلَاحُنَا وَصَلَاحُ الْمُسْلِمِيْنَ، وَأْهْلِكْ مَنْ فِي هَلَاكِهِمْ صَلاحُنَا وَصَلَاحُ الْمُسْلِمِيْنَ، اَللّٰهُمَّ وَحِّدْ صُفُوْفَ الْمُسْلِمِيْنَ، وَارْزُقْنَا وَإِيَّاهُمْ زِيَادَةَ التَّقْوَى وَالْإِيْمَانِ، اَللّٰهُمَّ ادْفَعْ عَنَّا اْلبَلاَءَ وَاْلوَبَاءَ وَالزَّلاَزِلَ وَاْلمِحَنَ وَسُوْءَ اْلفِتَنِ مَا ظَهَرَ مِنْهَا وَمَا بَطَنَ عَنْ بَلَدِنَا إِنْدُونِيْسِيَّا خآصَّةً وَسَائِرِ بُلْدَانِ اْلمُسْلِمِيْنَ عامَّةً يَا رَبَّ اْلعَالَمِيْنَ، اَللّٰهُمَّ أَرِنَا الْحَقَّ حَقًّا وَارْزُقْنَا اتِّبَاعَهُ وَأَرِنَا الْبَاطِلَ بَاطِلًا وَارْزُقْنَا اجْتِنَابَهُ. رَبَّنَا آتِناَ فِى الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِى اْلآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ. وَاَلْحَمْدُ لِلّٰهِ رَبِّ الْعٰلَمِيْنَ

عٍبَادَ اللهِ، إِنَّ اللهَ يَأْمُرُ بِاْلعَدْلِ وَاْلإِحْسَانِ وَإِيْتاءِ ذِي اْلقُرْبىَ وَيَنْهَى عَنِ اْلفَحْشاءِ وَاْلمُنْكَرِ وَاْلبَغْيِ يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ، وَاذْكُرُوا اللهَ اْلعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ، وَاشْكُرُوْهُ عَلىَ نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ، وَلَذِكْرُ اللهِ أَكْبَرُ

Tinggalkan Balasan

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *