Ditulis oleh: M. Nuhin (Ketua LDNU Peterongan)
KHUTBAH PERTAMA
الحمدُ للهِ الَّذِي خَلَقَ الإِنسَانَ فِي كَبَدٍ، وَجَعَلَ الحَيَاةَ دَارَ ابْتِلَاءٍ وَامْتِحَانٍ، وَعَدَ الصَّابِرِينَ بِجَنَّاتٍ وَعِيُونٍ، وَجَعَلَ التَّوَكُّلَ مِفْتَاحَ السَّكِينَةِ وَالرِّضَاءِنَحْمَدُهُ سُبْحَانَهُ عَلَى نِعْمَائِهِ الَّتِي لَا تُعَدُّ وَلَا تُحْصَى، وَنَسْتَغْفِرُهُ مِنْ ذُنُوبِنَا الَّتِي ظَهَرَتْ وَمَا بَطَنَتْ، وَنَعُوذُ بِهِ مِنْ شُرُوْرِ أَنْفُسِنَا وَمِنْ سَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا مَنْ يَهْدِهِ اللهُ فَلَا مُضِلَّ لَهُ، وَمَنْ يُضْلِلْ فَلَا هَادِيَ لَهُ
أَشْهَدَ أَنَّ لاَ إِلهَ إِلاَّ اللهُ وَ أَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا رَسُوْلُ الله لاَ إِلهَ إِلاَّ اللهُ، اَلْمُتَوَحِّدُ فِيْ الْجَلاَلِ بَكَمَالِ الْجَلاَلِ تَعْظِيْمًا وَ تَقْدِيْرًا, وَالصَّلاَةُ وَالسَّلاَمُ عَلَى سَيِّدِ الْمُرْسَلِيْنَ، وَإِمَامِ الْمُتَّقِيْنَ وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ الطَّيِّبِيْنَ الطَّاهِرِيْنَ
يَآأَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوْا اِتَّقُوْا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَ مَنْ يَتَّقِ اللهَ يَجْعَلْ لَهُ مَخْرَجًا وَ يَرْزُقْهُ مِنْ حَيْثُ لاَ يَحْتَسِبُ، أَمَّا بَعْدُ، فَيَا أَيُّهَا النَّاسُ، أُوصِيْكُمْ وَنَفْسِيَ الْخَاطِئَةَ بِتَقْوَى اللهِ، فَإِنَّهَا خَيْرُ زَادٍ لِلدُّنْيَا وَالْآخِرَةِ
وَ قَالَ اللهُ تَعَالَى: يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اسْتَعِينُوا بِالصَّبْرِ وَالصَّلَاةِ ۚ إِنَّ اللهَ مَعَ الصَّابِرِينَ
Para hadirin ingkang satuhu kinurmatan,
Sumangga kita tansah ngunjukaken puji syukur dhumateng ngarsanipun Alloh SWT ingkang sampun maringi kita sedaya nikmat, rahmat, saha rahmatipun ingkang tanpa henti.
Ing dinten ingkang mulya punika sumangga kita tata manah lan jiwa kita, ningkataken taqwa kita dhumateng Alloh Subhanahu wa Ta’ala kanthi nindakaken dhawuhipun saha nebihi sedaya laranganipun. Mugamuga Alloh tansah nuntun kita ing dalan kang lurus.
Selajengipun, sumangga kita sedhela ngrenungaken salah satunggaling sifat ingkang paling mulya wonten ing ajaran Islam, inggih punika sabar lan tawakkal
معاشرالحاضرين رحمكم الله
Urip iku ora tansah gampang. Saben wong nduwé ujiané dhéwé. Ana sing diuji rezekiné seret, ana sing diuji karo sakit, ana sing diuji karo anak, kulawarga, utawa atiné sing ora tentrem. Nanging kabeh mau dudu tandha Gusti Alloh ora tresna, nanging tandha yèn Alloh ngèlingaké supaya kita luwih nyandhak marang Panjenengané.
Alloh ngendika ing AlQur’an:
إِنَّمَا يُوَفَّى الصَّابِرُونَ أَجْرَهُمْ بِغَيْرِ حِسَابٍ
“Satemene wongwong sing sabar bakal oleh ganjaran tanpa batas.” (QS. AzZumar: 10)
Ayat iki nyebutaké yèn sabar iku ora ana piwales sing pas, amarga ganjarané langsung saka Alloh, tanpa diitung, tanpa dikurangi. Sabar Iku Tanda Kuaté Ati, Ora Cuma Menahan Rasa.
Sabar ora mung tegese nahan nesu utawa pasrah meneng wae. Sabar iku sikap sadar, ngatur ati supaya tetep tenang nalika kahanan ora sesuai pengarep. Wong sing sabar ora nggrundel, nanging ngolah rasa supaya ora kalah karo ujian.
Nabi Ayyub عليه السلام dadi tuladha paling apik. Sanadyan kabeh harta, anak, lan kesehatane ilang, dheweke tetep ngomong:
رَبِّ إِنِّي مَسَّنِيَ الضُّرُّ وَأَنتَ أَرْحَمُ الرَّاحِمِينَ
“Ya Tuhanku, aku wis kena cobaan, nanging Panjenengan paling welas ing antarane wong sing welas.” (QS. AlAnbiya’: 83)
Nabi Ayyub ora sambat, ora nuduh, mung nyandhak marang welas asih Gusti Alloh. Iki sabar sing sejati; ora mung ngempet, nanging yakin ana hikmah gedhé ing saben rasa lara.
Para rawuh ingkang kinurmatan,
Sabar lan tawakkal iku loro perkara sing ora bisa dipisah. Sabar iku nguatké ati nalika ana ujian, tawakkal iku nyenengaké ati sawisé usaha.
Alloh ngendika:
وَمَنْ يَتَوَكَّلْ عَلَى اللَّهِ فَهُوَ حَسْبُهُ
“Sapa sing tawakkal marang Alloh, cukuplah Alloh dadi penolongé.” (QS. AtTalaq: 3)
Tawakkal ora ateges ora obah, ora nyerah karo keadaan, nanging tetep berjuang nganggo akal lan tenaga, banjur nyerahaké hasilé marang Gusti Alloh. Wong sing tawakkal ora gampang stres, ora gampang nyalahké nasib, amarga ngerti sing ngatur kabeh urip iku Gusti Alloh, dudu kahanan.
Wong sing sabar lan tawakkal iku nduwé ciri khas: hatiné ayem, pandangané jembar. Nalika gagal, dheweke ora putus asa. Nalika sukses, dheweke ora sombong. Nalika ditinggal, dheweke ora ngrasa sepi, amarga ngerti Gusti Alloh tansah ana.
Nabi Muhammad ngendika:
عَجَبًا لِأَمْرِ الْمُؤْمِنِ، إِنَّ أَمْرَهُ كُلَّهُ لَهُ خَيْرٌ
“Ajaib tenan uripé wong mukmin, saben kahanané iku becik kabeh.” (HR. Muslim)
معاشرالحاضرين رحمكم الله
Yèn entuk nikmat, dheweke syukur. Yèn kena musibah, dheweke sabar. Loroloroné tetep marisi ganjaran saka Alloh. Mula wong sing sabar lan tawakkal iku ora mung kuat nahan, nanging uga kuat urip kanthi makna. Dheweke ora mung ngenteni pitulungan, nanging uga dadi sebabé ketenangan wong liya.
Sumangga kita ndedonga dhumateng Alloh SWT mugimugi tansah kaparingan kakiyatan supados tansah sabar ngadhepi sedaya pacoban gesang lan tawakkal marang saben keputusan sing wis kita serahké marang Gusti Alloh, mugimugi kita sedaya saged dados abdinipun ingkang sabar lan tansah pikantuk hidayahipun.
بَارَكَ اللهُ لِيْ وَلَكُمْ فِي الْقُرْآنِ الْعَظِيْمِ، وَنَفَعَنِيْ وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ اْلآيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ، وَتَقَبَلَّ اللهُ مِنِّيْ وَمِنْكُمْ تِلاَوَتَهُ، إِنَّهُ هُوَ السَّمِيْعُ الْعَلِيْمُ، اَعُوْذُ بِاللهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيْمِ. وَاَمَّا مَنْ خَافَ مَقَامَ ربِّهِ ونَهَيَ النَّفْسَ عَنِ اْلَهوَى فَاِنَّ الْجَنَّةَ هِيَ اْلمَأْوَى, وَاَقُوْلُ قَوْلِى هَذَا وَاسْتَغْفِرُ لِى وَلَكُمْ وَلِوَالِدَيَّ وَلِسَائِرِ اْلمُسْلِمِيْنَ وَاْلمُسْلِمَاتِ فَاسْتَغْفِرْهُ اِنَّهُ هُوَاْلغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ
KHUTBAH KEDUA
الْحَمْدُ لِلّٰهِ حَمْدًا كَثِيْرًا كَمَا اَمَرَ، اَشْهَدُ اَنْ لَا اِلٰهَ اِلَّا اللّٰهُ وَحْدَهُ لَاشَرِيْكَ لَهُ اِرْغَامًا لِمَنْ جَحَدَ بِهِ وَ كَفَرَ، وَاَشْهَدُ اَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَ رَسُوْلُهُ سَيِّدُ الْخَلَاِئِقِ وَالْبَشَرِ.
اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَ عَلَى اَلِهِ وَ اَصْحَابِهِ وَسَلِّمْ تَسْلِيْمًا كَثِيْراً. اَمَّا بَعْدُ، فَيَا عِبَادَ ﷲ، اتَّقُوا اللّٰهَ حَقَّ تُقٰتِهِ وَلَا تَمُوْتُنَّ اِلَّا وَاَنْتُمْ مُّسْلِمُوْنَ. وَاتَّقُوْا النَّارَ وَلَوْ بِشِقِّ تَمْرٍ إِنَّ اللهَ أَمَرَكُمْ بِأَمْرٍ بَدَأَ فِيْهِ بِنَفْسِهِ وَثَنَّى بِمَلَائِكَتِهِ الْمُسَبِّحَةِ بِقُدْسِهِ، وَأَيُّهَا الْمُؤْمِنُوْنَ مِنْ جِنِّهِ وَإِنْسِهِ، فَقَالَ قَوْلًا كَرِيْمًا: اِنَّ اللّٰهَ وَمَلٰئِكَتَهُ يُصَلُّونَ عَلَى النَّبِىِّ، يٰۤـاَيُّهَا الَّذِينَ اٰمَنُوا صَلُّوا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيمًا
اَللّٰهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُؤْمِنِيْنَ وَاْلمُؤْمِنَاتِ وَاْلمُسْلِمِيْنَ وَاْلمُسْلِمَاتِ، اَلْأَحْياءِ مِنْهُمْ وَاْلاَمْوَاتِ. اَللَّهُمَّ أَصْلِحْنَا وَأَصْلِحْ أَحْوَالَنَا، وَأَصْلِحْ مَنْ فِي صَلَاحِهِمْ صَلَاحُنَا وَصَلَاحُ الْمُسْلِمِيْنَ، وَأْهْلِكْ مَنْ فِي هَلَاكِهِمْ صَلاحُنَا وَصَلَاحُ الْمُسْلِمِيْنَ، اَللّٰهُمَّ وَحِّدْ صُفُوْفَ الْمُسْلِمِيْنَ، وَارْزُقْنَا وَإِيَّاهُمْ زِيَادَةَ التَّقْوَى وَالْإِيْمَانِ، اَللّٰهُمَّ ادْفَعْ عَنَّا اْلبَلاَءَ وَاْلوَبَاءَ وَالزَّلاَزِلَ وَاْلمِحَنَ وَسُوْءَ اْلفِتَنِ مَا ظَهَرَ مِنْهَا وَمَا بَطَنَ عَنْ بَلَدِنَا إِنْدُونِيْسِيَّا خآصَّةً وَسَائِرِ بُلْدَانِ اْلمُسْلِمِيْنَ عامَّةً يَا رَبَّ اْلعَالَمِيْن
اَللّٰهُمَّ أَرِنَا الْحَقَّ حَقًّا وَارْزُقْنَا اتِّبَاعَهُ وَأَرِنَا الْبَاطِلَ بَاطِلًا وَارْزُقْنَا اجْتِنَابَهُ. رَبَّنَا آتِناَ فِى الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِى اْلآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ. وَاَلْحَمْدُ لِلّٰهِ رَبِّ الْعٰلَمِيْنَ عٍبَادَ اللهِ، إِنَّ اللهَ يَأْمُرُ بِاْلعَدْلِ وَاْلإِحْسَانِ وَإِيْتاءِ ذِي اْلقُرْبىَ وَيَنْهَى عَنِ اْلفَحْشاءِ وَاْلمُنْكَرِ وَاْلبَغْيِ يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ، وَاذْكُرُوا اللهَ اْلعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ، وَاشْكُرُوْهُ عَلىَ نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ، وَلَذِكْرُ اللهِ أَكْبَرُ
