Khutbah Jumat Bahasa Jawa: “Sholat Minangka Mi’raj-e Wong Mukmin”

Ditulis oleh: M. Nuhin (Ketua LDNU Peterongan)

KHUTBAH PERTAMA

اَلْحَمْدُ لِلَّهِ الَّذِي أَسْرَى بِعَبْدِهِ لَيْلاً مِنَ الْمَسْجِدِ الْحَرَامِ إِلَى الْمَسْجِدِ الْأَقْصَى. أَشْهَدُ أَنْ لَا إِلَهَ إِلَّا اللهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيكَ لَهُ، اَلْمَلِكُ الْحَقُّ الْمُبِينُ. وَأَشْهَدُ أَنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ، صَاحِبُ الْقَابِ قَوْسَيْنِ أَوْ أَدْنَى. اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ أَجْمَعِيْنَ

أَمَّا بَعْدُ، فَيَا عِبَادَ اللهِ، أُوْصِيْكُمْ وَإِيَّايَ بِتَقْوَى اللهِ، فَقَدْ فَازَ الْمُتَّقُونَ. قَالَ اللهُ تَعَالَى فِي الْقُرْآنِ الْكَرِيمِ “سُبْحَانَ الَّذِي أَسْرَىٰ بِعَبْدِهِ لَيْلًا مِّنَ الْمَسْجِدِ الْحَرَامِ إِلَى الْمَسْجِدِ الْأَقْصَى الَّذِي بَارَكْنَا حَوْلَهُ لِنُرِيَهُ مِنْ آيَاتِنَا ۚ إِنَّهُ هُوَ السَّمِيعُ الْبَصِيرُ”

معاشرالحاضرين رحمكم الله 

Langkung rumiyin, monggo kito tansah ngaturaken raos syukur dhumateng Alloh SWT. Awit saking rahmat-Ipun, kito saged nampi rawuhipun wulan Rajab kanthi kawontenan sehat lan iman. Wulan Rajab Meniko momentum kagem kito nindakaken pemanasan spiritual sakderenge lumebet wulan Ramadhan.

Shalawat lan salam mugi tansah ngalir dhumateng junjungan kito Nabi Muhammad SAW, nabi ingkang sampurna akhlake, kang dadi rahmat kanggo alam semesta.

Ing dinten ingkang mulya punika sumangga  sami ningkataken taqwa kita dhumateng Alloh Subhanahu wa Ta’ala kanthi nindakaken dhawuhipun saha nebihi sedaya laranganipun. Mugo-mugo Alloh tansah nuntun kita ing dalan kang lurus.

معاشرالحاضرين رحمكم الله

Wonten ing wulan Rajab Meniko, kito sedoyo dipun emutaken dhumateng setunggal peristiwa ageng ingkang mboten saged dipun nalar namung ngginakaken akal manungso, inggih Meniko Isra’ Mi’raj. Peristiwa Meniko mboten namung cariyos sejarah biyasa, nanging Meniko mujudaken mukjizat ageng ingkang paring piwulang kagem kito sedoyo.

Kanjeng Nabi Muhammad SAW dipun lampahaken dening Alloh saking Masjidil Haram dhumateng Masjidil Aqsa, lajeng dipun minggahaken dhumateng Sidratul Muntaha namung wonten ing dalu ingkang saklerapan.

Peristiwa Meniko kedadosan Naliko Kanjeng Nabi nembe nandhang sungkowo  amargi tilar donyanipun garwa ingkang dipun tresnani, Siti Khadijah, lan pamanipun, Abu Thalib. Alloh badhe ngetingalaken bilih sanajan dunya Meniko nembe paring pacoban ingkang abott, nanging kekuasaan Alloh Meniko mboten wonten batesipun.

Alloh SWT ngendiko ing Al-Qur’an Surat Al-Isra’ ayat 1: 

سُبْحَانَ الَّذِيْ اَسْرٰى بِعَبْدِه لَيْلًا مِّنَ الْمَسْجِدِ الْحَرَامِ اِلَى الْمَسْجِدِ الْاَقْصَا الَّذِيْ بٰرَكْنَا حَوْلَه لِنُرِيَه مِنْ اٰيٰتِنَاۗ اِنَّه هُوَ السَّمِيْعُ الْبَصِيْرُ 

“Maha Suci Alloh, sing wis nglampahaken abdine (Muhammad) ing wengi saking Masjidil Haram menyang Masjidil Aqsa nan sekitare wis padha kulo berkahi, supaya kulo tunjukna marang dheweke tandha-tandha kekuwasaan kulo. Sesungguhne, panjenengan iku Maha Midanget, Maha Mirsani.”

Baca Juga  Khutbah Jumat Bahasa Jawa “Istiqomah: Teguh  Iman Nalika Godaan Donya Nambah Kuat”

Puncak saking Mi’raj Meniko inggih Meniko perintah Sholat gangsal wektu. Wonten mriki para ulama tasawuf paring panjelasan ingkang mendalam sanget:

  “اَلصَّلَاةُ مِعْرَاجُ الْمُؤْمِنِ”

Sholat iku minangka Mi’raj-e wong mukmin.

معاشرالحاضرين رحمكم الله

Wonten ing peristiwa Isra’ Mi’raj, Kanjeng Nabi sowan dhumateng Alloh kanthi raga lan ruh. Dene kagem kito, Sholat Meniko sarana ruhani kagem “sowan” dhumateng Gusti Alloh tanpa wonten pembatas. Wonten tigo  manifestasi ingkang saged kito raosaken wonten ing jaman modern Meniko:

1. Sholat minangka “Tombol Mandheg” saking Rame-ramenipun Dunya

Naliko Kanjeng Nabi Mi’raj, Panjenenganipun nilaraken bumi kagem sowan dhumateng Sidratul Muntaha. Semanten ugi kito, Naliko ngangkat asta lan ngucap Allohu Akbar, sejatosipun kito nembe mbuwang dunya wonten ing wingking.

Ing jaman modern ingkang kebak gangguan saking media sosial lan kesibukan nyambut damel, Sholat Meniko dados sarana kagem kito minggah, sowan dhumateng Alloh. Sholat Meniko tombol mandheg saking rame-ramenipun dunya supados ati kito tetep tenang lan koneksi kito kaliyan Alloh tetep nyambung.

2. Sholat minangka Dialog Eksklusif (Munajat)

Wonten ing Mi’raj, Kanjeng Nabi ngendiko langsung dhumateng Alloh. Kito ugi mekaten. Naliko kito maos Al-Fatihah, kito nembe dialog kaliyan Gusti Alloh. Kanjeng Nabi dhawuh:

إِنَّ أَحَدَكُمْ إِذَا قَامَ فِي صَلَاتِهِ فَإِنَّهُ يُنَاجِي رَبَّهُ

Satemene salah siji saka siro kabeh Naliko ngadeg nindakake Sholat, sejatine dheweke lagi guneman/munajat karo Pangerane. (HR. Bukhari)

Tiyang modern sering “curhat” wonten media sosial ingkang Sering mboten paring solusi. Sholat Meniko papan “curhat” ingkang paling eksklusif dhumateng Dzat Ingkang Moho Welas lan Asih

3. Thuma’ninah minangka “Spiritual Oxygen”

Mi’raj Meniko puncakipun katentreman. Sholat ugi mekaten, kedah dipun lampahi kanthi Thuma’ninah (tenang lan manteb).

Tiyang modern Sering gampil stress amargi gesangipun cepet sanget. Sholat ingkang Mi’raj Meniko Sholat ingkang mboten kemrungsung. Sholat Meniko dados wekdal kagem narik nafas ruhani supados manah kito tetep adhem sanajan kahanan dunya nembe panas.

Akhiripun, Monggo kito dadekaken shalat kito saestu dados “Mi’raj”, panggonan kito nggayuh drajat ruhani ingkang luhur, papan kito nyuwun pitedah, lan papan kito mundhut kekiyatan saking Alloh SWT kagem ngadhepi tantangan jaman modern.

Baca Juga  Khutbah Bahasa Jawa “Doa Wong Tuwa lan Anak: Tali Barokah Kang Ora Biso Putus”

بَارَكَ اللهُ لِيْ وَلَكُمْ فِي الْقُرْآنِ الْعَظِيْمِ، وَنَفَعَنِيْ وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ اْلآيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ، وَتَقَبَلَّ اللهُ مِنِّيْ وَمِنْكُمْ تِلاَوَتَهُ، إِنَّهُ هُوَ السَّمِيْعُ الْعَلِيْمُ، اَعُوْذُ بِاللهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيْمِ. لَقَدْ كَانَ لَكُمْ فِي رَسُولِ اللَّهِ أُسْوَةٌ حَسَنَةٌ لِمَنْ كَانَ يَرْجُو اللَّهَ وَالْيَوْمَ الْآخِرَ وَذَكَرَ اللَّهَ كَثِيرًا, وَاَقُوْلُ قَوْلِى هَذَا وَاسْتَغْفِرُ لِى وَلَكُمْ وَلِوَالِدَيَّ وَلِسَائِرِ اْلمُسْلِمِيْنَ وَاْلمُسْلِمَاتِ فَاسْتَغْفِرْهُ اِنَّهُ هُوَاْلغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ

KHUTBAH KEDUA

الْحَمْدُ لِلَّهِ حَمْدًا كَثِيرًا طَيِّبًا مُبَارَكًا فِيهِ كَمَا يُحِبُّ رَبُّنَا وَيَرْضَاهُ ، اَشْهَدُ اَنْ لَا اِلٰهَ اِلَّا اللّٰهُ وَحْدَهُ لَاشَرِيْكَ لَهُ اِرْغَامًا لِمَنْ جَحَدَ بِهِ وَ كَفَرَ، وَاَشْهَدُ اَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَ رَسُوْلُهُ سَيِّدُ الْخَلَاِئِقِ وَالْبَشَرِ. اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَ عَلَى اَلِهِ وَ اَصْحَابِهِ وَسَلِّمْ تَسْلِيْمًا كَثِيْراً. اَمَّا بَعْدُ

فَيَا عِبَادَ ﷲ، اتَّقُوا اللّٰهَ حَقَّ تُقٰتِهِ وَلَا تَمُوْتُنَّ اِلَّا وَاَنْتُمْ مُّسْلِمُوْنَ. وَاتَّقُوْا النَّارَ وَلَوْ بِشِقِّ تَمْرٍ   إِنَّ اللهَ أَمَرَكُمْ بِأَمْرٍ بَدَأَ فِيْهِ بِنَفْسِهِ وَثَنَّى بِمَلَائِكَتِهِ الْمُسَبِّحَةِ بِقُدْسِهِ، وَأَيُّهَا الْمُؤْمِنُوْنَ مِنْ جِنِّهِ وَإِنْسِهِ، فَقَالَ قَوْلًا كَرِيْمًا: اِنَّ اللّٰهَ وَمَلٰئِكَتَهُ يُصَلُّونَ عَلَى النَّبِىِّ، يٰۤـاَيُّهَا الَّذِينَ اٰمَنُوا صَلُّوا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيمًا

اَللّٰهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُؤْمِنِيْنَ وَاْلمُؤْمِنَاتِ وَاْلمُسْلِمِيْنَ وَاْلمُسْلِمَاتِ، اَلْأَحْياءِ مِنْهُمْ وَاْلاَمْوَاتِ. اَللَّهُمَّ أَصْلِحْنَا وَأَصْلِحْ أَحْوَالَنَا، وَأَصْلِحْ مَنْ فِي صَلَاحِهِمْ صَلَاحُنَا وَصَلَاحُ الْمُسْلِمِيْنَ، وَأْهْلِكْ مَنْ فِي هَلَاكِهِمْ صَلاحُنَا وَصَلَاحُ الْمُسْلِمِيْنَ، اَللّٰهُمَّ وَحِّدْ صُفُوْفَ الْمُسْلِمِيْنَ، وَارْزُقْنَا وَإِيَّاهُمْ زِيَادَةَ التَّقْوَى وَالْإِيْمَانِ

اَللّٰهُمَّ ادْفَعْ عَنَّا اْلبَلاَءَ وَاْلوَبَاءَ وَالزَّلاَزِلَ وَاْلمِحَنَ وَسُوْءَ اْلفِتَنِ مَا ظَهَرَ مِنْهَا وَمَا بَطَنَ عَنْ بَلَدِنَا إِنْدُونِيْسِيَّا خآصَّةً وَسَائِرِ بُلْدَانِ اْلمُسْلِمِيْنَ عامَّةً يَا رَبَّ اْلعَالَمِيْنَ، اَللّٰهُمَّ أَرِنَا الْحَقَّ حَقًّا وَارْزُقْنَا اتِّبَاعَهُ وَأَرِنَا الْبَاطِلَ بَاطِلًا وَارْزُقْنَا اجْتِنَابَهُ. رَبَّنَا آتِناَ فِى الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِى اْلآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ. وَاَلْحَمْدُ لِلّٰهِ رَبِّ الْعٰلَمِيْنَ

عٍبَادَ اللهِ، إِنَّ اللهَ يَأْمُرُ بِاْلعَدْلِ وَاْلإِحْسَانِ وَإِيْتاءِ ذِي اْلقُرْبىَ وَيَنْهَى عَنِ اْلفَحْشاءِ وَاْلمُنْكَرِ وَاْلبَغْيِ يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ، وَاذْكُرُوا اللهَ اْلعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ، وَاشْكُرُوْهُ عَلىَ نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ، وَلَذِكْرُ اللهِ أَكْبَرُ

.

Tinggalkan Balasan

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *