Khutbah jumat berbahasa Jawa berjudul sifat orang orang yang sabar
ditulis oleh Kang Nuhin (pengurus LDNU Peterongan)
KHUTBAH PERTAMA
اَلْحَمْدُ ِللهِ الْعَزِيْزِ الْقَهَّارِ، نَسْتَعِيْنُهُ وَ نَسْتَهْدِيْهِ، وَ نُؤْمِنُ بِهِ وَ نَتَوَكَّلُ عَلَيْهِ وَ نَشْكُرُهُ وَ لاَ نَكْفُرُهُ وَ نَخْلَعُ وَ نَتْرُكُ مَنْ يَفْجُرُهُ , أَشْهَدَ أَنَّ لاَ إِلهَ إِلاَّ اللهُ وَ أَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا رَسُوْلُ الله لاَ إِلهَ إِلاَّ اللهُ، اَلْمُتَوَحِّدُ فِيْ الْجَلاَلِ بَكَمَالِ الْجَلاَلِ تَعْظِيْمًا وَ تَقْدِيْرًا, وَالصَّلاَةُ وَالسَّلاَمُ عَلَى سَيِّدِ الْمُرْسَلِيْنَ، وَإِمَامِ الْمُتَّقِيْنَ وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ الطَّيِّبِيْنَ الطَّاهِرِيْنَ، يَآأَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوْا اِتَّقُوْا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَ مَنْ يَتَّقِ اللهَ يَجْعَلْ لَهُ مَخْرَجًا وَ يَرْزُقْهُ مِنْ حَيْثُ لاَ يَحْتَسِبُ، فَاتَّقُوْا اللهَ يَا عِبَادَ اللهِ
وَ قَالَ اللهُ تَعَالَى: مَن كَانَ يُرِيدُ الْعِزَّةَ فَلِلَّـهِ الْعِزَّةُ جَمِيعًا ۚ إِلَيْهِ يَصْعَدُ الْكَلِمُ الطَّيِّبُ وَالْعَمَلُ الصَّالِحُ يَرْفَعُهُ ۚ وَالَّذِينَ يَمْكُرُونَ السَّيِّئَاتِ لَهُمْ عَذَابٌ شَدِيدٌ ۖ وَمَكْرُ أُولَـٰئِكَ هُوَ يَبُورُ :اَمَّا بَعْدُ
Para hadirin ingkang satuhu kinurmatan,
sumangga kita tansah ngunjukaken puji syukur dhumateng ngarsanipun Alloh SWT ingkang sampun maringi kita sedaya nikmat, rahmat, saha rahmatipun ingkang tanpa henti. Wonten ing kesempatan ingkang barokah punika, sumangga kita sedhela ngrenungaken salah satunggaling sifat ingkang paling mulya wonten ing ajaran Islam, inggih punika sabar.
معاشرالحاضرين رحمكم الله
Alloh SWT ngendika wonten ing Al Qur’an:
وَلَنَبْلُوَنَّكُمْ بِشَيْءٍ مِّنَ الْخَوفْ وَالْجُوعِ وَنَقْصٍ مِّنَ الأَمَوَالِ وَالأنفُسِ وَالثَّمَرَاتِ وَبَشِّرِ الصَّابِرِينَ -١٥٥-
“Lan satemene Ingsun bakal nguji sira kanthi rasa wedi sathithik, keluwen, kekurangan bandha, nyawa lan woh-wohan. wènèhana kabar kabungahan marang wong sing sabar” QS Al-Baqarah ayat 153
Sabar iku sifat kang banget dianjurake dening Alloh lan Rasul-Nya. Sabar iku ora mung kuat nahan kasusahan utawa kasangsaran, nanging sabar uga minangka sikap ati kang kebak ayem lan ikhlas ngadhepi pacoban urip. Sabar iku uga tekad tetep istiqomah ing dalan kang bener, senajan akeh alangan kang nekani.
Sabar ing agama Islam kabagi dadi telung macem, yaiku sabar ngadhepi cobaan, sabar nindakake dhawuhe Alloh, lan sabar ngedohi larangane.
- Sabar ngadhepi pacoban. Saben manungsa mesthi bakal diuji dening Alloh SWT kanthi maneka warna pacoban, apa wae kang awujud rekasa, lara, kapitunan, utawa masalah urip liyane. Amarga Alloh ora bakal menehi beban sing ngluwihi kemampuan manungsa,
وَقَالَ عَلَيْهِ الصَّلَاةُ وَالسَّلَامُ: الصَّبْرُ عِنْدَ الْمُصِيْبَةِ بِتِسْعِمِائَةِ دَرَجَةٍ
Kanjeng Nabi SAW ngendika, “Sabar nalika kena musibah iku (ganjaran) sangang atus drajat.” (HR An Nawawi)
Dadi, nalika ngadhepi cobaan, kita kudu sabar lan percaya yen saben pacoban sing diwenehake dening Alloh mesthi ana hikmahe. Lan kebak kapercayan yen kabeh sing ana ing donya iki kagungane Alloh lan bali marang Alloh piyambak. - Sabar anggenipun nindakaken dhawuhipun Gusti. Minangka umat Islam, kita wajib manut lan nindakake dhawuhipun Alloh, senajan kadang-kadang dhawuh kasebut ora cocog karo kekarepan kita. Umpamane sholat limang wektu, pasa ing wulan Ramadhan, lan zakat. Iki kabeh mbutuhake kesabaran supaya bisa nindakake kanthi apik.
Alloh ngandika ing QS Al-Baqarah ayat 153:
يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُواْ اسْتَعِينُواْ بِالصَّبْرِ وَالصَّلاَةِ إِنَّ اللّهَ مَعَ الصَّابِرِينَ -١٥٣
“He wong-wong sing iman, sabar lan sholat dadia penolongmu, satemene Alloh iku nunggil karo wong-wong sing sabar.” - Sabar nebihi laranganipun. Sabar uga dibutuhake nalika kita ngadhepi pacoban lan tumindak sing dilarang dening Alloh, kayata ngapusi, nyolong, utawa laku jina. Ninggalake tumindak sing dilarang Alloh mbutuhake kekuatan sabar sing luar biasa.
Para rawuh ingkang kinurmatan,
Mangga kita nambah sabar ing saben aspek gesang kita. Nalika kita rumangsa kesel, frustasi, utawa ora duwe pengarep-arep, elinga yen sabar iku salah sawijining kunci kanggo seneng lan menang.
Sumangga kita ndadosaken sabar minangka perangan saking gesang padintenan. Ing saben ujian urip, yakin yen Gusti Alloh ora bakal ninggalake kita. Alloh iku tansah nunggil karo wong-wong kang sabar, lan ganjarane gedhe banget.
Sumangga kita ndedonga dhumateng Alloh SWT mugi-mugi tansah kaparingan kakiyatan supados tansah sabar ngadhepi sedaya pacoban gesang, mugi-mugi kita sedaya saged dados abdinipun ingkang sabar lan tansah pikantuk hidayahipun.
بَارَكَ اللهُ لِيْ وَلَكُمْ فِي الْقُرْآنِ الْعَظِيْمِ، وَنَفَعَنِيْ وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ اْلآيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ، وَتَقَبَلَّ اللهُ مِنِّيْ وَمِنْكُمْ تِلاَوَتَهُ، إِنَّهُ هُوَ السَّمِيْعُ الْعَلِيْمُ، اَعُوْذُ بِاللهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيْمِ. وَاَمَّا مَنْ خَافَ مَقَامَ ربِّهِ ونَهَيَ النَّفْسَ عَنِ اْلَهوَى فَاِنَّ الْجَنَّةَ هِيَ اْلمَأْوَى, وَاَقُوْلُ قَوْلِى هَذَا وَاسْتَغْفِرُ لِى وَلَكُمْ وَلِوَالِدَيَّ وَلِسَائِرِ اْلمُسْلِمِيْنَ وَاْلمُسْلِمَاتِ فَاسْتَغْفِرْهُ اِنَّهُ هُوَاْلغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ
KHUTBAH KEDUA
الْحَمْدُ لِلّٰهِ حَمْدًا كَثِيْرًا كَمَا اَمَرَ، اَشْهَدُ اَنْ لَا اِلٰهَ اِلَّا اللّٰهُ وَحْدَهُ لَاشَرِيْكَ لَهُ اِرْغَامًا لِمَنْ جَحَدَ بِهِ وَ كَفَرَ، وَاَشْهَدُ اَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَ رَسُوْلُهُ سَيِّدُ الْخَلَاِئِقِ وَالْبَشَرِ. اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَ عَلَى اَلِهِ وَ اَصْحَابِهِ وَسَلِّمْ تَسْلِيْمًا كَثِيْراً. اَمَّا بَعْدُ، فَيَا عِبَادَ ﷲ، اتَّقُوا اللّٰهَ حَقَّ تُقٰتِهِ وَلَا تَمُوْتُنَّ اِلَّا وَاَنْتُمْ مُّسْلِمُوْنَ. وَاتَّقُوْا النَّارَ وَلَوْ بِشِقِّ تَمْرٍ إِنَّ اللهَ أَمَرَكُمْ بِأَمْرٍ بَدَأَ فِيْهِ بِنَفْسِهِ وَثَنَّى بِمَلَائِكَتِهِ الْمُسَبِّحَةِ بِقُدْسِهِ، وَأَيُّهَا الْمُؤْمِنُوْنَ مِنْ جِنِّهِ وَإِنْسِهِ، فَقَالَ قَوْلًا كَرِيْمًا: اِنَّ اللّٰهَ وَمَلٰئِكَتَهُ يُصَلُّونَ عَلَى النَّبِىِّ، يٰۤـاَيُّهَا الَّذِينَ اٰمَنُوا صَلُّوا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيمًا اَللّٰهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُؤْمِنِيْنَ وَاْلمُؤْمِنَاتِ وَاْلمُسْلِمِيْنَ وَاْلمُسْلِمَاتِ، اَلْأَحْياءِ مِنْهُمْ وَاْلاَمْوَاتِ. اَللَّهُمَّ أَصْلِحْنَا وَأَصْلِحْ أَحْوَالَنَا، وَأَصْلِحْ مَنْ فِي صَلَاحِهِمْ صَلَاحُنَا وَصَلَاحُ الْمُسْلِمِيْنَ، وَأْهْلِكْ مَنْ فِي هَلَاكِهِمْ صَلاحُنَا وَصَلَاحُ الْمُسْلِمِيْنَ، اَللّٰهُمَّ وَحِّدْ صُفُوْفَ الْمُسْلِمِيْنَ، وَارْزُقْنَا وَإِيَّاهُمْ زِيَادَةَ التَّقْوَى وَالْإِيْمَانِ، اَللّٰهُمَّ ادْفَعْ عَنَّا اْلبَلاَءَ وَاْلوَبَاءَ وَالزَّلاَزِلَ وَاْلمِحَنَ وَسُوْءَ اْلفِتَنِ مَا ظَهَرَ مِنْهَا وَمَا بَطَنَ عَنْ بَلَدِنَا إِنْدُونِيْسِيَّا خآصَّةً وَسَائِرِ بُلْدَانِ اْلمُسْلِمِيْنَ عامَّةً يَا رَبَّ اْلعَالَمِيْنَ، اَللّٰهُمَّ أَرِنَا الْحَقَّ حَقًّا وَارْزُقْنَا اتِّبَاعَهُ وَأَرِنَا الْبَاطِلَ بَاطِلًا وَارْزُقْنَا اجْتِنَابَهُ. رَبَّنَا آتِناَ فِى الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِى اْلآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ. وَاَلْحَمْدُ لِلّٰهِ رَبِّ الْعٰلَمِيْنَ عٍبَادَ اللهِ، إِنَّ اللهَ يَأْمُرُ بِاْلعَدْلِ وَاْلإِحْسَانِ وَإِيْتاءِ ذِي اْلقُرْبىَ وَيَنْهَى عَنِ اْلفَحْشاءِ وَاْلمُنْكَرِ وَاْلبَغْيِ يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ، وَاذْكُرُوا اللهَ اْلعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ، وَاشْكُرُوْهُ عَلىَ نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ، وَلَذِكْرُ اللهِ أَكْبَرُ














