Khutbah Bahasa Jawa “Doa Wong Tuwa lan Anak: Tali Barokah Kang Ora Biso Putus”

Ditulis oleh ketua LDNU Peterongan: M. Nuhin

KHUTBAH PERTAMA

اَلْحَمْدُ لِلّٰهِ الَّذِيْ أَمَرَ الْعِبَادَ بِبِرِّ الْوَالِدَيْنِ وَالْإِحْسَانِ،رَفَعَ قَدْرَهُمَا فِيْ الْكِتَابِ وَجَعَلَهُ مِنْ أَجَلِّ الطَّاعَاتِ وَأَعْظَمِ الْأَرْكَانِ وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللَّهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيكَ لَهُ، وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ، الَّذِي بَلَّغَ الرِّسَالَةَ وَأَدَّى الأَمَانَةَ وَنَصَحَ الأُمَّةَ وَجَاهَدَ فِي سَبِيلِ رَبِّهِ حَتَّى أَتَاهُ الْيَقِينُ. اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدِّينِ.

أَمَّا بَعْدُ، فَيَا عِبَادَ اللّٰهِ، اتَّقُوا اللّٰهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَاسْتَمْسِكُوا بِعُرْوَةِ الْإِيْمَانِ. قَالَ اللَّهُ تَعَالَى يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ

معاشرالحاضرين رحمكم الله 

Mangga sami sami kita ngaturaké puji syukur dhumateng Gusti Alloh Subḥānahu Wa Ta‘ālā. Mugi mugi syukur kita iki dadi sebab nambahé nikmat lan ketenangan urip. 

Shalawat lan salam mugi tansah kaparingaké dhumateng junjungan kita, Kanjeng Nabi Muhammad , panutan sejati sing tansah ngajari kita supaya ngajèni wong tuwa lan nyambung tali welas asih.

Ing dinten ingkang mulya punika sumangga kita tata manah lan jiwa kita, ningkataken taqwa kita dhumateng Alloh Subhanahu wa Ta’ala kanthi nindakaken dhawuhipun saha nebihi sedaya laranganipun. Mugamuga Alloh tansah nuntun kita ing dalan kang lurus.

Wong tuwa iku dudu mung sekadar wong sing nglairaké. Wong tuwa iku sebabé urip kita, guru sing mulang sabar, tanggung jawab, lan welas asih. Kabeh nikmat sing kita rasakaké dina iki ora bakal ana tanpa perjuangan wong tuwa sing ngopeni kanthi ati lan donga.

Gusti Alloh dhawuh ing AlQur’an:

وَقَضَىٰ رَبُّكَ أَلَّا تَعْبُدُوا إِلَّا إِيَّاهُ وَبِالْوَالِدَيْنِ إِحْسَانًا

“Pangeranmu wis netepaké supaya kowé ora nyembah kejaba marang Panjenengané, lan supaya kowé bekti marang wong tuwamu.” (QS. Al Isra’: 23)

Saka ayat iki, kita paham yèn sawisé perintah nyembah marang Alloh, langsung disambung karo perintah ngurmati wong tuwa. Tegese, ngajèni wong tuwa iku posisi luhur banget ing pandangan Alloh.       

Rasulullah  ngendika:

ثَلَاثُ دَعَوَاتٍ لَا تُرَدُّ: دَعْوَةُ الْوَالِدِ لِوَلَدِهِ، وَدَعْوَةُ الصَّائِمِ، وَدَعْوَةُ الْمَظْلُومِ

“Ana telung doa sing ora ditolak: doa wong tuwa kanggo anaké, doa wong sing pasa, lan doa wong sing dizalimi.” (HR. Tirmidzi)

Doa wong tuwa iku kuat banget, luwih kuat tinimbang tembok, luwih nyedhak tinimbang jarak antar langit lan bumi. 

Nalika wong tuwa ngomong: “Muga anakku slamet, muga rezekiné lancar, muga uripé barokah,” kalimat kuwi langsung munggah lan ora ana sing ngalangalangi.

Nanging kebalikane, yen wong tuwa nganti sedih lan nesu amarga anaké ora sopan, ora tanggung jawab, utawa nglarani ati, Gusti Alloh uga bisa ora ridha. 

Mula, anak kudu ngati ati banget njaga perasaan wong tuwa, awit ridha Alloh iku ana ing ridhané wong tuwa.

معاشرالحاضرين رحمكم الله 

Nalika wong tuwa wis sepuh, awaké wis ringkih, pikirané gampang lali, lan tangané ora setangguh biyèn, wektu kuwi sejatiné Gusti Alloh maringi kesempatan marang anak supaya bisa mbayar welas asih sing biyèn tau ditampa. Ngopeni wong tuwa ora abot, yen kita ngerti yèn iku ibadah sing langsung disaksèni Gusti Alloh.

Artiné, wong tuwa loro iku kudu dadi prioritas utama saben anak. Aja nganti anak luwih lembut marang kanca, nanging kasar marang ibuné dhéwé. Aja nganti anak luwih manut marang atasan, nanging ngeyelan marang bapaké sing wis sepuh.

Barokahé urip kita, lancaré rezeki, tentremé ati asalé saka ridha wong tuwa. Yen wong tuwa seneng, Gusti Alloh uga seneng. Yen wong tuwa sedih, Gusti Alloh uga ora ridha. 

Mula, ayo padha ngajèni wong tuwa kanthi tulus. Nyenengaké wong tuwa ora kudu nganggo barang mewah, cukup nganggo tutur sing lembut, perhatian sing jujur, lan donga sing ikhlas.

بَارَكَ اللهُ لِيْ وَلَكُمْ فِي الْقُرْآنِ الْعَظِيْمِ، وَنَفَعَنِيْ وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ اْلآيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ، وَتَقَبَلَّ اللهُ مِنِّيْ وَمِنْكُمْ تِلاَوَتَهُ، إِنَّهُ هُوَ السَّمِيْعُ الْعَلِيْمُ، 

اَعُوْذُ بِاللهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيْمِالرَّجِيْم ِيَاأَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا قُوا أَنفُسَكُمْ وَأَهْلِيكُمْ نَاراً وَقُودُهَا النَّاسُ وَالْحِجَارَةُ عَلَيْهَا مَلَائِكَةٌ غِلَاظٌ شِدَادٌ لَا يَعْصُونَ اللَّهَ مَا أَمَرَهُمْ وَيَفْعَلُونَ مَا يُؤْمَرُونَ, وَاَقُوْلُ قَوْلِى هَذَا وَاسْتَغْفِرُ لِى وَلَكُمْ وَلِوَالِدَيَّ وَلِسَائِرِ اْلمُسْلِمِيْنَ وَاْلمُسْلِمَاتِ فَاسْتَغْفِرْهُ اِنَّهُ هُوَاْلغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ

KHUTBAH KEDUA

الحمدُ للهِ الَّذِي أَمَرَ بِالْبِرِّ بِالْوَالِدَيْنِ وَجَعَلَهُ سَبَبًا لِلرِّضْوَانِ، اَشْهَدُ اَنْ لَا اِلٰهَ اِلَّا اللّٰهُ وَحْدَهُ لَاشَرِيْكَ لَهُ اِرْغَامًا لِمَنْ جَحَدَ بِهِ وَ كَفَرَ، وَاَشْهَدُ اَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَ رَسُوْلُهُ سَيِّدُ الْخَلَاِئِقِ وَالْبَشَرِ. اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَ عَلَى اَلِهِ وَ اَصْحَابِهِ وَسَلِّمْ تَسْلِيْمًا كَثِيْراً. اَمَّا بَعْدُ

فَيَا عِبَادَ ﷲ، اتَّقُوا اللّٰهَ حَقَّ تُقٰتِهِ وَلَا تَمُوْتُنَّ اِلَّا وَاَنْتُمْ مُّسْلِمُوْنَ. وَاتَّقُوْا النَّارَ وَلَوْ بِشِقِّ تَمْرٍ إِنَّ اللهَ أَمَرَكُمْ بِأَمْرٍ بَدَأَ فِيْهِ بِنَفْسِهِ وَثَنَّى بِمَلَائِكَتِهِ الْمُسَبِّحَةِ بِقُدْسِهِ، وَأَيُّهَا الْمُؤْمِنُوْنَ مِنْ جِنِّهِ وَإِنْسِهِ، فَقَالَ قَوْلًا كَرِيْمًا: اِنَّ اللّٰهَ وَمَلٰئِكَتَهُ يُصَلُّونَ عَلَى النَّبِىِّ، يٰۤـاَيُّهَا الَّذِينَ اٰمَنُوا صَلُّوا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيمًا   

اَللّٰهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُؤْمِنِيْنَ وَاْلمُؤْمِنَاتِ وَاْلمُسْلِمِيْنَ وَاْلمُسْلِمَاتِ، اَلْأَحْياءِ مِنْهُمْ وَاْلاَمْوَاتِ. اَللَّهُمَّ أَصْلِحْنَا وَأَصْلِحْ أَحْوَالَنَا، وَأَصْلِحْ مَنْ فِي صَلَاحِهِمْ صَلَاحُنَا وَصَلَاحُ الْمُسْلِمِيْنَ، وَأْهْلِكْ مَنْ فِي هَلَاكِهِمْ صَلاحُنَا وَصَلَاحُ الْمُسْلِمِيْنَ، اَللّٰهُمَّ وَحِّدْ صُفُوْفَ الْمُسْلِمِيْنَ، وَارْزُقْنَا وَإِيَّاهُمْ زِيَادَةَ التَّقْوَى وَالْإِيْمَانِ 

اَللّٰهُمَّ ادْفَعْ عَنَّا اْلبَلاَءَ وَاْلوَبَاءَ وَالزَّلاَزِلَ وَاْلمِحَنَ وَسُوْءَ اْلفِتَنِ مَا ظَهَرَ مِنْهَا وَمَا بَطَنَ عَنْ بَلَدِنَا إِنْدُونِيْسِيَّا خآصَّةً وَسَائِرِ بُلْدَانِ اْلمُسْلِمِيْنَ عامَّةً يَا رَبَّ اْلعَالَمِيْنَ، اَللّٰهُمَّ أَرِنَا الْحَقَّ حَقًّا وَارْزُقْنَا اتِّبَاعَهُ وَأَرِنَا الْبَاطِلَ بَاطِلًا وَارْزُقْنَا اجْتِنَابَهُ. رَبَّنَا آتِناَ فِى الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِى اْلآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ. وَاَلْحَمْدُ لِلّٰهِ رَبِّ الْعٰلَمِيْنَ

عٍبَادَ اللهِ، إِنَّ اللهَ يَأْمُرُ بِاْلعَدْلِ وَاْلإِحْسَانِ وَإِيْتاءِ ذِي اْلقُرْبىَ وَيَنْهَى عَنِ اْلفَحْشاءِ وَاْلمُنْكَرِ وَاْلبَغْيِ يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ، وَاذْكُرُوا اللهَ اْلعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ، وَاشْكُرُوْهُ عَلىَ نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ، وَلَذِكْرُ اللهِ أَكْبَرُ

Penulis: M. NuhinEditor: Moes
Exit mobile version