Khutbah Jum’at Bahasa Jawa: Pentinge Pendidikan Agama Minangka Pondasi Moral

Ditulis oleh: M. Nuhin (ketua LDNU Peterongan)

KHUTBAH PERTAMA

الحمدُ للهِ الَّذِي هَدَانَا لِلْإِسْلَامِ وَجَعَلَنَا مِنْ أُمَّةِ سَيِّدِ الْأَنَامِ، وَالصَّلَاةُ وَالسَّلَامُ عَلَى أَشْرَفِ اْلأَنْبِيَاءِ وَالْمُرْسَلِيْنَ، نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ صَلَّى اللهُ عَلَيْهِ وَسَلَّمَ وَعَلَى اٰلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَالتَّابِعِيْنَ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلىَ يَوْمِ الدِّيْنِ، أَشْهَدُ أَنْ لَا إِلٰهَ إِلَّا الله وَحْدَهُ لَاشَرِيْكَ لَهُ الْمَلِكُ الْحَقُّ اْلمُبِيْن. وَأَشْهَدُ أَنَّ سَيِّدَنَا مُحَـمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ صادِقُ الْوَعْدِ اْلأَمِيْن. أَمَّا بَعْدُ، فَيَا أَيُّهَا الْحَاضِرُوْنَ اِتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوْتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ. فَقَالَ اللهُ تَعَالَى : يَرْفَعِ اللهُ الَّذِينَ آمَنُوا مِنْكُمْ وَالَّذِينَ أُوتُوا الْعِلْمَ دَرَجَاتٍ   اَمَّا بَعْدُ

Mangga kita sami nambah rasa syukur dhumateng Alloh Subhānahu wa Ta‘ālā, ingkang sampun maringi nikmat iman, Islam, lan kesehatan, nganti kita bisa bebarengan nglakoni shalat Jum’at ing dina ingkang penuh barokah iki. 

Mugi shalawat lan salam tansah kita aturaken marang junjungan kita Nabi Muhammad, keluarga lan para sahabatipun.

Wonten ing kesempatan ingkang mulya punika, khotib mujudaken wasiat dhumateng dhiri pribadi lan dhumateng para rawuh sedaya supados tansah taqwa dhateng Alloh SWT. 

Sumangga kita nindakaken sedaya dhawuhipun lan nebihi sedaya laranganipun wonten ing saben aspek gesang kita. Mugamuga Alloh tansah nuntun kita ing dalan kang lurus.

معاشرالحاضرين رحمكم الله 

Tanggal 22 Oktober tansah dipèngeti minangka Hari Santri Nasional. Dina iki dudu mung kanggo wong ingkang ngaji nang pondok, nanging kanggo kabeh umat Islam, kanggo ngelingaké yèn perjuangan santri iku perjuangan nguripaké agama lan akhlaq.

Santri iku simbol saka wong ingkang sinau ngelmu agama kanthi ikhlas, disiplin, lan tanggung jawab. Wong ingkang ora mung ngudi kawruh, nanging uga ngresiki ati lan nguwataké iman. 

Saben ajaran ingkang ditampa ora mung kanggo nguwataké pikiran, nanging kanggo mbentuk watak lan laku saben dina.

Alloh Subhānahu wa Ta‘ālā ngendika ing AlQur’an:

يَرْفَعِ اللهُ الَّذِينَ آمَنُوا مِنْكُمْ وَالَّذِينَ أُوتُوا الْعِلْمَ دَرَجَاتٍ

“Alloh bakal ngangkat derajat wongwong ingkang iman lan ingkang diwènèhi ilmu.”

Ing jaman modern iki, akeh wong ingkang pinter nanging ora kabeh nduwé akhlaq. Akeh ingkang bisa mikir cetha nanging ora bisa mikir bener. 

Iki tandha yèn pendidikan ora cukup yen mung ngurusi otak, nanging kudu ngelatih ati. Ing kéné perané pendidikan agama dadi wigati. Pendidikan agama iku pondasi, dhasar moral ingkang njaga supaya ilmu ora dadi alat rusake masyarakat.

Baca Juga  Khutbah Jumat Bahaya Hasad dan Obatnya: Menjaga Hati Dari Penyakit

Nabi Muhammad naté ngendika:

مَنْ يُرِدِ اللهُ بِهِ خَيْرًا يُفَقِّهْهُ فِي الدِّينِ

“Sapa ingkang dikepengini becik déning Alloh, bakal diparingi pangerten bab agama.” (HR. Bukhari Muslim)

Tegesé, wong ingkang sinau agama iku sejatiné diparingi karunia luar biasa. Sebab saka kono dheweke ngerti ngendi ingkang halal lan haram, ngendi ingkang manfaat lan madharat, ngendi ingkang kudu ditindakake lan ingkang kudu ditinggal.

Santri lan pesantren wis suwé dadi benteng moral bangsa iki. Nalika penjajah mlebu, para santri ingkang maju. Nalika nilainilai agama digoyang, para santri ingkang ngadeg njaga. 

Nanging saiki, tugasé luwih abot, ora mung nglawan penjajah saka njaba, nanging nglawan hawa nafsu lan godaan saka njero: godaan harta, gengsi, lan pamer ilmu tanpa amal.

معاشرالحاضرين رحمكم الله 

Pendidikan agama kudu tetep dadi pondasi saben rumah tangga. Wong tuwa kudu dadi guru pisanan ingkang ngajari anaké shalat, ngajari sopan santun, ngajari cara ngomong ingkang alus lan mikir sadurunge tumindak. 

Sekolah umum uga kudu tetep nyawiji karo nilai moral. Ilmu teknologi lan ekonomi ora ana gunané yen ora ana arah akhlaq.

Kita kudu éling, yen maju tanpa iman iku kaya omah tanpa pondasi, katon gedhé nanging gampang rubuh. Bangsa ingkang cilik nanging nduwé iman, bakal tetep tegak amarga dijiwai akhlaq ingkang kukuh.

Alloh Ta‘ālā ngendika maneh:

قَدْ أَفْلَحَ مَنْ زَكَّاهَا

“bejo temenan wong ingkang bisa nyucèkaké jiwane.”

Iki teguran langsung kanggo umat, supaya ora mung ngresiki sandhangan, nanging uga ngresiki ati. Wong ingkang sinau agama kanthi ikhlas, kaya santri sejati, bakal tansah eling marang Pangerané lan ora gampang disesataké hawa nafsu.

Mulane, ayo jamaah kabeh padha ngluhuraké pendidikan agama, ora mung kanggo bocah pondok, nanging uga kanggo kita kabeh. 

Manggas kita dadi santri sajati ing makna sejatine: wong ingkang tansah sinau, nundhung hawa nafsu, lan ngugemi nilai luhur Islam.

Mugimugi kita kalebu wong ingkang istiqamah ing iman lan amal, tansah dijaga Alloh supaya tetep sederhana, jujur, lan andhap asor. 

Mugamuga Alloh maringi berkah marang para guru, para kiai, lan para santri ingkang wis nguripaké obor ilmu nganti saiki.

Baca Juga  Khutbah Idul Fitri Bahasa Jawa: Kemenangan Sejati Umat Islam

بَارَكَ اللهُ لِيْ وَلَكُمْ فِي الْقُرْآنِ الْعَظِيْمِ، وَنَفَعَنِيْ وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ اْلآيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ، وَتَقَبَلَّ اللهُ مِنِّيْ وَمِنْكُمْ تِلاَوَتَهُ، إِنَّهُ هُوَ السَّمِيْعُ الْعَلِيْمُ، اَعُوْذُ بِاللهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيْمِالرَّجِيْم ِيَاأَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا قُوا أَنفُسَكُمْ وَأَهْلِيكُمْ نَاراً وَقُودُهَا النَّاسُ وَالْحِجَارَةُ عَلَيْهَا مَلَائِكَةٌ غِلَاظٌ شِدَادٌ لَا يَعْصُونَ اللَّهَ مَا أَمَرَهُمْ وَيَفْعَلُونَ مَا يُؤْمَرُونَ, وَاَقُوْلُ قَوْلِى هَذَا وَاسْتَغْفِرُ لِى وَلَكُمْ وَلِوَالِدَيَّ وَلِسَائِرِ اْلمُسْلِمِيْنَ وَاْلمُسْلِمَاتِ فَاسْتَغْفِرْهُ اِنَّهُ هُوَاْلغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ

KHUTBAH KEDUA

الْحَمْدُ لِلَّهِ حَمْدًا كَثِيرًا طَيِّبًا مُبَارَكًا فِيهِ كَمَا يُحِبُّ رَبُّنَا وَيَرْضَاهُ ، اَشْهَدُ اَنْ لَا اِلٰهَ اِلَّا اللّٰهُ وَحْدَهُ لَاشَرِيْكَ لَهُ اِرْغَامًا لِمَنْ جَحَدَ بِهِ وَ كَفَرَ، وَاَشْهَدُ اَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَ رَسُوْلُهُ سَيِّدُ الْخَلَاِئِقِ وَالْبَشَرِ. اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَ عَلَى اَلِهِ وَ اَصْحَابِهِ وَسَلِّمْ تَسْلِيْمًا كَثِيْراً. اَمَّا بَعْدُ

فَيَا عِبَادَ ﷲ، اتَّقُوا اللّٰهَ حَقَّ تُقٰتِهِ وَلَا تَمُوْتُنَّ اِلَّا وَاَنْتُمْ مُّسْلِمُوْنَ. وَاتَّقُوْا النَّارَ وَلَوْ بِشِقِّ تَمْرٍ   إِنَّ اللهَ أَمَرَكُمْ بِأَمْرٍ بَدَأَ فِيْهِ بِنَفْسِهِ وَثَنَّى بِمَلَائِكَتِهِ الْمُسَبِّحَةِ بِقُدْسِهِ، وَأَيُّهَا الْمُؤْمِنُوْنَ مِنْ جِنِّهِ وَإِنْسِهِ، فَقَالَ قَوْلًا كَرِيْمًا: اِنَّ اللّٰهَ وَمَلٰئِكَتَهُ يُصَلُّونَ عَلَى النَّبِىِّ، يٰۤـاَيُّهَا الَّذِينَ اٰمَنُوا صَلُّوا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيمًا

اَللّٰهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُؤْمِنِيْنَ وَاْلمُؤْمِنَاتِ وَاْلمُسْلِمِيْنَ وَاْلمُسْلِمَاتِ، اَلْأَحْياءِ مِنْهُمْ وَاْلاَمْوَاتِ. اَللَّهُمَّ أَصْلِحْنَا وَأَصْلِحْ أَحْوَالَنَا، وَأَصْلِحْ مَنْ فِي صَلَاحِهِمْ صَلَاحُنَا وَصَلَاحُ الْمُسْلِمِيْنَ، وَأْهْلِكْ مَنْ فِي هَلَاكِهِمْ صَلاحُنَا وَصَلَاحُ الْمُسْلِمِيْنَ، اَللّٰهُمَّ وَحِّدْ صُفُوْفَ الْمُسْلِمِيْنَ، وَارْزُقْنَا وَإِيَّاهُمْ زِيَادَةَ التَّقْوَى وَالْإِيْمَانِ، اَللّٰهُمَّ ادْفَعْ عَنَّا اْلبَلاَءَ وَاْلوَبَاءَ وَالزَّلاَزِلَ وَاْلمِحَنَ وَسُوْءَ اْلفِتَنِ مَا ظَهَرَ مِنْهَا وَمَا بَطَنَ عَنْ بَلَدِنَا إِنْدُونِيْسِيَّا خآصَّةً وَسَائِرِ بُلْدَانِ اْلمُسْلِمِيْنَ عامَّةً يَا رَبَّ اْلعَالَمِيْنَ، اَللّٰهُمَّ أَرِنَا الْحَقَّ حَقًّا وَارْزُقْنَا اتِّبَاعَهُ وَأَرِنَا الْبَاطِلَ بَاطِلًا وَارْزُقْنَا اجْتِنَابَهُ. رَبَّنَا آتِناَ فِى الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِى اْلآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ. وَاَلْحَمْدُ لِلّٰهِ رَبِّ الْعٰلَمِيْنَ

عٍبَادَ اللهِ، إِنَّ اللهَ يَأْمُرُ بِاْلعَدْلِ وَاْلإِحْسَانِ وَإِيْتاءِ ذِي اْلقُرْبىَ وَيَنْهَى عَنِ اْلفَحْشاءِ وَاْلمُنْكَرِ وَاْلبَغْيِ يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ، وَاذْكُرُوا اللهَ اْلعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ، وَاشْكُرُوْهُ عَلىَ نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ، وَلَذِكْرُ اللهِ أَكْبَرُ

Penulis: Kang NuhinEditor: Moes

Tinggalkan Balasan

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *