Khutbah Jumat Bahasa Jawa:“Nisfu Sya’ban lan noto ati Mapag Ramadhan”

Ditulis oleh: M. Nuhin (Ketua LDNU Peterongan)

KHUTBAH PERTAMA

أَلْحَمْدُ لِلَّهِ الَّذِي جَعَلَ شَهْرَ شَعْبَانَ مَيْدَانًا لِتَطْهِيرِ الْقُلُوبِ، وَسُلَّمًا لِلْوُصُولِ إِلَى شَهْرِ رَمَضَانَ. أَشْهَدُ أَنْ لَا إِلَهَ إِلَّا اللهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيكَ لَهُ، اَلْمَلِكُ الْعَلَّامُ. وَأَشْهَدُ أَنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ، خَيْرُ مَنْ صَامَ وَقَامَ

اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ أَجْمَعِيْنَ أَمَّا بَعْدُ، فَيَا عِبَادَ اللهِ، أُوْصِيْكُمْ وَإِيَّايَ بِتَقْوَى اللهِ، فَقَدْ فَازَ الْمُتَّقُونَ. قَالَ اللهُ تَعَالَى فِي الْقُرْآنِ الْكَرِيمِ: يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ وَلْتَنظُرْ نَفْسٌ مَّا قَدَّمَتْ لِغَدٍ ۖ وَاتَّقُوا اللَّهَ ۚ إِنَّ اللَّهَ عَلِيمٌ بِمَا تَعْمَلُونَ

معاشرالحاضرين رحمكم الله 

Alhamdulillahi rabbil ‘alamin. Puji syukur kito aturaken dhumateng Alloh SWT ingkang sampun paring nikmat iman lan Islam. Sholawat lan salam mugi tansah kaparingaken dhumateng Nabi Muhammad SAW, keluarga, para sohabat, lan umatipun ingkang istiqomah dumugi akhir zaman.

Langkung rumiyin, monggo kito tansah ningkataken raos takwa dhumateng Alloh kanthi nindakaken sedoyo perintah-Ipun lan nilaraken sedoyo awisan-Ipun. Sakmeniko, kito sampun wonten ing wulan Sya’ban, wulan ingkang dadi “lawang” utama sadurunge kito lumebet ing wulan suci Ramadhan.

معاشرالحاضرين رحمكم الله 

Sakmeniko kita sampun mlebet ing pertengahan wulan Sya’ban. Wonten satunggaling momentum agung ingkang sering dipun sebat Nisfu Sya’ban. Meniko wekdal “pemanasan” pungkasan saderengipun kita mlebet gelanggang Ramadhan.

Wonten ing malem Nisfu Sya’ban, Alloh SWT mirsani sedoyo hamba-Nipun kanthi kebak pangapuro (maghfirah). Nanging, wonten kalih golongan ingkang mboten dipun paringi pangapuro. Kanjeng Nabi Muhammad SAW dhawuh:

يَطَّلِعُ اللهُ إِلَى جَمِيعِ خَلْقِهِ لَيْلَةَ النِّصْفِ مِنْ شَعْبَانَ، فَيَغْفِرُ لِجَمِيعِ خَلْقِهِ إِلَّا لِمُشْرِكٍ أَوْ مُشَاحِنٍ

“Alloh mirsani dhumateng sedoyo makhluke ing malem Nisfu Sya’ban, lajeng Alloh paring pangapura dhumateng sedoyo makhluke, kejobo wong loro: (1) Wong Musyrik, lan (2) Wong kang Musyahin (wong kang nyimpen dhendham/musuhan).”

Saking hadits meniko, kito kedah njagi Aqidah kito. Sampun ngantos iman kito kecampuran kaliyan syirik. Ing jaman modern meniko, syirik mboten namung nyembah brahala, nanging saged rupo raos gumantung dhumateng dunyo, jabatan, utawi jimat-jimat ingkang ndadosaken kito supe dhumateng kuwasanipun Alloh. Mapag Ramadhan meniko kedah kanthi manah ingkang tauhidipun murni, namung amargi Alloh semata.

Baca Juga  Khutbah Jumat : Sabar saking Ujian lan Musibah

معاشرالحاضرين رحمكم الله 

Sanesipun syirik, penghalang pangapuro saking Alloh inggih meniko sifat “Mushahin”. Mushahin meniko tiyang ingkang nggadhahi raos sengit, benci, utawi dendam dhumateng sedherekipun.

Meniko dalil ingkang cetho bilih Akhlak meniko nggadhahi posisi ingkang wigati sanget. Menawi kito sregep shalat, sregep dzikir, nanging kaliyan tangga mboten rukun, kaliyan sedherek taksih “padu” utawi mboten sopo aruh , mongko amal ibadah kito saged ketahan.

Monggo ngati-ati. Senajan sholate panjenengan rajin, posone panjenengan kenceng, sedekahe akeh, nangin yen ing njero ati panjenengan isih ono roso “mangkel” lan dhendham marang wong Islam liyane, panjenengan dipun ancam mboten angsal ampunan ing wulan Sya’ban niki.

Alloh SWT paring dhawuh wonten Surat Al-Hujurat ayat 10:

إِنَّمَا الْمُؤْمِنُونَ إِخْوَةٌ فَأَصْلِحُوا بَيْنَ أَخَوَيْكُمْ ۚ وَاتَّقُوا اللَّهَ لَعَلَّكُمْ تُرْحَمُونَ

“Sakjane wong-wong iman iku kabeh dulur. Mangkane, ayo padha rukunno (damaikan) yen ana dulurmu sing lagi tukaran, lan pada wediya marang Gusti Alloh, cekne (supaya) awakmu kabeh entuk rahmat.”

Pramilo, monggo mapag Ramadhan kanthi Resik Aqidah inggal tobat saking syirik lan maksiat. Ugho resik Ati, cepet njaluk sepura lan paring pangapura marang sesami.

Wulan Sya’ban meniko dipun ibarataken wekdal kagem reresik “wadah”. Ramadhan meniko “madu” utawi rahmat ingkang badhe dipun sok (dituangkan). Menawi wadah kito (ati kito) taksih reged amargi aqidah ingkang boten jejeg lan akhlak ingkang awon, mangka rahmat Ramadhan mboten badhe saged lumebet kanthi sampurna

معاشرالحاضرين رحمكم الله 

Akhiripun Mugi Alloh SWT paring kekiyatan dhumateng kito sedoyo, saged nglampahi wulan Sya’ban kanthi muhasabah, resikipun ati, lan tambahipun kepedulian sosial. Mugi kito dipun temo aken Romadhon kanthi iman ingkang langkung dewasa lan akhlak ingkang langkung sae.

بَارَكَ اللهُ لِيْ وَلَكُمْ فِي الْقُرْآنِ الْعَظِيْمِ، وَنَفَعَنِيْ وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ اْلآيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ، وَتَقَبَلَّ اللهُ مِنِّيْ وَمِنْكُمْ تِلاَوَتَهُ، إِنَّهُ هُوَ السَّمِيْعُ الْعَلِيْمُ، اَعُوْذُ بِاللهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيْمِ. وَسَارِعُوا إِلَى مَغْفِرَةٍ مِنْ رَبِّكُمْ وَجَنَّةٍ عَرْضُهَا السَّمَاوَاتُ وَالْأَرْضُ أُعِدَّتْ لِلْمُتَّقِينَ, وَاَقُوْلُ قَوْلِى هَذَا وَاسْتَغْفِرُ لِى وَلَكُمْ وَلِوَالِدَيَّ وَلِسَائِرِ اْلمُسْلِمِيْنَ وَاْلمُسْلِمَاتِ فَاسْتَغْفِرْهُ اِنَّهُ هُوَاْلغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ

Baca Juga  Khutbah Jumat: Momentum Meneladani Alquran

KHUTBAH KEDUA

اَلْحَمْدُ لِلَّهِ الَّذِي بَلَّغَنَا شَهْرَ شَعْبَانَ، وَجَعَلَهُ مَوْسِمًا لِلتَّأَهُّبِ لِرَمَضَانَ. أَشْهَدُ أَنْ لَا إِلَهَ إِلَّا اللهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيكَ لَهُ، اَلرَّؤُوفُ بِالْعِبَادِ. وَأَشْهَدُ أَنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ، نَبِيُّ الرَّحْمَةِ وَخَيْرُ الْأَنَامِ. اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ أَجْمَعِيْنَ

اَمَّا بَعْدُ، فَيَا عِبَادَ ﷲ، اتَّقُوا اللّٰهَ حَقَّ تُقٰتِهِ وَلَا تَمُوْتُنَّ اِلَّا وَاَنْتُمْ مُّسْلِمُوْنَ. وَاتَّقُوْا النَّارَ وَلَوْ بِشِقِّ تَمْرٍ   إِنَّ اللهَ أَمَرَكُمْ بِأَمْرٍ بَدَأَ فِيْهِ بِنَفْسِهِ وَثَنَّى بِمَلَائِكَتِهِ الْمُسَبِّحَةِ بِقُدْسِهِ، وَأَيُّهَا الْمُؤْمِنُوْنَ مِنْ جِنِّهِ وَإِنْسِهِ، فَقَالَ قَوْلًا كَرِيْمًا: اِنَّ اللّٰهَ وَمَلٰئِكَتَهُ يُصَلُّونَ عَلَى النَّبِىِّ، يٰۤـاَيُّهَا الَّذِينَ اٰمَنُوا صَلُّوا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيمًا

اَللّٰهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُؤْمِنِيْنَ وَاْلمُؤْمِنَاتِ وَاْلمُسْلِمِيْنَ وَاْلمُسْلِمَاتِ، اَلْأَحْياءِ مِنْهُمْ وَاْلاَمْوَاتِ. اَللَّهُمَّ أَصْلِحْنَا وَأَصْلِحْ أَحْوَالَنَا، وَأَصْلِحْ مَنْ فِي صَلَاحِهِمْ صَلَاحُنَا وَصَلَاحُ الْمُسْلِمِيْنَ، وَأْهْلِكْ مَنْ فِي هَلَاكِهِمْ صَلاحُنَا وَصَلَاحُ الْمُسْلِمِيْنَ، اَللّٰهُمَّ وَحِّدْ صُفُوْفَ الْمُسْلِمِيْنَ، وَارْزُقْنَا وَإِيَّاهُمْ زِيَادَةَ التَّقْوَى وَالْإِيْمَانِ

اَللّٰهُمَّ ادْفَعْ عَنَّا اْلبَلاَءَ وَاْلوَبَاءَ وَالزَّلاَزِلَ وَاْلمِحَنَ وَسُوْءَ اْلفِتَنِ مَا ظَهَرَ مِنْهَا وَمَا بَطَنَ عَنْ بَلَدِنَا إِنْدُونِيْسِيَّا خآصَّةً وَسَائِرِ بُلْدَانِ اْلمُسْلِمِيْنَ عامَّةً يَا رَبَّ اْلعَالَمِيْنَ، اَللّٰهُمَّ أَرِنَا الْحَقَّ حَقًّا وَارْزُقْنَا اتِّبَاعَهُ وَأَرِنَا الْبَاطِلَ بَاطِلًا وَارْزُقْنَا اجْتِنَابَهُ. رَبَّنَا آتِناَ فِى الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِى اْلآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ. وَاَلْحَمْدُ لِلّٰهِ رَبِّ الْعٰلَمِيْنَ

عٍبَادَ اللهِ، إِنَّ اللهَ يَأْمُرُ بِاْلعَدْلِ وَاْلإِحْسَانِ وَإِيْتاءِ ذِي اْلقُرْبىَ وَيَنْهَى عَنِ اْلفَحْشاءِ وَاْلمُنْكَرِ وَاْلبَغْيِ يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ، وَاذْكُرُوا اللهَ اْلعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ، وَاشْكُرُوْهُ عَلىَ نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ، وَلَذِكْرُ اللهِ أَكْبَرُ

Tinggalkan Balasan

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *