Khutbah Jumat Bahasa Jawa: Ngilangi Iri lan Hasud Kanthi Syukur

Ditulis oleh: M. Nuhin (Ketua LDNU Peterongan)

KHUTBAH PERTAMA

الحمدُ للهِ الَّذِي بِيَدِهِ مَقَالِيدُ السَّمَاوَاتِ وَالأَرْضِ، يُعِزُّ مَنْ يَشَاءُ وَيُذِلُّ مَنْ يَشَاءُ، بِيَدِهِ الْخَيْرُ كُلُّهُ وَإِلَيْهِ يُرْجَعُ الأَمْرُ كُلُّهُ، أَحْمَدُهُ سُبْحَانَهُ حَمْدَ الشَّاكِرِينَ، وَأَسْتَغْفِرُهُ اسْتِغْفَارَ التَّائِبِينَ، وَأَشْهَدُ أَنْ لا إِلٰهَ إِلَّا اللهُ الْمَلِكُ الْحَقُّ الْمُبِينُ، وَأَشْهَدُ أَنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ، صَادِقُ الْوَعْدِ الأَمِينُ، اللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَيْهِ وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدِّينِ.

أَمَّا بَعْدُ، أُوصِيْكُمْ وَنَفْسِيَ بِتَقْوَى اللَّهِ تَعَالَى، فَاتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوتُنَّ إِلاَّ وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ.

قَالَ اللَّهُ تَعَالَى يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ

معاشرالحاضرين رحمكم الله 

Mangga tansah kita syukuri nikmat saking Gusti Alloh Subhānahu Wa Ta‘ālā, ingkang arupi umur, iman lan kesempatan kanggo ngibadah ing dina Jum’at kang penuh barokah. Shalawat lan salam mugi tansah kaparingake marang junjungan kita, Kanjeng Nabi Muhammad , kang dados teladan utama tumraping umat.

Mangga kula lan panjenengan sedoyo, mboten bosen bosen ngiyataken lan ningkataken takwa kita dhumateng Alloh Subhanahu wa Ta’ala. Takwa niku intine: sregep nglampahi perintahipun Gusti Alloh lan jaga awak saking laranganipun. Kanthi takwa, kita bakal nemu ketenangan urip ing dunya lan kebahagiaan sejati ing akhirat.

معاشرالحاضرين رحمكم

Ati niku nggon balunge iman. Nabi Muhammad Shollallohu Alaihi Wasallam dawuh: “Elingo, ing jero jasad niki ono segumpal daging. Nek segumpal daging niku apik, kabeh jasad dadi apik. Nek segumpal daging niku rusak, kabeh jasad dadi rusak. Elingo, segumpal daging niku jenenge ati.”

Ing jaman sakniki, kito urip ing jaman sing akeh tantangane. 

Tantangan mboten mung ekonomi utawi jabatan, tapi sing paling bahaya niku tantangan ati. saben dina awaké dhewe digodhak déning pemandangan sing nyilauakén. Ing layar HP, ana wong sing sukses, makmur, dolan neng endi-endi, nduwèni barang anyar, lan dipuji wong sak jagad. 

Ora sithik wong sing banjur ngrasakaké iri hati, ora seneng ndelok bahagiané wong liya, nganthi ora sadar yen rasa kuwi alon-alon ngrusak tentremé ati.

Padahal, Gusti Alloh wis ngélingaké:

وَلَا تَتَمَنَّوْا مَا فَضَّلَ اللهُ بِهِ بَعْضَكُمْ عَلَىٰ بَعْضٍ

“Aja padha ngarep-arep nikmat sing Alloh wis paringi marang wong liya.” (QS. AnNisa’: 32)

Tandha wong sing hasud kuwi ora puas marang ketentuan Gusti Alloh. Dheweke ora ridha karo apa sing wis dicukupaké kanggo awake dhewe, banjur ndilok wong liya nganggo rasa sengit. Iki sing ndadèkaké ati dadi peteng lan amal kabecikan dadi rusak.

Rasulullah SAW ngendika:

إِيَّاكُمْ وَالْحَسَدَ، فَإِنَّ الْحَسَدَ يَأْكُلُ الْحَسَنَاتِ كَمَا تَأْكُلُ النَّارُ الْحَطَبَ

“Aja padha hasud, amarga hasud iku ngrusak amal kabecikan kaya geni mangan kayu.” (HR. Abu Dawud)

معاشرالحاضرين رحمكم

Hasud kuwi ora mung urusan pribadi. Nalika rasa iri nyebar ing masyarakat, bakal muncul gunjingan, fitnah, lan benci tanpa sebab. Wong dadi gampang curiga, seneng nyalahké, ora bisa seneng yen wong liya bahagia. Iki sing ndadèkaké masyarakat rusak saka njero.

Ngati-ati, rasa iri iku kadhang nyamar dadi kompetisi palsu. Wong dadi pengin menang, dudu kanggo kebaikan, nanging kanggo ngalahké wong liya. Padahal, sing dikarepaké Islam iku fastabiqul khairat “ saingan kanggo nglaksanani kabecikan”, dudu kanggo rebutan pangkat utawa pujian.

Rasa iri iku mung bisa diobati nganggo syukur lan doa sing tulus. Wong sing gampang syukur, atiné bakal tenang. Wong sing seneng ndelok bahagiané wong liya, sejatiné lagi nambah barokah kanggo awake dhewe.

Gusti Alloh ngendika:

وَمَن يَشْكُرْ فَإِنَّمَا يَشْكُرُ لِنَفْسِهِ

“Sapa sing syukur, sejatiné dheweke nyukuri kanggo dirinya dhewe.” (QS. Luqman: 12)

Mulane, yen kita weruh wong liya entuk nikmat, ucapna:“Mugi Gusti Alloh nambah barokahé lan paring manfaaté kanggo wong akeh.”Ora usah mbandhingaké uripé awake dhewe karo wong liya, amarga saben wong nduwèni rezeki lan ujiané dhéwédhéwé.

معاشرالحاضرين رحمكم

Mangga kita bersihké ati saka rasa iri, dengki, lan ora ridha marang takdir. Aja gampang mbandhingaké uripé wong liya karo awaké dhewe. Dongakna sing luwih sukses supaya tambah manfaat. Syukuri sing wis ana, sanajan cilik, amarga ing kono ana ketenangan sing sejati.

Muga-muga Gusti Alloh paring kita ati sing bening, pikiran sing waras, lan rasa syukur sing ora entek-entek. Muga kita dijauhké saka penyakit iri lan digolongké dadi wong sing ridha lan tentrem jiwane. Kita akhiri kanthi donga

اَللّٰهُمَّ طَهِّرْ قُلُوْبَنَا مِنَ الْحَسَدِ وَالْكِبْرِ، وَمَلِّئْهَا بِالشُّكْرِ وَالرِّضَا، وَاجْعَلْنَا مِنَ الْمُحْسِنِيْنَ، يَا أَرْحَمَ الرَّاحِمِيْنَ

بَارَكَ اللهُ لِيْ وَلَكُمْ فِي الْقُرْآنِ الْعَظِيْمِ، وَنَفَعَنِيْ وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ اْلآيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ، وَتَقَبَلَّ اللهُ مِنِّيْ وَمِنْكُمْ تِلاَوَتَهُ، إِنَّهُ هُوَ السَّمِيْعُ الْعَلِيْمُ، اَعُوْذُ بِاللهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيْمِ ِيَاأَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا قُوا أَنفُسَكُمْ وَأَهْلِيكُمْ نَاراً وَقُودُهَا النَّاسُ وَالْحِجَارَةُ, وَاَقُوْلُ قَوْلِى هَذَا وَاسْتَغْفِرُ لِى وَلَكُمْ وَلِوَالِدَيَّ وَلِسَائِرِ اْلمُسْلِمِيْنَ وَاْلمُسْلِمَاتِ فَاسْتَغْفِرْهُ اِنَّهُ هُوَاْلغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ

KHUTBAH KEDUA

اَلْـحَمْدُ لِلّٰهِ ٱلَّذِيْ أَمَرَنَا بِذِكْرِهِ وَشُكْرِهِ، وَنَهَانَا عَنْ سُوْءِ أَخْلَاقِنَا وَشَرِّ أَلْسِنَتِنَا، اَشْهَدُ اَنْ لَا اِلٰهَ اِلَّا اللّٰهُ وَحْدَهُ لَاشَرِيْكَ لَهُ اِرْغَامًا لِمَنْ جَحَدَ بِهِ وَ كَفَرَ، وَاَشْهَدُ اَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَ رَسُوْلُهُ سَيِّدُ الْخَلَاِئِقِ وَالْبَشَرِ. اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَ عَلَى اَلِهِ وَ اَصْحَابِهِ وَسَلِّمْ تَسْلِيْمًا كَثِيْراً. 

اَمَّا بَعْدُ، فَيَا عِبَادَ ﷲ، اتَّقُوا اللّٰهَ حَقَّ تُقٰتِهِ وَلَا تَمُوْتُنَّ اِلَّا وَاَنْتُمْ مُّسْلِمُوْنَ. وَاتَّقُوْا النَّارَ وَلَوْ بِشِقِّ تَمْرٍ   إِنَّ اللهَ أَمَرَكُمْ بِأَمْرٍ بَدَأَ فِيْهِ بِنَفْسِهِ وَثَنَّى بِمَلَائِكَتِهِ الْمُسَبِّحَةِ بِقُدْسِهِ، وَأَيُّهَا الْمُؤْمِنُوْنَ مِنْ جِنِّهِ وَإِنْسِهِ، فَقَالَ قَوْلًا كَرِيْمًا: اِنَّ اللّٰهَ وَمَلٰئِكَتَهُ يُصَلُّونَ عَلَى النَّبِىِّ، يٰۤـاَيُّهَا الَّذِينَ اٰمَنُوا صَلُّوا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيمًا

اَللّٰهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُؤْمِنِيْنَ وَاْلمُؤْمِنَاتِ وَاْلمُسْلِمِيْنَ وَاْلمُسْلِمَاتِ، اَلْأَحْياءِ مِنْهُمْ وَاْلاَمْوَاتِ. اَللَّهُمَّ أَصْلِحْنَا وَأَصْلِحْ أَحْوَالَنَا، وَأَصْلِحْ مَنْ فِي صَلَاحِهِمْ صَلَاحُنَا وَصَلَاحُ الْمُسْلِمِيْنَ، وَأْهْلِكْ مَنْ فِي هَلَاكِهِمْ صَلاحُنَا وَصَلَاحُ الْمُسْلِمِيْنَ، اَللّٰهُمَّ وَحِّدْ صُفُوْفَ الْمُسْلِمِيْنَ، وَارْزُقْنَا وَإِيَّاهُمْ زِيَادَةَ التَّقْوَى وَالْإِيْمَانِ، اَللّٰهُمَّ ادْفَعْ عَنَّا اْلبَلاَءَ وَاْلوَبَاءَ وَالزَّلاَزِلَ وَاْلمِحَنَ وَسُوْءَ اْلفِتَنِ مَا ظَهَرَ مِنْهَا وَمَا بَطَنَ عَنْ بَلَدِنَا إِنْدُونِيْسِيَّا خآصَّةً وَسَائِرِ بُلْدَانِ اْلمُسْلِمِيْنَ عامَّةً يَا رَبَّ اْلعَالَمِيْنَ، اَللّٰهُمَّ أَرِنَا الْحَقَّ حَقًّا وَارْزُقْنَا اتِّبَاعَهُ وَأَرِنَا الْبَاطِلَ بَاطِلًا وَارْزُقْنَا اجْتِنَابَهُ. رَبَّنَا آتِناَ فِى الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِى اْلآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ. وَاَلْحَمْدُ لِلّٰهِ رَبِّ الْعٰلَمِيْنَ

عٍبَادَ اللهِ، إِنَّ اللهَ يَأْمُرُ بِاْلعَدْلِ وَاْلإِحْسَانِ وَإِيْتاءِ ذِي اْلقُرْبىَ وَيَنْهَى عَنِ اْلفَحْشاءِ وَاْلمُنْكَرِ وَاْلبَغْيِ يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ، وَاذْكُرُوا اللهَ اْلعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ، وَاشْكُرُوْهُ عَلىَ نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ، وَلَذِكْرُ اللهِ أَكْبَرُ

Exit mobile version