Ditulis oleh: M. Nuhin (Ketua LDNU Peterongan)
KHUTBAH PERTAMA
الحمدُ للهِ الَّذِي هَدَانَا لِلْإِسْلَامِ وَجَعَلَنَا مِنْ أُمَّةِ سَيِّدِ الْأَنَامِ، وَالصَّلَاةُ وَالسَّلَامُ عَلَى أَشْرَفِ اْلأَنْبِيَاءِ وَالْمُرْسَلِيْنَ، نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ صَلَّى اللهُ عَلَيْهِ وَسَلَّمَ وَعَلَى اٰلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَالتَّابِعِيْنَ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلىَ يَوْمِ الدِّيْنِ، أَشْهَدُ أَنْ لَا إِلٰهَ إِلَّا الله وَحْدَهُ لَاشَرِيْكَ لَهُ الْمَلِكُ الْحَقُّ اْلمُبِيْن. وَأَشْهَدُ أَنَّ سَيِّدَنَا مُحَـمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ صادِقُ الْوَعْدِ اْلأَمِيْن. أَمَّا بَعْدُ
فَيَا أَيُّهَا الْحَاضِرُوْنَ اِتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوْتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ. فَقَالَ اللهُ تَعَالَى : يَرْفَعِ اللهُ الَّذِينَ آمَنُوا مِنْكُمْ وَالَّذِينَ أُوتُوا الْعِلْمَ دَرَجَاتٍ اَمَّا بَعْدُ
Langkung rumiyin, monggo kito tansah ngaturaken raos syukur dhumateng ngarsanipun Alloh SWT. Awit saking rahmat lan hidayahipun, kito sedoyo saged kempal wonten ing Masjid ingkang barokah meniko kanthi kawontenan sehat wal afiat.
Sholawat sarto salam mugi tetep katur dhumateng junjungan kito Nabi Agung Muhammad SAW, uswatun hasanah kito, ingkang sampun paring tulodho kados pundi caranipun dados manungso ingkang nggadhahi derajat luhur lumantar akhlak ingkang mulya.
Wonten ing kesempatan ingkang mulya puniko, khotib mujudaken wasiat dhumateng dhiri pribadi lan dhumateng para rawuh sedaya supados tansah taqwa dhumateng Alloh SWT.
Sumonggo kito nindakaken sedoyo dhawuhipun lan nebihi sedoyo laranganipun wonten ing saben aspek gesang kita. Muga muga Alloh tansah nuntun kita ing dalan kang lurus.
معاشرالحاضرين رحمكم الله
Ing jaman sakmeniko, kathah tiyang sepuh ingkang nganggep prestasi namung dipun ukur saking nilai rapor, peringkat kelas, utawi piala lomba. Menawi nilainipun dhuwur, dipun sebut sukses. Nanging menawi nilainipun biasa, sering dipun anggap gagal.
Poro tiyang sepuh nganggep bilih “prestasi” meniko namung babagan materi. Pancen meniko mboten salah, nanging kito sering supe, bilih wonten prestasi ingkang langkung inggil lan langkung sejati wonten ing ngarsanipun Alloh SWT, inggih menika: Akhlakul Karimah.
Nabi Muhammad SAW nate dhawuh:
إنَّمَا بُعِثْتُ لِأُتَمِّمَ مَكَارِمَ الْأَخْلَاقِ
“Sejatine aku (Rasulullah) diutus ora liya mung supaya nyempurnakake akhlak sing mulya.”
Saking sabda Rasulullah punika, Kulo lan panjenengan sadoyo saged nyawiji:
Alloh mboten mung ngukur kesuksesan saka apa sing katon ing njobo, nanging soko opo sing dumunung ing njero ati.
Dhawuh meniko negesaken bilih inti saking ajaran Islam meniko mboten namung ritual ibadah kemawon, nanging kados pundi ibadah meniko saged ngerubah prilaku kito dhumateng sesami manungso lan makhluk sanesipun.
معاشرالحاضرين رحمكم الله
Cobi kito bayangaken, nopo gunane kito pinter nanging sering ngelarani atine wong liyo, Nopo gunane kito sugih nanging sombong lan mboten nggadhahi raos welas asih, padahal Wonten ing timbangan amal mbesuk ing dinten kiamat, mboten wonten ingkang langkung abot bobote tinimbang akhlak sing apik. Rasulullah SAW dhawuh:
مَا مِنْ شَيْءٍ أَثْقَلَ فِي الْمِيْزَانِ مِنْ حُسْنِ الْخُلُقِ
“Ora ono perkara sing luwih abot ing timbangan amal (Mizan) kejaba akhlak sing becik.” (HR. Tirmidzi)
Prestasi sejati meniko saged kito tingali saking: jujur, senajan ora ono menungso sing ngawasi. sabar, senajan dihina utawa disalahke. tetep welas asih, senajan urip lagi susah. Lan ngajeni wong liyo, senajan dheweke luwih miskin utawa luwih “rendah” posisine.
Islam mboten nginggilaken tiyang amargi rupo utawi bandhane, nanging amargi takwa lan akhlake. Meniko “prestasi sejati” ingkang badhe mbeto kito dhumateng kebahagiaan dunya lan akhirat.
Wonten ing khutbah meniko, kulo mboten bosen-bosen ngajak dhumateng diri kulo piyambak lan dhumateng panjenengan sedoyo: Monggo kito dadosaken dinten-dinten kito meniko dinten kangge “panen akhlak”. Sampun ngantos kito rumaos sukses, menawi lisan kito taksih tajam kados glathi ingkang nglarani sedherek kito. Sampun ngantos kito rumaos berprestasi menawi kito taksih supe dhumateng Gusti Alloh ingkang paring sedoyo kanugrahan.
Monggo kito dadekaken karakter “Wong Jowo” sing sumeh, lembah manah, lan andhap asor menika dipun bumbuni kanthi nilai-nilai Tauhid. Supados prestasi akhlak kito menika mboten namung diakoni menungso, nanging ugi dipun tresnani dening Alloh SWT.
بَارَكَ اللهُ لِيْ وَلَكُمْ فِي الْقُرْآنِ الْعَظِيْمِ، وَنَفَعَنِيْ وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ اْلآيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ، وَتَقَبَلَّ اللهُ مِنِّيْ وَمِنْكُمْ تِلاَوَتَهُ، إِنَّهُ هُوَ السَّمِيْعُ الْعَلِيْمُ
اَعُوْذُ بِاللهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيْمِالرَّجِيْم ِيَاأَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا قُوا أَنفُسَكُمْ وَأَهْلِيكُمْ نَاراً وَقُودُهَا النَّاسُ وَالْحِجَارَةُ عَلَيْهَا مَلَائِكَةٌ غِلَاظٌ شِدَادٌ لَا يَعْصُونَ اللَّهَ مَا أَمَرَهُمْ وَيَفْعَلُونَ مَا يُؤْمَرُونَ, وَاَقُوْلُ قَوْلِى هَذَا وَاسْتَغْفِرُ لِى وَلَكُمْ وَلِوَالِدَيَّ وَلِسَائِرِ اْلمُسْلِمِيْنَ وَاْلمُسْلِمَاتِ فَاسْتَغْفِرْهُ اِنَّهُ هُوَاْلغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ
KHUTBAH KEDUA
الْحَمْدُ لِلَّهِ حَمْدًا كَثِيرًا طَيِّبًا مُبَارَكًا فِيهِ كَمَا يُحِبُّ رَبُّنَا وَيَرْضَاهُ ، اَشْهَدُ اَنْ لَا اِلٰهَ اِلَّا اللّٰهُ وَحْدَهُ لَاشَرِيْكَ لَهُ اِرْغَامًا لِمَنْ جَحَدَ بِهِ وَ كَفَرَ، وَاَشْهَدُ اَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَ رَسُوْلُهُ سَيِّدُ الْخَلَاِئِقِ وَالْبَشَرِ. اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَ عَلَى اَلِهِ وَ اَصْحَابِهِ وَسَلِّمْ تَسْلِيْمًا كَثِيْراً
اَمَّا بَعْدُ، فَيَا عِبَادَ ﷲ، اتَّقُوا اللّٰهَ حَقَّ تُقٰتِهِ وَلَا تَمُوْتُنَّ اِلَّا وَاَنْتُمْ مُّسْلِمُوْنَ. وَاتَّقُوْا النَّارَ وَلَوْ بِشِقِّ تَمْرٍ إِنَّ اللهَ أَمَرَكُمْ بِأَمْرٍ بَدَأَ فِيْهِ بِنَفْسِهِ وَثَنَّى بِمَلَائِكَتِهِ الْمُسَبِّحَةِ بِقُدْسِهِ، وَأَيُّهَا الْمُؤْمِنُوْنَ مِنْ جِنِّهِ وَإِنْسِهِ، فَقَالَ قَوْلًا كَرِيْمًا: اِنَّ اللّٰهَ وَمَلٰئِكَتَهُ يُصَلُّونَ عَلَى النَّبِىِّ، يٰۤـاَيُّهَا الَّذِينَ اٰمَنُوا صَلُّوا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيمًا
اَللّٰهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُؤْمِنِيْنَ وَاْلمُؤْمِنَاتِ وَاْلمُسْلِمِيْنَ وَاْلمُسْلِمَاتِ، اَلْأَحْياءِ مِنْهُمْ وَاْلاَمْوَاتِ. اَللَّهُمَّ أَصْلِحْنَا وَأَصْلِحْ أَحْوَالَنَا، وَأَصْلِحْ مَنْ فِي صَلَاحِهِمْ صَلَاحُنَا وَصَلَاحُ الْمُسْلِمِيْنَ، وَأْهْلِكْ مَنْ فِي هَلَاكِهِمْ صَلاحُنَا وَصَلَاحُ الْمُسْلِمِيْنَ، اَللّٰهُمَّ وَحِّدْ صُفُوْفَ الْمُسْلِمِيْنَ، وَارْزُقْنَا وَإِيَّاهُمْ زِيَادَةَ التَّقْوَى وَالْإِيْمَانِ، اَللّٰهُمَّ ادْفَعْ عَنَّا اْلبَلاَءَ وَاْلوَبَاءَ وَالزَّلاَزِلَ وَاْلمِحَنَ وَسُوْءَ اْلفِتَنِ مَا ظَهَرَ مِنْهَا وَمَا بَطَنَ عَنْ بَلَدِنَا إِنْدُونِيْسِيَّا خآصَّةً وَسَائِرِ بُلْدَانِ اْلمُسْلِمِيْنَ عامَّةً يَا رَبَّ اْلعَالَمِيْنَ، اَللّٰهُمَّ أَرِنَا الْحَقَّ حَقًّا وَارْزُقْنَا اتِّبَاعَهُ وَأَرِنَا الْبَاطِلَ بَاطِلًا وَارْزُقْنَا اجْتِنَابَهُ. رَبَّنَا آتِناَ فِى الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِى اْلآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ. وَاَلْحَمْدُ لِلّٰهِ رَبِّ الْعٰلَمِيْنَ
عٍبَادَ اللهِ، إِنَّ اللهَ يَأْمُرُ بِاْلعَدْلِ وَاْلإِحْسَانِ وَإِيْتاءِ ذِي اْلقُرْبىَ وَيَنْهَى عَنِ اْلفَحْشاءِ وَاْلمُنْكَرِ وَاْلبَغْيِ يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ، وَاذْكُرُوا اللهَ اْلعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ، وَاشْكُرُوْهُ عَلىَ نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ، وَلَذِكْرُ اللهِ أَكْبَرُ
