Khutbah Jum’at Bahasa Jawa: “Ngugemi Romadhon kanthi Iman, Njagi Lathi, lan Nggayuh Kamulyan”

Ditulis oleh: M. Nuhin (Ketua LDNU Peterongan)

KHUTBAH PERTAMA

اَلْحَمْدُ لِلّٰهِ الَّذِيْ هَدَانَا لِهٰذَا وَمَا كُنَّا لِنَهْتَدِيَ لَوْلَا أَنْ هَدَانَا اللّٰهُ. أَشْهَدُ أَنْ لَا إِلٰهَ إِلَّا اللّٰهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ، وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ لَا نَبِيَّ بَعْدَهُ.

اَللّٰهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى اٰلِهِ وَاَصْحَابِهِ اَجْمَعِيْنَ. أَمَّا بَعْدُ، فَيَا عِبَادَ اللهِ، أُوْصِيْكُمْ وَإِيَّايَ بِتَقْوَى اللهِ، فَقَدْ فَازَ الْمُتَّقُوْنَ.

وَ قَالَ اللهُ تَعَالَى: إِنَّا أَنْزَلْنَاهُ فِي لَيْلَةِ الْقَدْرِ . وَمَا أَدْرَاكَ مَا لَيْلَةُ الْقَدْرِ . لَيْلَةُ الْقَدْرِ خَيْرٌ مِنْ أَلْفِ شَهْر

معاشرالحاضرين رحمكم الله 

Langkung rumiyin, sumonggo kitho sami-sami muji syukur dhumateng Alloh SWT, ingkang sampun paring kesempatan, kesehatan, lan welas asihipun dhumateng kitho, sehingga kitho saged nindakaken sholat Jum’at wonten ing Jum’at kapisan wulan Romadhon

Sholawat lan salam mugi katetepna dhumateng Kanjeng Nabi Muhammad SAW, ingkang sampun paring piwulang agung kanthi Sunnah sunnahipun.

Ing dinten ingkang mulya puniko sumonggo  sami ningkataken taqwa kitho dhumateng Alloh Subhanahu wa Ta’ala kanthi nindakaken dhawuhipun soho nebihi sedoyo laranganipun. Mugi-mugi Alloh tansah nuntun kitho ing dalan kang lurus.

معاشرالحاضرين رحمكم الله

Alhamdulillah, dinten meniko kitho sampun napak wonten ing Jum’at kapisan wulan Romadhon. Meniko bukti bilih Alloh taksih tresno dhumateng kitho, paring wekdal kagem mampir wonten ing “Madrasah Romadhon”.

Wonten ing Jum’at kapisan meniko, monggo kitho sadari bilih Romadhon meniko “Kesempatan Emas kagem Ngumbah Duso”. Mumpung taksih awal, monggo kitho ginaaken janji Rasululloh SAW:

مَنْ صَامَ رَمَضَانَ إِيمَانًا وَاحْتِسَابًا غُفِرَ لَهُ مَا تَقَدَّمَ مِنْ ذَنْبِهِ

“Sopo wonge kang poso ing wulan Romadhon kanthi dhedhasar iman lan nggolek ridho (saking Alloh), mongko bakal dingapura duso-dusone kang wis kelakon.” (HR. Bukhari lan Muslim).

Ananging poro jamaah, wonten bab ingkang kedah kitho jagi supados “umbah-umbah” duso meniko saged resik temenan. Kitho sampun nahan luwe lan ngelak wiwit subuh ngantos maghrib, nanging jebul mboten pikantuk pahala Menopo-Menopo amargi mboten saged “Njagi Lathi lan Manah”. Rasulullah SAW paring piweling wonten hadits:

Baca Juga  Khutbah Jumat Bahasa Jawa: “Isra Mi’raj: Mukjizat Iman lan Isyarat Kawicaksanan Ilmu”

رُبَّ صَائِمٍ حَظُّهُ مِنْ صِيَامِهِ الْجُوعُ وَالْعَطَشُ، وَرُبَّ قَائِمٍ حَظُّهُ مِنْ قِيَامِهِ السَّهَرُ

“Akeh wong kang poso, nanging ora oleh opo-opo kejobo mung luwe lan ngelak. Lan akeh wong kang shalat wengi (tahajjud/tarawih), nanging ora oleh opo-opo kejobo mung melek bengi .” (HR. Ahmad lan An-Nasa’i).

Cubo kitho pirsani dhiri kitho piyambak. Menopo naliko poso (siyam) ngeten meniko lathi kitho taksih kerso ngrasani tanggi, Menopo manah kitho taksih kebak roso meri. Bilih inggih, milo siyam kitho namung pindhah jam dhahar. Siyam ingkang sejati meniko dados tameng saking tumindak ingkang mboten sae.

معاشرالحاضرين رحمكم الله

Saklajengipun, sampun ngantos semangat kitho meniko namung kenceng wonten ing awal wulan mawon. Hadiah utama Romadhon meniko wonten ing pungkasanipun, inggih meniko Lailatul Qodar. Alloh SWT dhawuh wonten ing Surah Al-Qadr ayat 1-3:

إِنَّا أَنْزَلْنَاهُ فِي لَيْلَةِ الْقَدْرِ . وَمَا أَدْرَاكَ مَا لَيْلَةُ الْقَدْرِ . لَيْلَةُ الْقَدْرِ خَيْرٌ مِنْ أَلْفِ شَهْرٍ

“Saktemene Ingsun (Alloh) wis nurunake Al-Qur’an ing wengi Lailatul Qodar. Lan opo siro weruh opo iku wengi Lailatul Qodar? Wengi Lailatul Qodar iku luwih becik tinimbang sewu wulan.”

Supados kitho saged nggayuh kamulyan meniko, kitho kedah ngrancang strategi wiwit dinten meniko. Ampun nunggu dinten kaping selikur nembe sregep. Dadosaken dinten-dinten awal Romadhon meniko minongko latihan, supados naliko dumugi ing pungkasanipun, kitho sampun kulino lan siap nampi Lailatul Qodar kanthi manah ingkang khusyuk.

Mugi-mugi Alloh SWT paring istiqomah dhumateng kitho sedoyo, supados saged nuntaskan Romadhon taun meniko kanthi prestasi iman lan taqwa ingkang paling sae.

بَارَكَ اللهُ لِيْ وَلَكُمْ فِي الْقُرْآنِ الْعَظِيْمِ، وَنَفَعَنِيْ وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ اْلآيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ، وَتَقَبَلَّ اللهُ مِنِّيْ وَمِنْكُمْ تِلاَوَتَهُ، إِنَّهُ هُوَ السَّمِيْعُ الْعَلِيْمُ، اَعُوْذُ بِاللهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيْمِ. لَقَدْ كَانَ لَكُمْ فِي رَسُولِ اللَّهِ أُسْوَةٌ حَسَنَةٌ لِمَنْ كَانَ يَرْجُو اللَّهَ وَالْيَوْمَ الْآخِرَ وَذَكَرَ اللَّهَ كَثِيرًا, وَاَقُوْلُ قَوْلِى هَذَا وَاسْتَغْفِرُ لِى وَلَكُمْ وَلِوَالِدَيَّ وَلِسَائِرِ اْلمُسْلِمِيْنَ وَاْلمُسْلِمَاتِ فَاسْتَغْفِرْهُ اِنَّهُ هُوَاْلغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ

Baca Juga  Khutbah Jumat Bahasa Jawa: “Barokah Wulan Rajab lan Muhasabah Pergantian taun”

KHUTBAH KEDUA

الْحَمْدُ لِلَّهِ حَمْدًا كَثِيرًا طَيِّبًا مُبَارَكًا فِيهِ كَمَا يُحِبُّ رَبُّنَا وَيَرْضَاهُ ، اَشْهَدُ اَنْ لَا اِلٰهَ اِلَّا اللّٰهُ وَحْدَهُ لَاشَرِيْكَ لَهُ اِرْغَامًا لِمَنْ جَحَدَ بِهِ وَ كَفَرَ، وَاَشْهَدُ اَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَ رَسُوْلُهُ سَيِّدُ الْخَلَاِئِقِ وَالْبَشَرِ. اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَ عَلَى اَلِهِ وَ اَصْحَابِهِ وَسَلِّمْ تَسْلِيْمًا كَثِيْراً

اَمَّا بَعْدُ، فَيَا عِبَادَ ﷲ، اتَّقُوا اللّٰهَ حَقَّ تُقٰتِهِ وَلَا تَمُوْتُنَّ اِلَّا وَاَنْتُمْ مُّسْلِمُوْنَ. وَاتَّقُوْا النَّارَ وَلَوْ بِشِقِّ تَمْرٍ   إِنَّ اللهَ أَمَرَكُمْ بِأَمْرٍ بَدَأَ فِيْهِ بِنَفْسِهِ وَثَنَّى بِمَلَائِكَتِهِ الْمُسَبِّحَةِ بِقُدْسِهِ، وَأَيُّهَا الْمُؤْمِنُوْنَ مِنْ جِنِّهِ وَإِنْسِهِ، فَقَالَ قَوْلًا كَرِيْمًا: اِنَّ اللّٰهَ وَمَلٰئِكَتَهُ يُصَلُّونَ عَلَى النَّبِىِّ، يٰۤـاَيُّهَا الَّذِينَ اٰمَنُوا صَلُّوا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيمًا

اَللّٰهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُؤْمِنِيْنَ وَاْلمُؤْمِنَاتِ وَاْلمُسْلِمِيْنَ وَاْلمُسْلِمَاتِ، اَلْأَحْياءِ مِنْهُمْ وَاْلاَمْوَاتِ. اَللَّهُمَّ أَصْلِحْنَا وَأَصْلِحْ أَحْوَالَنَا، وَأَصْلِحْ مَنْ فِي صَلَاحِهِمْ صَلَاحُنَا وَصَلَاحُ الْمُسْلِمِيْنَ، وَأْهْلِكْ مَنْ فِي هَلَاكِهِمْ صَلاحُنَا وَصَلَاحُ الْمُسْلِمِيْنَ، اَللّٰهُمَّ وَحِّدْ صُفُوْفَ الْمُسْلِمِيْنَ، وَارْزُقْنَا وَإِيَّاهُمْ زِيَادَةَ التَّقْوَى وَالْإِيْمَانِ، اَللّٰهُمَّ ادْفَعْ عَنَّا اْلبَلاَءَ وَاْلوَبَاءَ وَالزَّلاَزِلَ وَاْلمِحَنَ وَسُوْءَ اْلفِتَنِ مَا ظَهَرَ مِنْهَا وَمَا بَطَنَ عَنْ بَلَدِنَا إِنْدُونِيْسِيَّا خآصَّةً وَسَائِرِ بُلْدَانِ اْلمُسْلِمِيْنَ عامَّةً يَا رَبَّ اْلعَالَمِيْنَ، اَللّٰهُمَّ أَرِنَا الْحَقَّ حَقًّا وَارْزُقْنَا اتِّبَاعَهُ وَأَرِنَا الْبَاطِلَ بَاطِلًا وَارْزُقْنَا اجْتِنَابَهُ. رَبَّنَا آتِناَ فِى الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِى اْلآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ. وَاَلْحَمْدُ لِلّٰهِ رَبِّ الْعٰلَمِيْنَ

عٍبَادَ اللهِ، إِنَّ اللهَ يَأْمُرُ بِاْلعَدْلِ وَاْلإِحْسَانِ وَإِيْتاءِ ذِي اْلقُرْبىَ وَيَنْهَى عَنِ اْلفَحْشاءِ وَاْلمُنْكَرِ وَاْلبَغْيِ يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ، وَاذْكُرُوا اللهَ اْلعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ، وَاشْكُرُوْهُ عَلىَ نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ، وَلَذِكْرُ اللهِ أَكْبَرُ

Tinggalkan Balasan

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *