Khutbah Jumat Bahasa Jawa: “Muhasabah Akhir Syawal”

Ditulis oleh: M. Nuhin (Ketua LDNU Peterongan)

اَلْحَمْدُ لِلّٰهِ الَّذِيْ جَعَلَ رَمَضَانَ مَوْسِمًا لِلتِّجَارَةِ الرَّابِحَةِ، وَشَهْرَ شَوَّالٍ مَيْدَانًا لِلطَّاعَةِ الْمُتَتَابِعَةِ. أَشْهَدُ أَنْ لَا إِلٰهَ إِلَّا اللهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ، وَأَشْهَدُ أَنْ مُّحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ، خَيْرُ مَنْ قَامَ بِالطَّاعَةِ وَاسْتَقَامَ. اَللّٰهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى اٰلِهِ وَاَصْحَابِهِ اَجْمَعِيْنَ. أَمَّا بَعْدُ، فَيَا عِبَادَ اللهِ، أُوْصِيْكُمْ وَإِيَّايَ بِتَقْوَى اللهِ، فَقَدْ فَازَ الْمُتَّقُوْنَ وَ قَالَ اللهُ تَعَالَى يَٰأَيُّهَا ٱلَّذِينَ ءَامَنُوا ٱتَّقُوا ٱللَّهَ وَلْتَنظُرْ نَفْسٌ مَّا قَدَّمَتْ لِغَدٍ ۖ وَٱتَّقُوا ٱللَّهَ  إِنَّ ٱللَّهَ خَبِيرٌ بِمَا تَعْمَلُونَ

معاشرالحاضرين رحمكم الله

Wonten ing siang ingkang berkah meniko, monggo kitho tansah nambahi raos takwa dhumateng Alloh SWT. Takwa ingkang mboten namung dipun-ucapaken wonten ing lathi, nanging ugi dipun buktekaken kanthi njagi istiqomah sa’sampunipun kitho nindakaken ibadah wonten ing wulan Romadhon sarto Syawal ingkang sakedhap malih badhe nilaraken kitho.

Mboten kraos, kitho sampun dumugi wonten ing minggu terakhir wulan Syawal. Suasana riyoyo sampun mulai berkurang lan kitho sampun wangsul dhumateng rutinitas pendamelan kados biasanipun. Nanging, wonten setunggal pitakenan ingkang sanget wigati kagem manah kitho: “Sa’sampunipun Syawal telas, menopo kitho saestu sampun lulus saking pendidikan Romadhon dadi pribadi ingkang langkung sae?”

Wonten ing agami Islam, tondho bilih amal ibadah kitho dipun-tampi dening Alloh SWT sanes saking meriah-ipun riyoyo kitho, nanging saking perubahan karakter utawi akhlak kitho sasampunipun ibadah kasebat rampung. Para ulama nate paring dhawuh:

“Tondhone amal kesaenan ditompo dening Alloh, iku bilih sawise nindakake kesaenan kasebat, banjur diterusake kanthi kesaenan liyane.”

معاشرالحاضرين رحمكم الله

Monggo kitho pirsani dhiri kitho piyambak. Menopo sa’sampunipun Romadhon lan Syawal meniko sholat jamaah kitho taksih ajeg? Menopo lathi kitho taksih jagi saking ngrasani tiyang? Menopo raos peduli dhumateng fakir miskin taksih wonten ing manah kitho? Alloh SWT paring dhawuh dhumateng kitho supados tansah mawas dhiri:

يَٰأَيُّهَا ٱلَّذِينَ ءَامَنُوا ٱتَّقُوا ٱللَّهَ وَلْتَنظُرْ نَفْسٌ مَّا قَدَّمَتْ لِغَدٍ ۖ وَٱتَّقُوا ٱللَّهَ  إِنَّ ٱللَّهَ خَبِيرٌ بِمَا تَعْمَلُونَ

“He wong-wong kang podho iman, podho takwa o marang Alloh lan sak mestine saben wong iku nggate ake opo kang wis dilakoni kanggo dino sesuk (akhirat); lan takwa o marang Alloh, saktemene Alloh iku Moho Ngerteni marang apa kang siro lakoni.” (QS. Al-Hasyr: 18).

Ayat meniko ngajak kitho kagem ngetung-ngetung (muhasabah) sangu kitho. Romadhon lan Syawal meniko ibarat kitho nembe “ngisi bensin” kagem lelungan sapanjang setaun ngajeng. Bilih nembe mlebet sasi Dzulqa’dah mawon “bensin” iman kitho sampun telas, tegesipun kitho dèrèng saestu lulus kanthi predikat takwa.

Baca Juga  Khutbah Jumat Bahasa Jawa: “Cobaan, Peringatan, Lan Rahmat Gusti”

معاشرالحاضرين رحمكم الله

Rasululloh SAW nate paring pepeling bilih tiyang ingkang saestu sae inggih meniko tiyang ingkang saged njagi amalipun supados mboten muspro. Sampun ngantos kitho dadi tiyang ingkang sregep ibadah wonten ing wulan Romadhon lan Syawal, nanging sa’sampunipun meniko wangsul maksiat kados biasanipun. Rasulullah SAW dhawuh wonten ing setunggal hadits:

أَحَبُّ الْأَعْمَالِ إِلَى اللهِ أَدْوَمُهَا وَإِنْ قَلَّ

“Amal kang paling ditresnani dening Alloh yoiku amal kang ajeg (istiqomah), senajan amal kasebat mung sethithik.” (HR. Bukhari lan Muslim).

Milo saking meniko, wonten ing pungkasanipun Syawal meniko, monggo kitho nggadhahi tekad kagem tetep njagi pakulinan sae. Bilih riyoyo sampun rampung, ketaatan kitho dhumateng Alloh mboten pareng rampung. Jaganen shalat tahajjud  senajan namung kalih rakaat. Jaganen tilawah Al-Qur’anipun senajan namung setunggal lembar saben dinten. Amargi meniko tondho bilih kitho saestu dipun paringi hidayah kagem dadi pribadi ingkang “muttaqin” utawi tiyang ingkang takwa sapanjang hayat.

Mugi mugi kanthi muhasabah wonten ing akhir Syawal meniko, kitho sedoyo kalebet hamba Alloh ingkang dipun tampi amalipun, dipun lebur duso dusane, lan dipun paringi kekiyatan kagem terus istiqomah wonten ing margining kaislaman.

معاشرالحاضرين رحمكم الله

Minongko penutup, monggo kitho mantebaken manah kitho kagem terus nindakaken kabecikan.Sasi Syawal saged mawon telas, nanging Gusti Alloh ingkang kitho sembah tetep sami lan mboten nate sare. Monggo kitho njagi kerukunan lan silaturahmi ingkang sampun kitho bangun wingi supados tetep raket salajengipun.

بَارَكَ اللهُ لِيْ وَلَكُمْ فِي الْقُرْآنِ الْعَظِيْمِ، وَنَفَعَنِيْ وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ اْلآيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ، وَتَقَبَلَّ اللهُ مِنِّيْ وَمِنْكُمْ تِلاَوَتَهُ، إِنَّهُ هُوَ السَّمِيْعُ الْعَلِيْمُ، اَعُوْذُ بِاللهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيْمِ. وَاَمَّا مَنْ خَافَ مَقَامَ ربِّهِ ونَهَيَ النَّفْسَ عَنِ اْلَهوَى فَاِنَّ الْجَنَّةَ هِيَ اْلمَأْوَى, وَاَقُوْلُ قَوْلِى هَذَا وَاسْتَغْفِرُ لِى وَلَكُمْ وَلِوَالِدَيَّ وَلِسَائِرِ اْلمُسْلِمِيْنَ وَاْلمُسْلِمَاتِ فَاسْتَغْفِرْهُ اِنَّهُ هُوَاْلغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ

Baca Juga  Khutbah Idul Fitri Bahasa Jawa: Kemenangan Sejati Umat Islam

KHUTBAH KEDUA

الْحَمْدُ لِلّٰهِ حَمْدًا كَثِيْرًا كَمَا اَمَرَ، اَشْهَدُ اَنْ لَا اِلٰهَ اِلَّا اللّٰهُ وَحْدَهُ لَاشَرِيْكَ لَهُ اِرْغَامًا لِمَنْ جَحَدَ بِهِ وَ كَفَرَ، وَاَشْهَدُ اَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَ رَسُوْلُهُ سَيِّدُ الْخَلَاِئِقِ وَالْبَشَرِ. اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَ عَلَى اَلِهِ وَ اَصْحَابِهِ وَسَلِّمْ تَسْلِيْمًا كَثِيْراً

اَمَّا بَعْدُ، فَيَا عِبَادَ ﷲ، اتَّقُوا اللّٰهَ حَقَّ تُقٰتِهِ وَلَا تَمُوْتُنَّ اِلَّا وَاَنْتُمْ مُّسْلِمُوْنَ. وَاتَّقُوْا النَّارَ وَلَوْ بِشِقِّ تَمْرٍ   إِنَّ اللهَ أَمَرَكُمْ بِأَمْرٍ بَدَأَ فِيْهِ بِنَفْسِهِ وَثَنَّى بِمَلَائِكَتِهِ الْمُسَبِّحَةِ بِقُدْسِهِ، وَأَيُّهَا الْمُؤْمِنُوْنَ مِنْ جِنِّهِ وَإِنْسِهِ، فَقَالَ قَوْلًا كَرِيْمًا: اِنَّ اللّٰهَ وَمَلٰئِكَتَهُ يُصَلُّونَ عَلَى النَّبِىِّ، يٰۤـاَيُّهَا الَّذِينَ اٰمَنُوا صَلُّوا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيمًا

اَللّٰهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُؤْمِنِيْنَ وَاْلمُؤْمِنَاتِ وَاْلمُسْلِمِيْنَ وَاْلمُسْلِمَاتِ، اَلْأَحْياءِ مِنْهُمْ وَاْلاَمْوَاتِ. اَللَّهُمَّ أَصْلِحْنَا وَأَصْلِحْ أَحْوَالَنَا، وَأَصْلِحْ مَنْ فِي صَلَاحِهِمْ صَلَاحُنَا وَصَلَاحُ الْمُسْلِمِيْنَ، وَأْهْلِكْ مَنْ فِي هَلَاكِهِمْ صَلاحُنَا وَصَلَاحُ الْمُسْلِمِيْنَ، اَللّٰهُمَّ وَحِّدْ صُفُوْفَ الْمُسْلِمِيْنَ، وَارْزُقْنَا وَإِيَّاهُمْ زِيَادَةَ التَّقْوَى وَالْإِيْمَانِ، اَللّٰهُمَّ ادْفَعْ عَنَّا اْلبَلاَءَ وَاْلوَبَاءَ وَالزَّلاَزِلَ وَاْلمِحَنَ وَسُوْءَ اْلفِتَنِ مَا ظَهَرَ مِنْهَا وَمَا بَطَنَ عَنْ بَلَدِنَا إِنْدُونِيْسِيَّا خآصَّةً وَسَائِرِ بُلْدَانِ اْلمُسْلِمِيْنَ عامَّةً يَا رَبَّ اْلعَالَمِيْنَ، اَللّٰهُمَّ أَرِنَا الْحَقَّ حَقًّا وَارْزُقْنَا اتِّبَاعَهُ وَأَرِنَا الْبَاطِلَ بَاطِلًا وَارْزُقْنَا اجْتِنَابَهُ. رَبَّنَا آتِناَ فِى الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِى اْلآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ. وَاَلْحَمْدُ لِلّٰهِ رَبِّ الْعٰلَمِيْنَ

عٍبَادَ اللهِ، إِنَّ اللهَ يَأْمُرُ بِاْلعَدْلِ وَاْلإِحْسَانِ وَإِيْتاءِ ذِي اْلقُرْبىَ وَيَنْهَى عَنِ اْلفَحْشاءِ وَاْلمُنْكَرِ وَاْلبَغْيِ يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ، وَاذْكُرُوا اللهَ اْلعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ، وَاشْكُرُوْهُ عَلىَ نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ، وَلَذِكْرُ اللهِ أَكْبَرُ

Tinggalkan Balasan

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *