Khutbah Jumat Bahasa Jawa: “Barokah Wulan Rajab lan Muhasabah Pergantian taun”

Ditulis oleh: M. Nuhin (Ketua LDNU Peterongan)

KHUTBAH PERTAMA

اَلْحَمْدُ لِلَّهِ الَّذِي جَعَلَ الزَّمَانَ مَوَاقِيتَ لِلْأَعْمَالِ، وَفَضَّلَ بَعْضَ الشُّهُورِ عَلَى بَعْضٍ بِالْبَرَكَاتِ وَالْأَفْضَالِ. أَشْهَدُ أَنْ لَا إِلَهَ إِلَّا اللهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيكَ لَهُ، اَلْكَرِيمُ الْمُتَعَالِ. وَأَشْهَدُ أَنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ، صَاحِبُ الشَّفَاعَةِ وَالْجَلَالِ. اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدِّينِ.

أَمَّا بَعْدُ، فَيَا عِبَادَ اللّٰهِ، اتَّقُوا اللّٰهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَاسْتَمْسِكُوا بِعُرْوَةِ الْإِيْمَانِ. قَالَ اللَّهُ تَعَالَى يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ

معاشرالحاضرين رحمكم الله 

Langkung rumiyin, monggo kito sami-sami ngaturaken raos syukur ingkang sak ageng-agengipun dhumateng Gusti Alloh. Awit saking kersanipun Alloh, kito saged pinanggih malih wonten ing dinten Jum’at ingkang kebak barokah menika, nggawa raga ingkang sehat lan manah ingkang iman.

Sholawat sarto salam mugi tansah katur dhumateng Baginda Nabi Muhammad SAW. Mugi-mugi, kito sedoyo kalebet umatipun ingkang pikantuk syafaat mbesuk wonten ing dinten kiamat.

Ing dinten ingkang mulya punika monggo kito toto manah lan jiwa kito, ningkataken taqwa kito dhumateng Alloh Subhanahu wa Ta’ala kanthi nindakaken dhawuhipun soho nebihi sedoyo laranganipun. Mugo mugo Alloh tansah nuntun kita ing dalan kang lurus. 

معاشرالحاضرين رحمكم الله 

Mboten keroso, kito sakmeniko sampun melbet wonten ing Wulan Rajab, salah satunggaling wulan ingkang dipun mulyaken dening Alloh (Asyhurul Hurum). Wulan Rajab menika mboten namung tanggalan biyasa, nanging meniko tandha bilih tamu ageng ingkang asmanipun Wulan Ramadhan sampun mboten dangu malih badhe rawuh.

Para ulama nate paring tamsil (ibarat) ingkang sae sanget:

Wulan Rajab menika wulanipun nandur bibit. Wulan Sya’ban menika wulanipun nyirami tanduran. Dene Wulan Ramadhan menika wulanipun panen asilipun.

Pramilo, menawi kito pengin panen kabecikan lan kekhusyukan wonten ing Ramadhan mbesuk, monggo kito wiwiti saking sakmeniko wonten ing wulan Rajab, kanthi nambahi amal ibadah, nambahi istighfar, lan nyudo pakulinan maksiat.

Kanjeng Nabi Muhammad SAW asring maos doa naliko melbet wulan Rajab:

اَللَّهُمَّ بَارِكْ لَنَا فِي رَجَبَ وَشَعْبَانَ وَبَلِّغْنَا رَمَضَانَ

Tegesipun: “Dhuh Alloh, mugi Panjenengan paring barokah dhumateng kulo sedoyo wonten ing wulan Rajab lan Sya’ban, lan mugi Panjenengan sampekaken umur kulo sedoyo wonten ing wulan Ramadhan.”

Jama’ah Jum’at ingkang dipun rahmati Alloh,

Sanesipun wulan Rajab, kito ugi nembe kemawon nampani rawuhipun pergantian Taun. Saklebete ganti taun meniko nggadhahi makna bilih jatah umur kito wonten ing dunya sampun suda setaun malih. kedah kito dadosaken momentum kangge Muhasabah (koreksi diri). Alloh SWT paring pepeling dhumateng kito supados tansah waspada dhumateng bekal mbesuk:

Baca Juga  Khutbah Jum'at: Ilmu Adalah Amanah yang Harus Senantiasa Dijaga

يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ وَلْتَنظُرْ نَفْسٌ مَّا قَدَّمَتْ لِغَدٍ ۖ وَاتَّقُوا اللَّهَ ۚ إِنَّ اللَّهَ عَلِيمٌ بِمَا تَعْمَلُونَ

Tegesipun: “He wong-wong kang iman, padha wediya marang Alloh (takwa) lan prayogane saben wong nggatekake apa sing wis ditindakake (dikirim) kanggo dina sesuk (akhirat)…” (QS. Al-Hasyr: 18)

Kanjeng Nabi ugi paring pepeling bilih katah manungso ingkang “kecelik” utawi rugi amargi mboten saged ngginakaken wektu kanthi sae:

نِعْمَتَانِ مَغْبُونٌ فِيهِمَا كَثِيرٌ مِنَ النَّاسِ: الصِّحَّةُ وَالْفَرَاغُ

Tegesipun: “Ana rong nikmat sing asring gawe manungsa rugi (ketipu), yaiku nikmat kesehatan lan nikmat wektu lodhang (luang).”

Wektu meniko kados dene modal dagangan. Saben dinten, modal kito suda amargi umur kito tambah cendhak. Pitakenipun: Punapa taun ingkang sampun liwat menika kito isi kanthi prestasi akhirat, punapa namung kito isi kanthi hura-hura dunya?

Pergantian taun lan wulan Rajab meniko, kito dadosaken pintu gerbang kangge ngerubah nasib spiritual. Menawi taun wingi kito taksih aras-arasen (malas) shalat jama’ah, monggo taun meniko kito dandani. Menawi taun wingi kito taksih gampil ngrasani  tonggo, monggo sakmeniko lisan kito dipun dandani kanthi dzikir lan tembung-tembung ingkang adhem.

معاشرالحاضرين رحمكم الله 

Ingkang kito padosi wonten ing Rajab lan Pergantian Taun  inggih meniko Barokah. Barokah meniko mboten ateges barangipun tambah katha, nanging “Ziyadatul Khair” tambahing kabecikan: Bondo dunyo sithik nanging cukup lan nggawe ati tentrem, niku barokah; Umur tambah nanging awak tetep digawe ibadah, niku barokah; Kulawarga rukun lan putro-putrine manut, niku ugi barokah.

Monggo kito dadosaken Wulan Rajab meniko minongko sarana kangge “charger” iman kito. Monggo kito isi kanthi poso sunnah, shalat tahajud, lan utamanipun nyambung paseduluran ,silaturahmi. Amargi mboten wonten gunane ibadah mempeng nanging atine taksih nggadhahi raos benci dhumateng sedherek sanesipun.

Akhiripun, kulo ngajak panjenengan sedoyo: Monggo kito mantepaken niat. Taun enggal menikao kedah mbeto semangat enggal. Semangat kangge dadi manungso ingkang luwih manfaatat kagem liyan.

Monggo sareng sareng eling, bilih Alloh mboten mirsani kados pundi apike pakaian kito, nanging Alloh mirsani kados pundi beninge ati lan kados pundi apike amal kito. Wulan Rajab sampun teko, Ramadhan sampun nunggu. Monggo kito siap-siap saking sakmeniko.

Baca Juga  Khutbah Jumat Bahasa Jawa: Ngilangi Iri lan Hasud Kanthi Syukur

بَارَكَ اللهُ لِيْ وَلَكُمْ فِي الْقُرْآنِ الْعَظِيْمِ، وَنَفَعَنِيْ وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ اْلآيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ، وَتَقَبَلَّ اللهُ مِنِّيْ وَمِنْكُمْ تِلاَوَتَهُ، إِنَّهُ هُوَ السَّمِيْعُ الْعَلِيْمُ، اَعُوْذُ بِاللهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيْمِالرَّجِيْم ِيَاأَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا قُوا أَنفُسَكُمْ وَأَهْلِيكُمْ نَاراً وَقُودُهَا النَّاسُ وَالْحِجَارَةُ عَلَيْهَا مَلَائِكَةٌ غِلَاظٌ شِدَادٌ لَا يَعْصُونَ اللَّهَ مَا أَمَرَهُمْ وَيَفْعَلُونَ مَا يُؤْمَرُونَ, وَاَقُوْلُ قَوْلِى هَذَا وَاسْتَغْفِرُ لِى وَلَكُمْ وَلِوَالِدَيَّ وَلِسَائِرِ اْلمُسْلِمِيْنَ وَاْلمُسْلِمَاتِ فَاسْتَغْفِرْهُ اِنَّهُ هُوَاْلغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ

KHUTBAH KEDUA

الحمدُ للهِ الَّذِي أَمَرَ بِالْبِرِّ بِالْوَالِدَيْنِ وَجَعَلَهُ سَبَبًا لِلرِّضْوَانِ، اَشْهَدُ اَنْ لَا اِلٰهَ اِلَّا اللّٰهُ وَحْدَهُ لَاشَرِيْكَ لَهُ اِرْغَامًا لِمَنْ جَحَدَ بِهِ وَ كَفَرَ، وَاَشْهَدُ اَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَ رَسُوْلُهُ سَيِّدُ الْخَلَاِئِقِ وَالْبَشَرِ. اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَ عَلَى اَلِهِ وَ اَصْحَابِهِ وَسَلِّمْ تَسْلِيْمًا كَثِيْراً. اَمَّا بَعْدُ، فَيَا عِبَادَ ﷲ، اتَّقُوا اللّٰهَ حَقَّ تُقٰتِهِ وَلَا تَمُوْتُنَّ اِلَّا وَاَنْتُمْ مُّسْلِمُوْنَ. وَاتَّقُوْا النَّارَ وَلَوْ بِشِقِّ تَمْرٍ   إِنَّ اللهَ أَمَرَكُمْ بِأَمْرٍ بَدَأَ فِيْهِ بِنَفْسِهِ وَثَنَّى بِمَلَائِكَتِهِ الْمُسَبِّحَةِ بِقُدْسِهِ، وَأَيُّهَا الْمُؤْمِنُوْنَ مِنْ جِنِّهِ وَإِنْسِهِ، فَقَالَ قَوْلًا كَرِيْمًا: اِنَّ اللّٰهَ وَمَلٰئِكَتَهُ يُصَلُّونَ عَلَى النَّبِىِّ، يٰۤـاَيُّهَا الَّذِينَ اٰمَنُوا صَلُّوا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيمًا

اَللّٰهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُؤْمِنِيْنَ وَاْلمُؤْمِنَاتِ وَاْلمُسْلِمِيْنَ وَاْلمُسْلِمَاتِ، اَلْأَحْياءِ مِنْهُمْ وَاْلاَمْوَاتِ. اَللَّهُمَّ أَصْلِحْنَا وَأَصْلِحْ أَحْوَالَنَا، وَأَصْلِحْ مَنْ فِي صَلَاحِهِمْ صَلَاحُنَا وَصَلَاحُ الْمُسْلِمِيْنَ، وَأْهْلِكْ مَنْ فِي هَلَاكِهِمْ صَلاحُنَا وَصَلَاحُ الْمُسْلِمِيْنَ، اَللّٰهُمَّ وَحِّدْ صُفُوْفَ الْمُسْلِمِيْنَ، وَارْزُقْنَا وَإِيَّاهُمْ زِيَادَةَ التَّقْوَى وَالْإِيْمَانِ، اَللّٰهُمَّ ادْفَعْ عَنَّا اْلبَلاَءَ وَاْلوَبَاءَ وَالزَّلاَزِلَ وَاْلمِحَنَ وَسُوْءَ اْلفِتَنِ مَا ظَهَرَ مِنْهَا وَمَا بَطَنَ عَنْ بَلَدِنَا إِنْدُونِيْسِيَّا خآصَّةً وَسَائِرِ بُلْدَانِ اْلمُسْلِمِيْنَ عامَّةً يَا رَبَّ اْلعَالَمِيْنَ، اَللّٰهُمَّ أَرِنَا الْحَقَّ حَقًّا وَارْزُقْنَا اتِّبَاعَهُ وَأَرِنَا الْبَاطِلَ بَاطِلًا وَارْزُقْنَا اجْتِنَابَهُ. رَبَّنَا آتِناَ فِى الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِى اْلآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ. وَاَلْحَمْدُ لِلّٰهِ رَبِّ الْعٰلَمِيْنَ

عٍبَادَ اللهِ، إِنَّ اللهَ يَأْمُرُ بِاْلعَدْلِ وَاْلإِحْسَانِ وَإِيْتاءِ ذِي اْلقُرْبىَ وَيَنْهَى عَنِ اْلفَحْشاءِ وَاْلمُنْكَرِ وَاْلبَغْيِ يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ، وَاذْكُرُوا اللهَ اْلعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ، وَاشْكُرُوْهُ عَلىَ نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ، وَلَذِكْرُ اللهِ أَكْبَرُ

.

Tinggalkan Balasan

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *