KHUTBAH PERTAMA
اَلْحَمْدُ لِلّٰهِ الَّذِيْ جَعَلَ الصَّفْحَ وَالْعَفْوَ مِنْ شِيَمِ الْمُتَّقِيْنَ، وَأَمَرَنَا بِإِصْلَاحِ ذَاتِ الْبَيْنِ. أَشْهَدُ أَنْ لَا إِلٰهَ إِلَّا اللهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ، الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ، وَأَشْهَدُ أَنْ مُّحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ، خَيْرُ مَنْ عَفَا وَصَفَحَ. اَللّٰهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى اٰلِهِ وَاَصْحَابِهِ اَجْمَعِيْنَ. أَمَّا بَعْدُ،
فَيَا عِبَادَ اللهِ، أُوْصِيْكُمْ وَإِيَّايَ بِتَقْوَى اللهِ، فَقَدْ فَازَ الْمُتَّقُوْنَ وَ قَالَ اللهُ تَعَالَى: يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اسْتَعِينُوا بِالصَّبْرِ وَالصَّلَاةِ ۚ إِنَّ اللهَ مَعَ الصَّابِرِينَ
معاشر الحاضرين رحمكم الله
Wonten ing siang ingkang penuh barakah meniko, monggo kitho mboten bosen bosen tansah nambahi raos takwa dhumateng Alloh SWT. Takwa meniko sanes namung babagan nindakaken sholat utawi siyam kemawon, nanging ugi kados pundi kitho saged njagi manah saking penyakit penyakit ingkang saged ngerusak amal ibadah kitho. Salah setunggalipun bukti takwa ingkang saestu inggih meniko nggadhahi manah ingkang jembar kagem maringi pangapunten dhumateng sesami manungso, senajan kitho nggadhahi kekiyatan kagem males
Kitho sampon mlebet minggu kedua wulan Syawal, wulan ingkang identik kaliyan Halal Bihalal, silih nyuwun lan maringi pangapunten. Nanging, sering sanget kitho ngerasaken bilih sifat pemaaf meniko namung “musiman”. Naliko wulan Syawal telas, manah kitho wangsul atos malih. Menawi wonten tonggo utawi sedherek ingkang damel kaluputan sakedhik mawon, kitho gampil nesu, gampil nyimpen dendam, lan gampil medhot tali silaturahmi.
Padahal, kitho sedoyo meniko hamba saking Dzat ingkang Maha Pemaaf, inggih meniko Alloh SWT. Alloh nggadhahi asma Al Ghaffur lan Al Afuww. Bayangaken para jamaah, Alloh SWT ingkang mboten nate nggadhahi kaluputan mawon tansah maringi pangapuro dhumateng kitho ingkang duso lan luputipun saben dinten nambah. Menapa kitho menungso ingkang kebak duso meniko pantes nggadhahi manah ingkang sombong lan wegah maringi pangapuro, Alloh SWT sampun paring dhawuh wonten ing AlQur’an:
وَٱلْكَٰظِمِينَ ٱلْغَيْظَ وَٱلْعَافِينَ عَنِ ٱلنَّاسِ ۗ وَٱللَّهُ يُحِبُّ ٱلْمُحْسِنِينَ
“Lan wong wong kang podho biso nahan nepsune lan gelem paring pangapuro marang (luputing) menungso. Lan Alloh iku tresno marang wong wong kang podho gawe kabecikan.” (QS. Ali Imran: 134).
Ayat meniko negasaken bilih drajatipun tiyang ingkang pemaaf meniko sejajar kaliyan tiyang ingkang nindakaken Ihsan (kabecikan ingkang sampurno). Tiyang ingkang pemaaf sapanjang hayat meniko tiyang ingkang saged ngalahaken hawa nepsunipun piyambak.
Ma’asyiral muslimin Rahimakumullah
Maringi pangapuro meniko pancen mboten gampil. Kadhangkala manah kitho kroso perih amargi dipun larani utawi dipun khianati. Nanging, monggo kitho renungaken, nyimpen dendam meniko ibarat kitho manggul beban watu ingkang abot sanget wonten ing pundhak kitho sapanjang gesang. Menawi watu meniko mboten enggal dipun buwang mawi sifat pemaaf, milo gesang kitho badhe rumaos sayah, ibadah kitho badhe sepa, lan manah kitho mboten badhe nate ngerasaken katentreman.
Dendam meniko kados dene racun ingkang kitho ombe piyambak, nanging kitho ngajengajeng tiyang sanes ingkang pejah. Tiyang ingkang mboten pemaaf sapanjang hayat badhe ngerusak silaturahmi ingkang sampun dipun bangun dangu. Paseduluran meniko mbetahaken “banyu” pangapuro supados tetep seger. Bilih silaturahmi namung dipun siram Naliko wulan Syawal kemawon, milo wonten ing wulan wulan sanesipun paseduluran kitho badhe alum lan pejah amargi wontenipun ganjelan manah ingkang mboten nate dipun udari.
Rasululloh SAW sampun paring tulodho ingkang agung. Panjenenganipun nate dipun larani dening penduduk Thaif ngantos rahipun milih, nanging nopo nabi bales? Mboten. Nabi malah ndongakaken kesaenan kagem tiyang tiyang kasebat. Meniko bukti bilih pemaaf meniko kemulyan, kados dhawuhipun:
مَا نَقَصَتْ صَدَقَةٌ مِنْ مَالٍ، وَمَا زَادَ اللهُ عَبْدًا بِعَفْوٍ إِلَّا عِزًّا
“Bondho ora bakal kurang amargi sodaqoh, lan Alloh ora bakal nambahi marang sawijining hamba amargi sifate kang pemaaf, kajobo kemulyan (ing drajate).” (HR. Muslim).
Milo saking meniko, monggo kitho dadosaken sifat pemaaf meniko minongko “gaya hidup” utawi pakulinan saben dinten. Sampun nunggu dinten riyadin malih kagem nyuwun ngapuro. Naliko wonten sedherek ingkang salah, enggal enggal dipun paringi pangapuro saderengipun dadi dendam ingkang ngerusak jiwa.
Mugi-mugi Alloh SWT tansah njagi manah kitho supados tetep jembar, tetep sabar, lan tetep dados hamba ingkang remen maringi pangapuro sapanjang gesang kitho.
Ma’asyiral muslimin Rahimakumullah
Minongko panutup khutbah siang meniko, monggo kitho mantebaken tekad kagem dados tiyang ingkang pemaaf. Élingo para jamaah, kitho sedaya meniko nggadhahi duso dhumateng Alloh ingkang mboten saget dipun etung cacahipun. Bilih kitho pengen dipun paringi pangapuro dening Alloh ingkang Maha Agung, milo kitho ugi kedah loman maringi pangapuro dhumateng sesami menungso ingkang dusonipun dhumateng kitho namung sakedhik.
Mugi mugi saderengipun kitho nilaraken masjid meniko, manah kitho sampun resik saking raos dendam dhumateng tonggo, konco, utawi sedherek. Dadosaken saben dinten kados dene dinten riyadin kagem njagi kesucian manah saking penyakit drengki lan sapanunggalanipun.
بَارَكَ اللهُ لِيْ وَلَكُمْ فِي الْقُرْآنِ الْعَظِيْمِ، وَنَفَعَنِيْ وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ اْلآيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ، وَتَقَبَلَّ اللهُ مِنِّيْ وَمِنْكُمْ تِلاَوَتَهُ، إِنَّهُ هُوَ السَّمِيْعُ الْعَلِيْمُ، اَعُوْذُ بِاللهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيْمِ. وَاَمَّا مَنْ خَافَ مَقَامَ ربِّهِ ونَهَيَ النَّفْسَ عَنِ اْلَهوَى فَاِنَّ الْجَنَّةَ هِيَ اْلمَأْوَى, وَاَقُوْلُ قَوْلِى هَذَا وَاسْتَغْفِرُ لِى وَلَكُمْ وَلِوَالِدَيَّ وَلِسَائِرِ اْلمُسْلِمِيْنَ وَاْلمُسْلِمَاتِ فَاسْتَغْفِرْهُ اِنَّهُ هُوَاْلغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ
KHUTBAH KEDUA
الْحَمْدُ لِلّٰهِ حَمْدًا كَثِيْرًا كَمَا اَمَرَ، اَشْهَدُ اَنْ لَا اِلٰهَ اِلَّا اللّٰهُ وَحْدَهُ لَاشَرِيْكَ لَهُ اِرْغَامًا لِمَنْ جَحَدَ بِهِ وَ كَفَرَ، وَاَشْهَدُ اَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَ رَسُوْلُهُ سَيِّدُ الْخَلَاِئِقِ وَالْبَشَرِ. اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَ عَلَى اَلِهِ وَ اَصْحَابِهِ وَسَلِّمْ تَسْلِيْمًا كَثِيْراً. اَمَّا بَعْدُ،
فَيَا عِبَادَ ﷲ، اتَّقُوا اللّٰهَ حَقَّ تُقٰتِهِ وَلَا تَمُوْتُنَّ اِلَّا وَاَنْتُمْ مُّسْلِمُوْنَ. وَاتَّقُوْا النَّارَ وَلَوْ بِشِقِّ تَمْرٍ إِنَّ اللهَ أَمَرَكُمْ بِأَمْرٍ بَدَأَ فِيْهِ بِنَفْسِهِ وَثَنَّى بِمَلَائِكَتِهِ الْمُسَبِّحَةِ بِقُدْسِهِ، وَأَيُّهَا الْمُؤْمِنُوْنَ مِنْ جِنِّهِ وَإِنْسِهِ، فَقَالَ قَوْلًا كَرِيْمًا: اِنَّ اللّٰهَ وَمَلٰئِكَتَهُ يُصَلُّونَ عَلَى النَّبِىِّ، يٰۤـاَيُّهَا الَّذِينَ اٰمَنُوا صَلُّوا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيمًا
اَللّٰهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُؤْمِنِيْنَ وَاْلمُؤْمِنَاتِ وَاْلمُسْلِمِيْنَ وَاْلمُسْلِمَاتِ، اَلْأَحْياءِ مِنْهُمْ وَاْلاَمْوَاتِ. اَللَّهُمَّ أَصْلِحْنَا وَأَصْلِحْ أَحْوَالَنَا، وَأَصْلِحْ مَنْ فِي صَلَاحِهِمْ صَلَاحُنَا وَصَلَاحُ الْمُسْلِمِيْنَ، وَأْهْلِكْ مَنْ فِي هَلَاكِهِمْ صَلاحُنَا وَصَلَاحُ الْمُسْلِمِيْنَ، اَللّٰهُمَّ وَحِّدْ صُفُوْفَ الْمُسْلِمِيْنَ، وَارْزُقْنَا وَإِيَّاهُمْ زِيَادَةَ التَّقْوَى وَالْإِيْمَانِ، اَللّٰهُمَّ ادْفَعْ عَنَّا اْلبَلاَءَ وَاْلوَبَاءَ وَالزَّلاَزِلَ وَاْلمِحَنَ وَسُوْءَ اْلفِتَنِ مَا ظَهَرَ مِنْهَا وَمَا بَطَنَ عَنْ بَلَدِنَا إِنْدُونِيْسِيَّا خآصَّةً وَسَائِرِ بُلْدَانِ اْلمُسْلِمِيْنَ عامَّةً يَا رَبَّ اْلعَالَمِيْنَ، اَللّٰهُمَّ أَرِنَا الْحَقَّ حَقًّا وَارْزُقْنَا اتِّبَاعَهُ وَأَرِنَا الْبَاطِلَ بَاطِلًا وَارْزُقْنَا اجْتِنَابَهُ. رَبَّنَا آتِناَ فِى الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِى اْلآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ. وَاَلْحَمْدُ لِلّٰهِ رَبِّ الْعٰلَمِيْنَ
عٍبَادَ اللهِ، إِنَّ اللهَ يَأْمُرُ بِاْلعَدْلِ وَاْلإِحْسَانِ وَإِيْتاءِ ذِي اْلقُرْبىَ وَيَنْهَى عَنِ اْلفَحْشاءِ وَاْلمُنْكَرِ وَاْلبَغْيِ يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ، وَاذْكُرُوا اللهَ اْلعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ، وَاشْكُرُوْهُ عَلىَ نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ، وَلَذِكْرُ اللهِ أَكْبَرُ
Penulis : Kang_Nuhin














