“Petengipun Rembulan, Padhangipun Iman Ing Wulan Romadhon”
KHUTBAH PERTAMA
03 Maret 2026 M / 13 Romadhon 1447 H
Kang Nuhin
اَلْحَمْدُ لِلّٰهِ الَّذِيْ خَلَقَ الشَّمْسَ وَالْقَمَرَ بِحُسْبَانٍ، وَجَعَلَ الْكُسُوْفَ وَالْخُسُوْفَ آيَتَيْنِ مِنْ آيَاتِهِ لِيُخَوِّفَ بِهِمَا عِبَادَهُ. أَشْهَدُ أَنْ لَا إِلٰهَ إِلَّا اللّٰهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ، وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ، اَللّٰهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى اٰلِهِ وَاَصْحَابِهِ اَجْمَعِيْنَ. أَمَّا بَعْدُ، فَيَا عِبَادَ اللهِ، أُوْصِيْكُمْ وَإِيَّايَ بِتَقْوَى اللهِ، فَقَدْ فَازَ الْمُتَّقُوْنَ.
قَالَ اللهُ تَعَالَى فِي الْقُرْآنِ الْكَرِيمِ: وَمِنْ آيَاتِهِ اللَّيْلُ وَالنَّهَارُ وَالشَّمْسُ وَالْقَمَرُ ۖ لَا تَسْجُدُوا لِلشَّمْسِ وَلَا لِلْقَمَرِ وَاسْجُدُوا لِلَّهِ الَّذِي خَلَقَهُنَّ إِن كُنتُمْ إِيَّاهُ تَعْبُدُونَ
معاشرالحاضرين رحمكم الله
Alhamdulillahi rabbil ‘alamin. Puji syukur kito aturaken dhumateng Alloh SWT ingkang sampun paring nikmat iman lan Islam. Sholawat lan salam mugi tansah kaparingaken dhumateng Nabi Muhammad SAW, keluarga, poro sohabat, lan umatipun ingkang istiqomah dumugi akhir zaman.
Langkung rumiyin, monggo kito tansah ningkataken raos takwa dhumateng Alloh kanthi nindakaken sedoyo perintah-Ipun lan nilaraken sedoyo awisan-Ipun.
معاشرالحاضرين رحمكم الله
Wonten ing dalu ingkang penuh kemulyaan meniko, kitho kumpul wonten ing griyanipun Alloh kanthi kawontenan ingkang istimewa sanget. Kitho siang nindakaken siyam Romadhon, nanging ing dalu meniko kitho ugi saged mirsani peristiwa langit ingkang nggumunaken, inggih meniko gerhana bulan utawi khusuful qamar.
Naliko rembulan ingkang biasanipun madhangi bumi kanthi cahaya ingkang éndah ing tengahipun wulan Romadhon meniko malih dadi peteng sakedhap, meniko sanes namung peristiwa alam biyasa. Meniko minongko tondho saking Agungipun Dzat Ingkang Nyipto jagad raya, kados dhawuhipun Alloh wonten ing Al-Qur’an:
وَمِنْ آيَاتِهِ اللَّيْلُ وَالنَّهَارُ وَالشَّمْسُ وَالْقَمَرُ ۖ لَا تَسْجُدُوا لِلشَّمْسِ وَلَا لِلْقَمَرِ وَاسْجُدُوا لِلَّهِ الَّذِي خَلَقَهُنَّ إِن كُنتُمْ إِيَّاهُ تَعْبُدُونَ
“Saktemene sebagiyan soko tondho-tondho kuwasane Alloh iku anane rino lan wengi, sarto srengenge lan rembulan. Ojo siro sujud marang srengenge utowo rembulan, nanging sujudho marang Alloh kang wis nyipta ake kabeh mau, yen siro pancen mung nyembah marang Panjenengane”.
Petengipun rembulan wonten ing wulan Romadhon meniko nggambaraken kados pundi dunyo meniko fana utawi mboten langgeng. Cahaya ingkang kitho anggep kiyat kemawon saged ical sakedhap bilih Alloh ngersakaken, semanten ugi gesangipun manungso ingkang saged telas wekdalipun kapan kemawon. Milo, wonten ing tengahipun Romadhon meniko, gerhana dhateng kagem paring “pepeling” supados manah kitho mboten dawah wonten ing pepeteng duso lan kemaksiatan.
Rasululloh SAW nate paring piweling bilih gerhana meniko mboten wonten gayutipun kaliyan pejahipun tiyang utawi lairipun tiyang agung, nanging meniko peristiwa kagem pepeling hambanipun supados éling dhumateng siksaning Alloh. Rasulullah SAW dhawuh:
إِنَّ الشَّمْسَ وَالْقَمَرَ آيَتَانِ مِنْ آيَاتِ اللَّهِ، لَا يَخْسِفَانِ لِمَوْتِ أَحَدٍ وَلَا لِحَيَاتِهِ، فَإِذَا رَأَيْتُمْ ذَلِكَ فَادْعُوا اللَّهَ وَكَبِّرُوا وَصَلُّوا وَتَصَدَّقُوا
“Saktemene srengenge lan rembulan iku tondho-tondho kuwasane Alloh. Loro-lorone ora bakal gerhana mergo anane wong mati utawa wong lair. Mula, yen siro kabeh weruh peristiwa mau, enggal ndungo marang Alloh, moco takbir, nindakno sholat, lan Awèho sedekah”.
Gerhana ing wulan Romadhon meniko dadi pengiyat kagem kitho nindakaken tobat nasuha. Naliko alam semesta tundhuk lan “sujud” dhumateng aturanipun Alloh, menapa kitho manungso ingkang kebak duso taksih badhe gumunggung utawi sombong.
Mundhut hikmah saking langit ing dalu meniko, bilih cahaya rembulan saged bali padhang sak sampunipun gerhana, manah kitho ugi saged bali resik sak sampunipun tobat lan istighfar wonten ing wulan ingkang kebak ampunan meniko. Meniko wekdal kagem rumaos alit wonten ing ngarsanipun Alloh. Wonten ing wulan Romadhon ingkang mulyo, peristiwa gerhana meniko dados panggilan kagem kitho supados madosi “cahaya” ingkang hakiki, inggih meniko ridha Alloh SWT.
Rasululloh SAW piyambak ngrumaosi ajrih naliko mirsani gerhana, lajeng nindakaken sholat ingkang dangu lan kebak donga. Meniko dados tuladha bilih gerhana sanes tontonan, nanging tuntunan kagem nambahi istighfar.
معاشرالحاضرين رحمكم الله
Monggo kitho ginaaken sisa wekdal gerhana lan sisa dinten Romadhon meniko kagem ngresi’I manah saking noda-noda duso. Menopo gunanipun cahaya rembulan bilih manah kitho taksih peteng amargi drengki lan maksiat. Dadosaken momentum langit meniko minongko jembatan tobat, amargi pintu ampunan Alloh tansah dipun bikak lebar wonten ing wulan siyam meniko. Monggo kitho tambah donga, nambah istighfar, lan nambah sedekah, supados iman kitho tetep padhang sanadyan dunyao saged dadi peteng.
Minongko penutup, Monggo kitho mantebaken manah kitho. Gerhana bulan ing wulan Romadhon meniko anugerah kesempatan kagem muhasabah. Sampun ngantos kitho namung ningali gerhana minangka tontonan alam, nanging dadosaken tuntunan kagem ngresi’i jiwa sarto nambahi raos takwa. Mumpung taksih wonten ing wulan ampunan, Monggo kitho pungkasi kanthi donga dhumateng Alloh SWT kanthi khusyuk.
بَارَكَ اللهُ لِيْ وَلَكُمْ فِي الْقُرْآنِ الْعَظِيْمِ، وَنَفَعَنِيْ وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ اْلآيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ، وَتَقَبَلَّ اللهُ مِنِّيْ وَمِنْكُمْ تِلاَوَتَهُ، إِنَّهُ هُوَ السَّمِيْعُ الْعَلِيْمُ، اَعُوْذُ بِاللهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيْمِ. وَسَارِعُوا إِلَى مَغْفِرَةٍ مِنْ رَبِّكُمْ وَجَنَّةٍ عَرْضُهَا السَّمَاوَاتُ وَالْأَرْضُ أُعِدَّتْ لِلْمُتَّقِينَ, وَاَقُوْلُ قَوْلِى هَذَا وَاسْتَغْفِرُ لِى وَلَكُمْ وَلِوَالِدَيَّ وَلِسَائِرِ اْلمُسْلِمِيْنَ وَاْلمُسْلِمَاتِ فَاسْتَغْفِرْهُ اِنَّهُ هُوَاْلغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ
KHUTBAH KEDUA
اَلْحَمْدُ لِلّٰهِ حَمْدًا كَثِيْرًا كَمَا اَمَرَ. أَشْهَدُ أَنْ لَا إِلَهَ إِلَّا اللهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيكَ لَهُ، اَلرَّؤُوفُ بِالْعِبَادِ. وَأَشْهَدُ أَنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ، نَبِيُّ الرَّحْمَةِ وَخَيْرُ الْأَنَامِ. اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ أَجْمَعِيْنَ. اَمَّا بَعْدُ، فَيَا عِبَادَ ﷲ، اتَّقُوا اللّٰهَ حَقَّ تُقٰتِهِ وَلَا تَمُوْتُنَّ اِلَّا وَاَنْتُمْ مُّسْلِمُوْنَ. وَاتَّقُوْا النَّارَ وَلَوْ بِشِقِّ تَمْرٍ إِنَّ اللهَ أَمَرَكُمْ بِأَمْرٍ بَدَأَ فِيْهِ بِنَفْسِهِ وَثَنَّى بِمَلَائِكَتِهِ الْمُسَبِّحَةِ بِقُدْسِهِ، وَأَيُّهَا الْمُؤْمِنُوْنَ مِنْ جِنِّهِ وَإِنْسِهِ، فَقَالَ قَوْلًا كَرِيْمًا: اِنَّ اللّٰهَ وَمَلٰئِكَتَهُ يُصَلُّونَ عَلَى النَّبِىِّ، يٰۤـاَيُّهَا الَّذِينَ اٰمَنُوا صَلُّوا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيمًا اَللّٰهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُؤْمِنِيْنَ وَاْلمُؤْمِنَاتِ وَاْلمُسْلِمِيْنَ وَاْلمُسْلِمَاتِ، اَلْأَحْياءِ مِنْهُمْ وَاْلاَمْوَاتِ. اَللَّهُمَّ أَصْلِحْنَا وَأَصْلِحْ أَحْوَالَنَا، وَأَصْلِحْ مَنْ فِي صَلَاحِهِمْ صَلَاحُنَا وَصَلَاحُ الْمُسْلِمِيْنَ، وَأْهْلِكْ مَنْ فِي هَلَاكِهِمْ صَلاحُنَا وَصَلَاحُ الْمُسْلِمِيْنَ، اَللّٰهُمَّ وَحِّدْ صُفُوْفَ الْمُسْلِمِيْنَ، وَارْزُقْنَا وَإِيَّاهُمْ زِيَادَةَ التَّقْوَى وَالْإِيْمَانِ، اَللّٰهُمَّ ادْفَعْ عَنَّا اْلبَلاَءَ وَاْلوَبَاءَ وَالزَّلاَزِلَ وَاْلمِحَنَ وَسُوْءَ اْلفِتَنِ مَا ظَهَرَ مِنْهَا وَمَا بَطَنَ عَنْ بَلَدِنَا إِنْدُونِيْسِيَّا خآصَّةً وَسَائِرِ بُلْدَانِ اْلمُسْلِمِيْنَ عامَّةً يَا رَبَّ اْلعَالَمِيْنَ، اَللّٰهُمَّ أَرِنَا الْحَقَّ حَقًّا وَارْزُقْنَا اتِّبَاعَهُ وَأَرِنَا الْبَاطِلَ بَاطِلًا وَارْزُقْنَا اجْتِنَابَهُ. رَبَّنَا آتِناَ فِى الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِى اْلآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ. وَاَلْحَمْدُ لِلّٰهِ رَبِّ الْعٰلَمِيْنَ عٍبَادَ اللهِ، إِنَّ اللهَ يَأْمُرُ بِاْلعَدْلِ وَاْلإِحْسَانِ وَإِيْتاءِ ذِي اْلقُرْبىَ وَيَنْهَى عَنِ اْلفَحْشاءِ وَاْلمُنْكَرِ وَاْلبَغْيِ يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ، وَاذْكُرُوا اللهَ اْلعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ، وَاشْكُرُوْهُ عَلىَ نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ، وَلَذِكْرُ اللهِ أَكْبَر














