Khutbah Jumat Bahasa Jawa “Istiqomah: Teguh  Iman Nalika Godaan Donya Nambah Kuat”

Ditulis oleh: M. Nuhin (Ketua LDNU Peterongan)

KHUTBAH PERTAMA

الحمد للهِ الَّذِي أَمَرَ بِالاِسْتِقَامَةِ وَوَعَدَ عَلَيْهَا الجَنَّةَ وَالنَّعِيمَ، وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللَّهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيكَ لَهُ، وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ، الَّذِي بَلَّغَ الرِّسَالَةَ وَأَدَّى الأَمَانَةَ وَنَصَحَ الأُمَّةَ وَجَاهَدَ فِي سَبِيلِ رَبِّهِ حَتَّى أَتَاهُ الْيَقِينُ

اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدِّينِ. أَمَّا بَعْدُ، أُوصِيْكُمْ وَنَفْسِيَ بِتَقْوَى اللَّهِ تَعَالَى، فَاتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوتُنَّ إِلاَّ وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ

قَالَ اللَّهُ تَعَالَى يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ

معاشرالحاضرين رحمكم الله 

Mangga tansah kita syukuri nikmat saking Gusti Alloh Subhānahu Wa Ta‘ālā, ingkang arupi umur, iman lan kesempatan kanggo ngibadah ing dina Jum’at kang penuh barokah. Shalawat lan salam mugi tansah kaparingake marang junjungan kita, Kanjeng Nabi Muhammad , kang dados teladan utama tumraping umat.

Ing dinten ingkang mulya punika sumangga kita tata manah lan jiwa kita, ningkataken taqwa kita dhumateng Alloh Subhanahu wa Ta’ala kanthi nindakaken dhawuhipun saha nebihi sedaya laranganipun. Muga-muga Alloh tansah nuntun kita ing dalan kang lurus. 

Istiqomah kuwi dudu mung tembung biasa. Istiqomah iku teguh, ajeg, lan tetep ing dalane Alloh, sanajan urip iki kerep ditekani ujian, cobaan, lan godaan. 

Ing jaman sakmenika, ujian kuwi kerep banget teka donya saya rame karo urusan sing gawe ati gampang kegoda. Ana sing kegoda harta, ana sing kepleset jabatan, ana sing kaliren kehormatan. 

Kadang  rasane kepingin nyerah, kepingin mblenjani janji, kepingin ninggalke sholat amarga urusan urip. Nanging, kudu eling: imane wong iku diuji, Cobaan kuwi dadi bukti manawa Gusti Alloh percaya yen kita kuat lan layak dadi hamba kang sejati. 

Gusti Alloh ngendika kanthi tegas marang umaté supaya tetep teguh ing dalan sing bener, tetep mantep ngamalke agama, tetep sholat limang wektu, tetep jujur, tetep welas asih marang liyan, lan tetep ing dalan kang bener. 

Alloh SWT ngandika ing AlQur’an: 

فَاسْتَقِمْ كَمَا أُمِرْتَ 

“Mangka tetepa ing dalan kang wis diperintahake.” (QS. Hud: 112) 

معاشرالحاضرين رحمكم الله 

Menawa sakniki kita lagi ngalami cobaan  entah urusan keluwarga, urusan dagang, urusan sekolah, utawa urusan liyane  aja nganti iman kita goyah. 

Aja nganti  ninggalake syareat lan perintahe Gusti  Alloh amarga rasa capek utawa kecewa. Gusti Alloh ora bakal maringi cobaan nglewati kekuwatan kawulane. 

Istiqomah ora ateges tanpa salah, nanging tetep njaga arah bali marang kebenaran saben wektu. Wong sing istiqomah iku wong sing saben dina gelem introspeksi: “apa aku saiki isih ana ing dalan sing diridhani Gusti Alloh?”

Rasululloh  ngendika:

قُلْ آمَنْتُ بِاللَّهِ ثُمَّ اسْتَقِمْ

“Ucapna: Aku iman marang Alloh, banjur istiqomahlah.” (HR. Muslim)

Tegese, iman iku ora cukup diucap, kudu dilanjutaké nganggo tumindak sing ajeg lan konsisten. 

Wong sing istiqomah iku ora gampang owah mung amarga tren, ora gampang melu arus mung supaya katon apik. Dheweke nduwé pendirian, nduwé arah, lan ngerti makna urip sing sejati.

Istiqomah iku benteng dhasar kang njaga supaya kita ora kegawa arus. Wong sing istiqomah ora bakal goyah senajan donya ora adil, amarga dheweke yakin ganjaran sejati mung saka Gusti Alloh.

Alloh janji marang wong sing istiqomah:

إِنَّ الَّذِينَ قَالُوا رَبُّنَا اللَّهُ ثُمَّ اسْتَقَامُوا تَتَنَزَّلُ عَلَيْهِمُ الْمَلَائِكَةُ أَلَّا تَخَافُوا وَلَا تَحْزَنُوا

“Satemene wongwong sing ngucap: Rabbku Alloh, banjur istiqomah, bakal ditekani malaikat kang ngandika: aja wedi lan aja susah.” (QS. Fussilat: 30)

Iki tandha yen istiqomah iku ora mung dijanjèkaké ganjaran akhirat, nanging uga ketenangan batin ing donya. Ingkang paling penting, aja lali nyuwun marang Gusti Alloh. Nyuwun supaya diparingi keteguhan iman, diparingi kesabaran, lan diparingi kekuwatan kanggo tetep istiqomah nganti akhir urip.

خُتِمَ لَنَا وَلَكُمْ بِالْخَيْرِ، وَجَعَلَنَا اللهُ مِنَ الْمُسْتَقِيمِينَ 

“Mugi kita sedaya diakhiri kanthi kebaikan, lan Gusti Alloh nggawe kita dadi wongwong kang istiqomah.” 

بَارَكَ اللهُ لِيْ وَلَكُمْ فِي الْقُرْآنِ الْعَظِيْمِ، وَنَفَعَنِيْ وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ اْلآيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ، وَتَقَبَلَّ اللهُ مِنِّيْ وَمِنْكُمْ تِلاَوَتَهُ، إِنَّهُ هُوَ السَّمِيْعُ الْعَلِيْمُ، اَعُوْذُ بِاللهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيْم ِيَاأَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا قُوا أَنفُسَكُمْ وَأَهْلِيكُمْ نَاراً وَقُودُهَا النَّاسُ وَالْحِجَارَةُ عَلَيْهَا مَلَائِكَةٌ غِلَاظٌ شِدَادٌ لَا يَعْصُونَ اللَّهَ مَا أَمَرَهُمْ وَيَفْعَلُونَ مَا يُؤْمَرُونَ, وَاَقُوْلُ قَوْلِى هَذَا وَاسْتَغْفِرُ لِى وَلَكُمْ وَلِوَالِدَيَّ وَلِسَائِرِ اْلمُسْلِمِيْنَ وَاْلمُسْلِمَاتِ فَاسْتَغْفِرْهُ اِنَّهُ هُوَاْلغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ

 KHUTBAH KEDUA

اَلْـحَمْدُ لِلّٰهِ ٱلَّذِيْ أَمَرَنَا بِذِكْرِهِ وَشُكْرِهِ، وَنَهَانَا عَنْ سُوْءِ أَخْلَاقِنَا وَشَرِّ أَلْسِنَتِنَا، اَشْهَدُ اَنْ لَا اِلٰهَ اِلَّا اللّٰهُ وَحْدَهُ لَاشَرِيْكَ لَهُ اِرْغَامًا لِمَنْ جَحَدَ بِهِ وَ كَفَرَ، وَاَشْهَدُ اَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَ رَسُوْلُهُ سَيِّدُ الْخَلَاِئِقِ وَالْبَشَرِ. اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَ عَلَى اَلِهِ وَ اَصْحَابِهِ وَسَلِّمْ تَسْلِيْمًا كَثِيْراً. اَمَّا بَعْدُ

فَيَا عِبَادَ ﷲ، اتَّقُوا اللّٰهَ حَقَّ تُقٰتِهِ وَلَا تَمُوْتُنَّ اِلَّا وَاَنْتُمْ مُّسْلِمُوْنَ. وَاتَّقُوْا النَّارَ وَلَوْ بِشِقِّ تَمْرٍ   إِنَّ اللهَ أَمَرَكُمْ بِأَمْرٍ بَدَأَ فِيْهِ بِنَفْسِهِ وَثَنَّى بِمَلَائِكَتِهِ الْمُسَبِّحَةِ بِقُدْسِهِ، وَأَيُّهَا الْمُؤْمِنُوْنَ مِنْ جِنِّهِ وَإِنْسِهِ، فَقَالَ قَوْلًا كَرِيْمًا: اِنَّ اللّٰهَ وَمَلٰئِكَتَهُ يُصَلُّونَ عَلَى النَّبِىِّ، يٰۤـاَيُّهَا الَّذِينَ اٰمَنُوا صَلُّوا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيمًا   

اَللّٰهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُؤْمِنِيْنَ وَاْلمُؤْمِنَاتِ وَاْلمُسْلِمِيْنَ وَاْلمُسْلِمَاتِ، اَلْأَحْياءِ مِنْهُمْ وَاْلاَمْوَاتِ. اَللَّهُمَّ أَصْلِحْنَا وَأَصْلِحْ أَحْوَالَنَا، وَأَصْلِحْ مَنْ فِي صَلَاحِهِمْ صَلَاحُنَا وَصَلَاحُ الْمُسْلِمِيْنَ، وَأْهْلِكْ مَنْ فِي هَلَاكِهِمْ صَلاحُنَا وَصَلَاحُ الْمُسْلِمِيْنَ، اَللّٰهُمَّ وَحِّدْ صُفُوْفَ الْمُسْلِمِيْنَ، وَارْزُقْنَا وَإِيَّاهُمْ زِيَادَةَ التَّقْوَى وَالْإِيْمَانِ، اَللّٰهُمَّ ادْفَعْ عَنَّا اْلبَلاَءَ وَاْلوَبَاءَ وَالزَّلاَزِلَ وَاْلمِحَنَ وَسُوْءَ اْلفِتَنِ مَا ظَهَرَ مِنْهَا وَمَا بَطَنَ عَنْ بَلَدِنَا إِنْدُونِيْسِيَّا خآصَّةً وَسَائِرِ بُلْدَانِ اْلمُسْلِمِيْنَ عامَّةً يَا رَبَّ اْلعَالَمِيْنَ، اَللّٰهُمَّ أَرِنَا الْحَقَّ حَقًّا وَارْزُقْنَا اتِّبَاعَهُ وَأَرِنَا الْبَاطِلَ بَاطِلًا وَارْزُقْنَا اجْتِنَابَهُ. رَبَّنَا آتِناَ فِى الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِى اْلآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ. وَاَلْحَمْدُ لِلّٰهِ رَبِّ الْعٰلَمِيْنَ

عٍبَادَ اللهِ، إِنَّ اللهَ يَأْمُرُ بِاْلعَدْلِ وَاْلإِحْسَانِ وَإِيْتاءِ ذِي اْلقُرْبىَ وَيَنْهَى عَنِ اْلفَحْشاءِ وَاْلمُنْكَرِ وَاْلبَغْيِ يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ، وَاذْكُرُوا اللهَ اْلعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ، وَاشْكُرُوْهُ عَلىَ نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ، وَلَذِكْرُ اللهِ أَكْبَرُ

Penulis: Kang NuhinEditor: Moes
Exit mobile version